Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Wayang






WAYANG

Wayang dumadi sekang wod “ yang/ hyang “ kang olih ater-ater wa-. Tegese roh kang bisa gawe beja cilakane manungsa. Wayang kuwe wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane menungsa. Wayang mujudake pangejawantahan pribadhi manungsa. Wayang kuwe pagelaran nganggo golek sing umume katon endah neng wewayangan lan dilakokaken dening dhalang kanthi iringan gamelan. Golek kasebut bisa sing wujude rong dhimensi utawa wujude telung dhimensi. Umume, sing wujude rong dhimensi degawe sekang kulit (walulang) sing biyasane kulit sapi utawa wedhus. Dene sing wujude telung dhimensi, lumrahe digawe sekang kayu sing direnggani panganggo sekang kain sing manekawarna adhedhasar karakter wayang kasebut. Ana sawatara panggonan, uga ana sig gawe wayang sekang suket, lan kardhus, nanging jinis wayang kiye wis arang ditemoni.
Miturut owah gingsire jaman, wayang wis tinatah lan sinungging kanthi nggunakake media digital kanthi piranti empuk pangolah crita. Wayang sing tinatah lan sinungging kanthi media digital diarani e-wayang.
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa.

ANOMAN DUTA

Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana. Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta nanging katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur menehi sayaembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika ditakoni sapira suwene wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga dheweke sangguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong.

Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune.

Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing redi lan semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nulungi si Anoman lan punakawan, diwenehi panganan lan ngombe. Anoman ora bae waras saka larane nanging uga kepranan marang dewi kasebut. Sawise krasa cukup suka pari suka karo Dewi Sayempraba, Anoman pamit budhal nerusake laku menyang Ngalengka. Metu saka gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal menyang Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani punakawan mbacutake lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda Sempati iku kadange Garuda Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika nulungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nulungi Anoman lan punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise ditambani Garuda Sempati. Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang Garuda Sempati lan pamit nerusake laku.

Ing tengahing laku Anoman nglewati dalan kang alus banget kaya babut utawa karpet nanging jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal maneh neng jero weteng nanging saiki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku Wajane. Sawise kasil metu saka jero wetenge Wil Kataksa, Anoman miber menyeng Ngalengka. Indrajid, putane Prabu Dasamuka kang mangerteni tekane Anoman nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajid amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha. Dewi Trijatha kang mangerteni bab kasebut kaget ana kethek putih banjur kesengsem.

Posting Komentar untuk "Wayang "