Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA KELAS 7 KANCIL KARO MONYET




Teks Cerita Rakyat Awujud Fabel
                                                          Kancil karo Monyet



Sawijine dina neng alas gede, akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewek-dewek. Nanging ana salah sijine kewan sing gunane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Uteke kancil pancen biasa kanggo nglomboni  kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sejuta tipu daya. Nah siki sing dadi sasarane Monyet.
Nang  sawijining dina, ana Monyet lagi penekan neng ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul kepingin jukut roti sing ana nang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," celukane Kancil marang Monyet.
Monyet semaur karo pitakonan, "Ana apa Cil? Kewo ngundang aku?"
Kancil, "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil.
Monyet, "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku."
Kancil, "Suwun ya Nyet... koe pancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koparo sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... kenang apa koh gede gone ko?" pitakone Monyet.
Kancil, "Ngeneh gawa ngeneh, tak gawe pada." Banjur Kacil mangan setitik rotine sing dicekel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet, "Urung Cil! Kuwe esih gede gone aku."
Kancil njikot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entong dipangan Kancil. Hihihihi.
Ahire rotine dipangan kancil kabeh, Monyet dadi kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Pancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kuwe kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liyane. Urip bakal rukun ora kaya jaman siki urip pada karepe dewek-dewek.
(https://aakkuucintaindonesia.blogspot.com/2012/06/kancil-karo-monyet-cerita-dengan-bahasa.html) Source : google.com


Mangsuli pitakonan (wangsulane ditulis neng kertas terus difoto lan diunggah maring Google Forms ya...)

Sawise ngrungokna crita Kancil karo Monyet wangsulana pitakon-pitakon ngisor kiye nganggo basa krama!
1. Apa irah-irahan crita nduwur kuwe?
   Wangsulan : ................................................................................................................
2. Sapa bae paraga sing ana nang cerita kasebut?
   Wangsulan : ................................................................................................................
3. Nang endi kedadian crita kasebut?
   Wangsulan : ................................................................................................................
4. Nalika Kancil nyeluki Monyet, Monyet lagi ngapa?
   Wangsulan : ................................................................................................................
5. Apa sing dikepingini Kancil sekang Monyet?
   Wangsulan : ................................................................................................................
6. Kepriwe wateke Monyet?
   Wangsulan : ................................................................................................................
7. Kepriwe wateke Kancil?
   Wangsulan : ................................................................................................................
8. Kepriwe carane kancil gole maro roti?
   Wangsulan : ................................................................................................................
9. Piwulang luhur apa sing bisa dijukut sekang crita kasebut?
   Wangsulan : ................................................................................................................
10. Apa panemumu marang tumindake si Kancil maring Monyet?
    Wangsulan : ................................................................................................................


NGELINGNA!
Kanggo tugas sing dina Rebo wingi sing wis nggarap nembe bocah 17, kuwe bae kabeh siswa kelas 7E

Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA KELAS 7 KANCIL KARO MONYET"