Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Materi Crita Narasi Kelas 7

Crita Narasi

Apa sing dimaksud narasi?
Narasi yakuwe sawijine wujud panjabaring paragraf nang sawijine karangan utawa karya tulis sing njlentrehna babagan rerangkining  (rangkaian) prastawa kanthi runtut/urut wiwit sekang awal, tengah, nganti tekan akhir.
Dene miturut Gorys Keraf, cerita narasi wacan/crita sing mbudidaya nyritakna prastawa nganti sing maca kaya-kaya weruh dhewek utawa ngrasakna dhewek prastawa sing dicritakna. Cerita narasi biyasane nyritakna urip sing tansah dinamis kanthi nggatekaken urutaning wektu.

Tengere utawa tandhane crita narasi
Sawijining crita bisa disebut crita narasi yen nduweni tandha-tandha utawa tenger kayadene :
1. Mentingaken unsur tindakan,
2. Dirangkai (disusun) kanthi nggatekna urutan wektu sing kronologis,
3. Disusun kanggo mangsuli pitakonan “apa sing dumadi?”
4. Neng sajerone crita narasi mesthi ana konflik.

Unsur-unsur Crita Narasi
Neng crita narasi mesthi bae ana unsur, kayata:
1. Tokoh, yakuwe paraga sing ana nang sajeroning crita,
2. Latar, yakuwe katerangan ngenani papan, wektu, lan swasanane crita,
3. Alur utawa urutan prastawa, yakuwe urutane prastawa sing disusun kanthi urutan wektu sing kronologis.

Struktur Crita Narasi
Umume crita narasi nduweni struktur kayata:
1. Pengenalan, yakuwe perangan kanggo ngenalna paraga, papan, wektu, swasana, lan liya-liyane.
2. Wiwitan konflik, yakuwe perangan kang nuduhaken lamona paraga wiwit ana masalah utawa konflik.
3. Klimaks, yakuwe perangan sing nudhuhaken lamona masalah sing dialami dening paragane lagi nedheng-nedhenge (puncake) lan uga mujudaken intine crita.
4. Anti klimaks, yakuwe perangan sing nyritakna paraga wiwit nemu dalan/solusi kanggo masalah sing dialami. Anti klimaks nudhuhaken lamona crita wis meh rampung.

Jenis Paragraf  Narasi
1. Narasi Informatif
Nasasi informatif yakuwe jenise crita narasi sing isine nyritakaken prastawa secara informatif lan cetha/jelas saengga sing maca bisa bener-bener paham lan ngerti apa sing dicritakna nang wacan.
Tujuwane paragraf narasi informatif yakuwe kanggo nambahi seserepan (pengetahuan) wong sing maca supaya lewih ngerti urutan prastawa sing sebenere.

2. Narasi Ekspositoris
Narasi ekspositoris yakuwe jenising crita narasi sing aweh informasi ngenani sawijining kedadeyan adedasar data sanyatane. Wacan narasi ekspositoris biyasane nyritakna salah sijining paraga kanthi gamblang. Paraga dicritakna kawit cilik tekan saiki utawa tekan seda.

3. Narasi Artistik
Narasi artistik yakuwe jenising crita narasi kang isine nyritakna sawijine crita sing sipate imajinatif (khayal) nganggo basa sing figuratif (kiasan). Paragraf narasi artistik umume tinemu ing karangan novel, cerita rakyat, cerita cekak (cerkak), lan sejenise.

4. Narasi Sugestif
Narasi sugestif yakuwe crita narasi sing duwe tujuan utawa maksud supaya wong sing maca percaya lan yakin marang prastawa sing dicritakna.



Posting Komentar untuk "Materi Crita Narasi Kelas 7"