Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

SERAT WULANGREH KELAS 9

  SERAT WULANGREH





Serat Wulangreh utawa Wulang Reh  minangka karya sastra jawa awujud  tembang macapat, anggitane  Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Raja Surakarta,  sing  miyos  dina Kemis Wage jam 10 wengi, tanggal 18 Rabiul akhir, wuku Witugunung, windu Sengara tahun Je 1694, utawa tanggal 2 September 1768. Naskah Wulangreh saiki sinimpen ing  Museum Radya Pustaka  ing Surakarta

Tembung  Wulangreh saka tembung wulang lan reh. Wulang nduweni teges  pitutur  utawa piwulang. Dene tembung  Reh saka basa  Jawa Kuna sing ateges dalan,paugeran lan laku carane nggayuh  tuntutan. Wulangreh bisa ditegesi piwulang kanggo nggayuh samubarang. Samubarang  kang dimaksud yakuwi laku tumuju  kasampurnaning urip.

Panganggit Serat Wulangreh, Pakubuwana IV, iku putra Sinuhun Pakubuwana II, mijil saka garwa prameswari Kanjeng Ratu Kencana minangka putra kakung nomer 17. Nalika timure jejuluk Raden Mas Gusti Subadiyo, ngancik diwasa gumanti Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunegara Sudibyarajaputra Nendra Mataram. Panjenengane winisuda dadi raja ing dina Senen Paing, tanggal 28 besar tahun Jimakir 1714, utawa tanggal 18 September 1788 misuwur kanthi asma Sinuwun Bagus.


Dhandhanggula 

Tembang dandhanggula kuwe kadhapuk sekang tembung “dandang” lan “ gula “ sing artine kuwe barang kang manis. Panggambarane tembang Dhandhanggula kuwe ngenani urip pasangan anyar sing lagi seneng-senenge sebab nembe bae bisa ngrengkuh apa sing dadi gegayuhane. Merga swasana sing digambarna neng tembang Dhandhanggula kuwe nyenengna, mulane wateke tembang Dhandhanggula kuwe luwes lan ngresepaken. Paugerane tembang Dhandhanggula kaperang dadi telu yakuwe guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Guru gatra yakuwe caching larik saben sapada, guru lagu yaukwe tibaning swara vokal ing pungkasaning gatra. Guru wilangan yakuwe cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra. 


a. Pathokan Tembang Dandangggula

Guru Gatra         : 10 gatra

Guru Wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

Guru Lagu         : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

b. Sasmita lan Wateke Tembang Kinanthi

Sasmitane : dhandanggula, sarkara, hartati, dhandang, madu, manis, sari bremana, gula  drawa,  gagak, kaga tresna

Watake :luwes, kemes lan ndadut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae ing ngendi bae, lan kahanan apa bae


A. Semaken tembang Dhandhanggula ing ngingsor kiye!

Dhandhanggula

Laras slendro pathet sanga

2 5 6 6 6 1> 2> 2> 2> 2>

Pa me dhar e wa si ta ning a ti

2> 2> 6 1> 6 6 6 6 6 6

cu man tha Ka A ni ru pu jang ga

5 6 6 6 6 6 1> 6

dha hat mu Dha ing ba tin e

6 1> 2> 1> 1> 5 6

na nging ke Dah gi nung gung

6 6 6 2 2 2 2 2 1<

da tan wruh Yen A keh nge sem i

1 2 2 2 2 2 2

a mek sa Ang rum pa ka

3 5 1 1 21 65

ba sa kang Ka lan tur

1 2 2 2 2 2 2 2

tu tur kang ka tu la tu la

5 3 2 16< 6< 6< 6< 6< 6< 1 2 2

ti na la ten ri nu ruh ka la wan ri rih

5< 6< 1 6 2 1 6<1

mrih pa dhang ing Sas mi ta



Tegese tembung :

o Pamedhare : pamulange, ngandhakake, (membicarakan).

o medhar sabda         : sesorah, (pidato).

o wasita         : warsita, wursita, wewarah, piwulang, (nasehat).

o cumanthaka         : kumawani, kumendel,( memberanikan diri).

o dhahat         : banget, (sangat).

o Mudha         : bodho, balilu, punggung,( bodoh).

o Ginunggung         : gunggung + in = dibombong,( dibesarkan hatinya).

o Angrumpaka         : nganggit, ngripta, (mengarang).

o Kalantur         : kaladuk, ngayawara,( omong kosong).

o katula-tula : ngrekasa, asor, ora ana ajine.

o Rinuruh/ ruruh+in : pasuryan kang semu dhungkluk 

o Ririh         : lirih, alon, (pelan).

o Sasmita         : sandi, kode,( isyarat)



Wangsulana pitakon-pitakon neng ngisor kiye nganggo basa Krama !


1. Tembang Dhandhanggula ing dhuwur ana pirang pada ?

Wangsulan: ……………………………………………………………………………

2. Tulisen pathokan tembang Dhandhanggula !

Wangsulan: ……………………………………………………………………………

3. Apa sasmita lan wateke tembang Dhandhanggula ?

Wangsulan: ……………………………………………………………………………

4. Apa maksude ukara mrih padanging sasmita ?

Wangsulan: ……………………………………………………………………………

5. Apa isine pada siji tembang Dhandhanggula kasebut ?

Wangsulan: ……………………………………………………………………………

     



Posting Komentar untuk " SERAT WULANGREH KELAS 9"