Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

NGUDHAL UKARA LAN WERNANE KATRANGAN kelas 8

 NGUDHAL UKARA LAN WERNANE KATRANGAN





Ayahan Tembung

Ukara kuwe mujudake rerangkening tembung sing bisa ngudharake sawijining karep. Tembung-tembung ing ukara adhedhasar fungsi nudhuhake perangan ukara kang nduweni ayahan dhewek-dhewek. Ayahan tembung utawa lungguhing tembung neng basa Indonesia diarani jabatan kalimat.

Perangan ukara kang nudhuhake lungguhing tembung kapilah minangka:

1. Jejer ( J ) /Subyek

2. Wasesa ( W ) / Predikat

3. Lesan ( L ) / Objek

4. Geganep ( G ) / Pelengkap

5. Katrangan ( K ) / Keterangan

Menawa ana prentah ngudhal ukara manut ayahaning tembung tegese nggoleti perangane ukara sing diarani jejr, wasesa, lesan, geganep, lan katrangan.

Katrangan:

1. Jejer ( J )

Jejer utawa subjek yakuwe perangan kang dadi bakuning ukara utawa pokok kalimat.

Neng ukara tanduk ( kalimat aktif) ateges perangane ukara sing nyambut gawe/kerja.

Neng ukara tanggap ( kalimat pasif ) ateges perangane ukara sing dadi sasaran/dikerjani.

Tuladhane:

a. Ibu guru ngasta buku sekang perpustakaan.

b. Laptope lagi didandani Om Dony.


2. Wasesa ( W )

Wasesa utawa predikat yakuwe perangan ukara sing mratelakake jinising peagawean, mula biasane kedadean sekang tembung kriya ( kata kerja ). Nanging ana uga jinising tembung liyane sing bisa dadi wasesa.

Tuladhane:

a. Bocah-bocah kelas 8A ngesiki ruang laboratorium.

b. Sing nganggo klambi abang kae adhiku.

c. Dhuwitku  rong puluh ewu.


3. Lesan ( L )

Lesan utawa objek kuwe ana neng ukara tanduk ( kalimat aktif )

Tengere lesan yakuwe:

Wasesane ukara wujude tembung kriya tanduk ( kata kerja aktif ).

Manggon neng satengene utawa samburine wasesa sing wujude tembung kriya tanduk ( kata kerja aktif ).

Ora dedhisiti tembung ancer-ancer ( kata depan ).

Antarane wasesa karo ora kena deselani fungsi liya.

Yen dedadekna ukara tanggap, lesan bisa owah dadi jejer.

Tuladhane :

a. Asfa nganggo masker.

b. Wiwi nggarap PR basa Jawa.


4. Geganep ( Gg )

Geganep utawa pelengkap klebu perangan ukara sing ngganepi wasesa.

Tengere geganep yakuwe :

Digunakna kanggo ngganepi wasesa sing wujud tembung kriya supaya ora gothang.

Manggong neng setengene utawa samburine wasesa, nanging angger mburi wasesa ana lesane depanggona neng sisih tengene lesan.

Geganep ora bisa dedadekna jejer.

Tuladha :

a. Handoko kelangan motor mio.

b. Az Zahro nukokna adhine roti ulang tahun.

c. Andre kejedhug  lawang.


5. Katrangan (K)

Katrangan yakuwe perangan ukara sing aweh katrangan maring jejer, wasesa, utawa lesan.

Tuladha:

a. Pak dhe kuliah neng Semarang.

b. Mau esuk Fara sarapan nasi goreng.

c. Si Riski turu gasik jalaran keselen.


Jinis-jinis Katrangan

a. Katrangan wayah/wektu/mangsa

Tuladhane:

Dina Minggu wingi Heru renang neng Pancuran Ciblon.

Ibu masak sayur mau esuk.

Bapak tindak kantor jam 07.00 WIB.

b. Katrangan papan/panggonan

Tuladhane:

Ririn kerja neng Rumah Sakit Gutheng Taroenadibrata.

Fito bal-balan neng lapangan.

c. Katrangan cara

Tuladhane :

Feri nggarap PR Matematika kanthi tliti.

Kanthi semangat Bocah-bocah kelas 8 tanding basket nglawan kelas 9.

d. Katrangan Kaanan

Tuladhane :

Ruang kelas  kelas 8B disapu Tika lan kancane resik banget.

Neng Pratin hawane seger banget.

Adi mangan jeruk legi banget.

e. Katrangan Sebab

Tuladhane : 

Zaenal ora melu olah raga sebab wetenge lara.

Jalaran ora nggawa payung, Tono kudanen.

f. Katrangan Akibat

Tuladhane :

Dyah bocah pinter, mulane olih beasiswa. 

Setiawan ora sinau, mulane biji ulangane sithik.

g. Katrangan Maksud/Kekarepan/Tujuan

Tuladhane :

Anita sregep sinau supaya pinter.

Supaya teyeng maca Quran, Bani ngaji unggal dina.

h. Katrangan Piranti/Alat

Tuladhane :

Ridho nandur wit gedhang nganggo pacul.

Sita mangan bakso nganggo mangkok.

i. Katrangan Jumlah/Cacah

Tuladhane :

Susilo nginum dhawet rong gelas.

Bapak sering nitih bis maring Purwokerto.



A. Ukara neng ngisor kiye udhalen manut lungguhing tembung!

1. Wisnu bal-balan.

Wangsulan :.............................................................................................................

2. Laila latihan nari neng Sanggar.

Wangsulan :.............................................................................................................

3. Jam lima esuk Mbakyuku kondur sekang Jakarta.

Wangsulan :.............................................................................................................

4. Bocah sekolah padha sinau neng omah jalaran pandemi virus corona.

Wangsulan :.............................................................................................................

5. Bupati Purbalingga ngimbau  warga masyarakat supaya sosial distancing dan physical distancing.

Wangsulan :.............................................................................................................

6. Fani ngumbah tangan nganggo sabun.

Wangsulan :.............................................................................................................

7. Dokter lan tenaga medis ngrawat pasien positif corona kanthi ikhlas.

Wangsulan :.............................................................................................................

8. Tanggal 8 April 2020 jam 4 sore, pasien positif corona ninggal 240 wong.

Wangsulan :.............................................................................................................

9. Pak Kades ngimbau warga desa nganggo masker supaya ora kena virus corona.

Wangsulan :.............................................................................................................

10. Pemerintah nganakna pembelajaran daring  kanggo ngisi libur corona.

Wangsulan :.............................................................................................................


1 komentar untuk " NGUDHAL UKARA LAN WERNANE KATRANGAN kelas 8"