Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Negesi Tembang Gambuh KELAS 8

Negesi Tembang Gambuh









Isine Sekar Gambuh


Pada sepisan sekar Gambuh isine niku paring pitedhah menawi sekar Gambuh niku pupuh sing kaping sekawan, sing deandharna nggih niku solah bawa utawi tindak tanduk kang keliwat wates utawi keblabasen, nggih niku pakarti ingkang mboten purun nampi pitutur utawi pitedhah kautaman. Ingkang bakale ndadosaken rekaos utawi cilaka, umpami saya dangu saya keblabasen tumindake, bakal boten saged dekendhaleni, semangsa-mangsa ketanggor kalih prekawis ingkang awrat, bakal manggih kapitunan, lan ndadosaken kebiasaan ingkang awon (ala).

Pada kaping kalih  sekar Gambuh isine  niku paring piwucal menawi solah bawa utawi tindak tanduk ingkang mboten sae utawi mboten jujur ampun keblabasen  utawi ampun dibanjur-banjuraken, sebab menawi debanjuraken saged damel cilaka lan mboten sae. Ingkang sae niku supados kita sedaya ngupaya utawi usaha mados pitutur lan pitudhuh ingkang sejatos.

Pada kaping tiga sekar Gambuh isine niku paring piwucal menawi pitutur utawi pangandikan ingkang leres niku, sajatosipun pantes ditiru/dipundhut kangge wewarah ing pagesangan, sinaosa pitutur utawi pangandikan niku dengendikaken saking tiyang ingkang drajate asor/endhep, nanging menawi anggene paring pitutur niku sae lan leres, kita sedaya kedah mendhet piwulang menika kangge dicakaken wonten ing pagesangan saben dinten.

Pada kaping sekawan sekar Gambuh isine niku paring piwucal menawi tiyang gesang niku ampun ngantos nggadhahi tigang  watek ingkang ingkang mboten sae, nggih niku watek adigang, adigung, lan adiguna. Adigang niku tegese ngendelaken kekuatan/kuwasa, adigung niku tegese ngendelaken keluhuran, dene adiguna niku ngendelaken kepinteran. Langkung sae menawi nggadhahi lan ngugemi watek ingkang sabar, tliti lan ngati-ati. Kejawi saking tigang watek sae niku kita ugi kedah tansah mawas dhiri saking sedaya tindak tanduk  kita. Ugi kedah saged  mangertosi solah tingkah tiyang sanes.



GLADHEN

 Wangsulana pitakon-pitakon ngisor kiye nganggo basa krama!
1. Sapa sing nganggit tembang gambuh kasebut lan apa kalenggahane ?
Wangsulan :..................................................................................................................... 
2. Apa tegese tembung wulangreh ?
Wangsulan :.................................................................................................................... 
3. Isi Serat Wulangreh kaperang dadi 13 pupuh, coba sebutna!
Wangsulan:.......................................................................................................................
4. Sebutna paugeran tembang macapat, banjur jelasna!
Wangsulan :..................................................................................................................... 
5. Tulisna paugeran tembang Gambuh!
Wangsulan:.......................................................................................................................
6. Apa wateke tembang Gambuh?
Wangsulan:.......................................................................................................................
7. Apa sasmitane tembang Gambuh?
Wangsulan:.......................................................................................................................
8. Tembang Gambuh kuwe kanggo nggambarna apa?
Wangsulan:.......................................................................................................................
9. Apa kang diarani parafrase?
Wangsulan:.......................................................................................................................
10. Tulisna carane gawe parafrase / gancaran tembang !
Wangsulan:....................................................................................................................... 

Posting Komentar untuk "Negesi Tembang Gambuh KELAS 8"