Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Paragraf Deskriptif Bahasa Jawa Kelas 7

Paragraf Deskriptif




                Apa para siswa kabeh wis tau didhawuhi dening bapak utawa ibu guru

dikon crita utawa nulis crita? Upamane kon crita babagan kahanane umahmu,

crita babagan gurumu, utawa sing liyane? Hmmm,sing kotulis kuwe kalebu salah

sijine karangan jinis deskriptif. Sapa sing ngerti pengertiane crita deskripsi?

Mayuh padha digatekna bebarengan.

Paragraf deskripsi kuwe jinise karangan sing isine nggambaraken utawa

peprincene (perincian) sewijine perkara sing lagi dirembug. Umume paragraf

deskripsi kuwe duwe tenger utawa tandha-tandha awujud gegambaran utawa

lukisan kayata menungsa, barang, papan/panggonan, utawa prastawa sing

dideleng, dirungokna, lan dirasakna dening indriya (panca indera)menungsa.

Tandha-tandhane Paragraf Deskriptif

1. Nggambarna utawa nulisna kanthi secetha-cethane menungsa, barang,

papan/panggonan, utawa prastawa sing dideleng, dirungokna, lan dirasakna

dening indriya (panca indera)menungsa.

2. Gawewong singmaca kaya weruh dhewek utawa ngrasakna dhewek

3. Njelasna tandha-tandhane barang kayata warna, ukuran, bentuk, lan kahanane

barang kanthi tlesih (rinci).

Bentuk Paragraf Deskriptif :

1. Paragraf Deskripsi Spasial, salah sijine paragraf sing mligi nggambaraken

ruangan, barang, utawa papan panggonan.

2. Paragraf Deskripsi Subjektif, paragraf kiye nulisaken utawa nggambaraken

apa sing dirasakna utawa dideleng dening sing nulis.

3. Paragraf Deskripsi Objektif, paragraf kiye nulisaken utawa nggambaraken

samubarang kanthi apa anane lan sebener-benere.

Perangan/Struktur Wacan Deskripsi

Perangan/Struktur Wacan Deskripsi ana 3, yakuwe:

a. Identifikasi: isine ngenani identitase barang/objek, papan, utawa

prastawa.

b. Klasifikasi, tata carane ndhapuk manut paugeran/aturan utawa standar

singwis detetepna/wis gumathok.

c. Deskripsi bagian: perangan wacan sing isine nggambarna peranganperangan sing ana nengwacan/teks kasebut.


Carane nulis utawa gaweParagraf Deskripsi

1. Nemtokna tema (barang, papan, utawa prastawa sing arep dirembug)

2. Nemtokna tujuan.

3. Ngumpulaken data-data dan nganakna panaliten/ngamati langsung

ngenani barang, papan, utawa prastawa sing arep dirembug.

4. Sewise ngampulna data-data, dadekna data-data mau dadi cengkorongane

karangan/tulisan..

5. Jabarna cengkorongane karangan dadi wacan deskripsi sing jumbuh karo

topik.


Posting Komentar untuk "Paragraf Deskriptif Bahasa Jawa Kelas 7"