Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Materi Kelas 8 Legendha Mula Bukane Dhukuh Cibuek

Pertemuan 2!

Mula Bukane Dhukuh Cibuek teng Dhusun Majatengah 



             Saben dhusun nggadhahi cariyos legendha ingkang dipitados dening masyarakat ingkang  manggen teng ngriku. Kalebet ugi dhusun Majatengah ingkang wonten teng kecamatan Kemangkon Purbalingga.
             Teng dhusun Majatengah wonten cariyos ngengingi mula bukane Cibuek. Midherek Braling.com, jaman krihin Cibuek niku wujude tegalan sabin, nanging seniki Cibuek sampun dados padhukuhan.
            Masyarakat teng dhusun Majatengah teksih nganggep menawi dhukuh Cibuek niku papan ingkang wingit utawi “tanah keramat”. Papan tegalan niku wiwit jaman riyin sampun dados tanah perdikan utawi tanah ingkang boten dipajegi.
            Cariyos mula bukane Cibuek niku kawiwitan saking  jaman kadhipaten Wirasaba teksih wonten. Teng sisih wetan dhusun Majatengah gesang setinggaling keluwarga alit nggih niku Kyai Gedhe Buara lan garwane. Kyai Gedhe Buara lan garwane niku saben dinten nyambut damele dados among tani.
            Tegalan ingkang digarap dening Kyai Gedhe Buara lan garwane dados siti ingkang loh utawi subur, saengga kasil penene kathah sanget, cekap kangge nyekapi kabetahane keluwarga. Teng griyane Kyai Gedhe Buara ugi mangge setunggaling nem-neman.
            Sejatose nem-neman niku Raden Jaka Ketuhu. Panjenengane nyamar dados tukang ngemis. Amargi rumaos melas, pramila nem-neman niku didhawuhi ken manggen teng daleme Kyai Gedhe Buara.
            Raden Jaka Ketuhu niku putra pambayune utawi mbarepe Raden Baribin saking Majapahit ingkang dados raja teng Pajajaran. Raden Baribin ndhawuhi Jaka Ketuhu supados ngumbara teng arah ngetan lan ngabektos dhumateng tiyang ingkang mbiyantu dhateng  kiyambeke.
            Teng tlatah Kadhipaten Wirasaba, Raden Jaka Ketuhu nyambut damel teng tegalan, mbiyantu nanem maneka warni tetaneman ingkang saged ngasilaken, kalebet karang kitri.
            Nanging saben wangsul saking tegalan tumuju dhateng griya, Raden Jaka Ketuhu boten purun mlampah sesarengan kalih Kyai Gedhe Buara. Kiyambeke mesthi kantun teng wingking. Kyai Gedhe Buara dangu-dangu rumaos aneh kalih solah bawane Raden Jaka Ketuhu.
            Setunggaling sonten, Kyai Gedhe Buara nyobi nylidhiki. Teng tegalan panjenengane priksa geni ingkang mulad-mulad. Kyai gedhe Buara boten nyana, cempulek Raden Jaka Ketuhu ijig-ijig mlumpat mlebet dhateng selebete geni ingkang mulad-mulad niku.


               Kyai Gedhe Buara dados ajrih lan kuwatos. Nanging boten let dangu raos ajrih lan kuwatose Kyai Gedhe Buara sirna malih dados raos gumun. Niku jalaran ijig-ijig Raden Jaka Ketuhu medal saking selebete geni kanthi rupi ingkang langkung sumunar.
              Amargi saking kedadosan niku, tegalan ingkang digarap dening Kyai Gedhe Buara dikenal kanthi sebatan Cibuek. Wiyare tegalan niku antawis setengah hektaran lan teng nginggile thikil 25 (selangkung) dhapuran bambu saking maneka warni jinis bambu.
(sumber: http://dolanpurbalingga.com/2017/10/21/cerita-rakyat-mengenai-asal-mula-cibuek-di-majatengah/, 23/1/2018:14.13)

Negesi tembung:
1. Dipitados : dipercaya
2. Manggen : manggon
3. Krihin : dhisit, gemiyen
4. Tegalan : kebonan
5. Kawiwitan : dimolahi
6. Among tani : wong sing nyambut gawene tani, petani
7. Siti : lemah
8. Pambayune : mbarepe, anak pertamane
9. Asma : jeneng, aran, wasta
10. Kantun : keri, ketinggalan
11. Ajrih : wedi
12. Wiyar : amba
13. Dhapuran : grombolan pring utawa tebu
14. Sebatan : sebutan, undangan

GLADHEN!

Pitakon-pitakon neng ngisor kiye wangsulana nganggo basa Krama !

1. Napa irah-irahane waosan teng nginggil niku?

2. Sinten mawon paraga ingkang wonten teng cariyos nginggil niku ?

3. Napa pedamelane Kyai  Gedhe Buara lan garwane?

4. Kepripun criyose ngantos teng daleme Kyai Gedhe Buara wonten nem-neman ingkang       
        manggen teng ngriku ?

5. Kenging napa Kyai Gedhe Buara nylidhiki Raden Jaka Ketuhu?

6. Kepripun kasile anggene Kyai Gedhe Buara nylidhiki Raden Jaka Ketuhu?

7. Pinten wiyare pategalan Cibuek?

8. Papan tegalan niku wiwit jaman riyin sampun dados tanah perdikan. Tanah perdikan niku tanah          ingkang kepripun?

9. Kenging napa Kyai Gedhe Buara rumaos ajrih lan kuwatos?

10. Napa pitutur luhur sing wontenteng legendha asal-usul dhukuh Cibuek teng dhusun Majatengah?


Posting Komentar untuk "Materi Kelas 8 Legendha Mula Bukane Dhukuh Cibuek"