Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Upacara Tingkeban Kelas 9

 

Upacara Tingkeban




Upacara Tingkeban ugi dipunwastani mitoni. Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken manawi kandhutanipun priyantun èstri, yuswanipun sampun pitung sasi saha nembé ngandhut sapisan. Upacara tingkeban punika salah satunggaling tradisi masarakat Jawa. Ancasipun kanggé nepangaken bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa.

 Sadangunipun ngandhut kathah sanget perkawis ingkang asipat saé ingkang kedah dipunlampahaken déning biyungipun saha kedah nebihaken saking perkawis ingkang boten saé. Punika mengku teges supados putra ingkang badhé dipunlairaken dados putra ingkang saé. Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang  mligi kanggé biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang badhé dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa.

Tata cara upacara siraman tingkeban

1) Siraman dipunlaksanaken déning para sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken)  ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut. Saénipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah

2) Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu déning sang garwa saking padharanipun ngantos pecah. Punika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal punapa. Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah godhanipun. Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, mliginipun ing wekdal pitung sasi.

3) Salajengipun inggih punika gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka  pralambang bilih bayi ingkang badhé dipunlairaken inggih suci saha badhé pikantuk rahmat saking Allah.

4) Sasampunipun ingkang calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, lajeng dipunadani adicara medhot lawè ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dènè ingkang medhot benang lawè punika inggih calon bapanipun kanthi ancas supados bayi ing kandhutan samangkè saged lair kanthi gampil.

5) Manawi lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon ibu, nggèndhong klapa gadhing dipunkancani déning ibu bèsan. Nanging sadéréngipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani déning calon simbah putrinipun. Ancas saking upacara punika inggih supados samangkè bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubèda satunggal punapa.

6) Rerangkéning adicara ingkang salajengipun inggih calon bapa mecah klapa gadhing kasebat kanthi sadéréngipun milih satunggal saking kalih klapa ingkang sampun dipungambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapak boten saged mriksani gambaripun kala wau. Manawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapak ingkang gambaripun Kamajaya mila bayinipun badhé lair kakung, saha kosok walikipun bilih ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri, menika namung kekajengan dados boten mesthi kados ingkang dipunkajengaken.

7) Sabibaripun upacara siraman punika kalajengaken upacara milih sekul jènè ingkang mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol dhawet saha rujak. Anggénipun bayar dodolan nganggè logam ingkang kadamel saking remukan gendhéng (kréwéng) ingkang dipunbentuk bunder, wujud yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kréwéng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara punika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken samangkè pikantuk kathah rejeki, saged kanggé nyekapi gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.


Ubarampe Upacara Tingkeban

Ubarampè ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban inggih awujud manèka warna dhedhaharan. Dènè ancasipun wonten dhedhaharan punika minangka tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuawaos awit sedaya sih nugrahanipun.

1) Tumpeng Kuwat. Tumpeng kuwat minangka simbol supados bayi ingkang badhé dipunlairaken samangkè séhat saha kuwat. Bahan ingkang dipun-ginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tèmpè, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel rerenggan saha tèrong mentah ingkang dipunoncéki nanging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha dipunsukani urab-uraban.

2) Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak nanging tumbas kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem, kuè cucur, kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangka, jeruk, bengkowang, timun, pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun.

3) Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampè upacara tingkeban wujud pitung jinis, kados ta: ubi jalar, tèla, gembili, kenthang, wortel, ganyong, saha erut.

4) Rujakan. Rujakan punika kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados satunggal saha dipunsajikaken kanthi saé ngantos raosipun rujak èco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhé dipunlairaken samangkè saged ngremenaken kulawarganipun.

5) Dawet, kangge nggampilaken anggènipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun èco. Manawi kepéngin seger saged dipuntambahi ugi és batu. 

Miturut adat Jawi  wekdal ngawontenaken upacara tingkeban  inggih menika wonten ing dinten senen siang ngantos dalu. Menawi boten senen inggih dinten jemuwah siang ngantos dalu.

(https://jv.wikipedia.org/wiki/Upacara_tingkeban)


Posting Komentar untuk "Upacara Tingkeban Kelas 9"