Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Paragraf Deskriptif Bahasa Jawa (Part 2) Kelas 7

 SINAU BUDAYA MARANG UMAH WAYANG KEMUKUSAN

DESA SELAKAMBANG, KALIGONDANG, PURBALINGGA




Purbalingga pancen gudhange panggonan plesiran. Salah sijine

Museum Budaya Umah Wayang lan Artefak Kemukusan sing klebu

museum nggo pendhidikan lan budaya. Panggonane neng RT 2, RW 7 desa

Selakambang, kecamatan Kaligondang, kabupaten Purbalingga.

Senajan neng Purbalingga wis ana museum wayang neng njero

Sanggaluri, ning neng Umah Wayang Kemukusan seliyane werna-werna

wayang, uga ana pelatihan karawitan gamelan, calung, uga ana dolanan

bocah. Mulane wisatawan bisa sinau babagan budaya uga artefak utawa

barang-barang peninggalan lawas.


Umah Wayang Kemukusan sing visine “Terus rinaras haruming

budaya lan kuncaraning bangsa kaukur saka maju munduring budaya,”

degulawentah dening seniman kawentar neng Purbalingga asmane Ki

Kusno, S.Pd.,sing katelah dalang uga kepala sekolah neng SD Negeri 1Tetel,

Pengadegan. Ki Kusno nalika enom sinau wayang maring eyange yakuwe

Eyang Dipamiardjo carik desa Selakambang jamane Bung Karno.

Umah Wayang Selakambang sing dibukak tanggal 17 Agustus 2017

Jemuwah Kliwon, manggon neng umahe Ki Kusno sing pancen amba

panggonane. Kebon mburi umah uga dedadekna panggonan wisata budaya.

Nalikane ngresmekna Umah Wayang Kemukusan, Ki Kusno sing Njabat

ketua adat desa Selakambang nganakna slametan ngundang warga

sekupenge.


Museum UmahWayang lanArtefak debagi ana rong panggonan. Sing

kawitan neng umah lan sing kepindho neng kebon mburi umah. Sing kawitan

aula ngarep isine musik gamelan lan calung. Neng sebelahe uga ana senthong

cilik nggo ruang cinderamata lan perpustakaan. Mlebu ruangan njero

wayang-wayang detata, jejer semanger neng tembok. Ana wayang kulit

gagrak Banyumasan cacahe 140, wayang golek cacahe 70, wayang klithik

cacahe 8, uga ana wayang suket sing cacahe mung 1. Kejaba guwe uga ana

pajangan barang-barang kuna kaya dene keris, dhuwit kuna, radio kuna, lan

liya-liyane. Miturut Ki Kusno kuwe ana sing tinggalane leluhure lan ana sing

sumbangan sekang wong liya nggo detitipna lan dirumat neng umah wayang.

Ki Kusno angger pas kloyong maring luar kutha uga cokan tuku wayang

nggo mepekikoleksi.


Pengunjung Umah Wayang Selakambang biasane ora mung plesir lan

ndeleng-ndeleng koleksi museum. Ning akeh sing deniati arep gladhen

karawitan. Sing latihan kawit bocah PAUD ngosi SMA. Pelatihan kanggo

guru uga sering digelar. Biasane rampung gladhen musik karawitan banjur

dipandhu dening pengelola umah wayang muteri panggonan museum.

Sadawane mlaku, biasane bocah-bocah nyambi nembang tembang dolanan

bocah sing lirik saire wis depajang neng tembok umah. Kuwe ya ngemu

pendhidikan nguri-uri lagu dhaerah. Neng mburi umah wayang sing amba ,

ana pirang-pirang fasilitas kayadene gubug nggo praktek gawe gula semut,

panggung kesenian, pedangan, bunker Dung Tong tinggalan jaman Jepang,

uga panggonan amba sing biasa nggo praktek dolanan bocah. Acara sing

pungkasan yakuwe rombongan dejek praktek dolanan bareng kayadene

egrang, gobag sodor, petak umpet, cublak-cublak suweng, lan sundha

mandha. Angger pas ngepasi ana acara neng pentas seni, pengunjung bisa

ndeleng acara apresiasi seni kecamatan, jamasan, ebeg, nyetel lm lan

liya- liyane.


Museum Selakambang degulawantah dening Pak Kusno lan

keluwarga. Warga sakupenge uga ora keri deberdhayakna nggo majokna

panggonan plesiran pendhidhikan kuwe. Sing gawe mongkog, pemerentah

uga kersa nyengkuyung anane panggonan plesiran pendhidhikan kuwe

kabukti nalika 14 Agustus 2018 Umah Wayang kerawuhan tamu Bupati

Dyah Hayuning Pratiwi lan kepala Dinporapar Purbalingga Bapak Yanuar.

Ki Kusno sing siki njabat Komite Pedalangan Dewan Kesenian

Daerah Kabupaten Purbalingga kagungan putra telu sing uga nuruni darah

seni sekang dheweke. Sing mbarep arane Sulung Purnomo lulusan SMKI

Banyumas wis lumayan kawentar neng jagad seni musik tradisional

Purbalingga. Sing nomor loro LintangRencono siki lagi kuliah neng Jurusan

Karawitan ISI Surakarta. Sing ketelu arane Ragil esih SD. Sulung lan

Lintang uga ngrewangi ramane nggladhi karawitan.


Miturut Ki Kusno, esih akeh kekarepan supayane Umah Wayang

tambah ngrembaka. Mulane Ki Kusno alon-alon mipil mbangun lan mepeki

panggonan museum kuwe kanthi dana pribadi sing awale utang koprasi. Bar

Pemda mirsani umah wayang ngrembaka kegiyatane, njur molahi aweh

bantuan rupa mbiayani kegiyatan sing degelar neng kono. Ki Kusno uga

duwe kepenginan bisa nambah lemari nggo ndisplay wayang-wayang sing

kurang.


Sing pungkasan Ki Kusno banget kesuwune maring Pemda

Purbalingga merga Umah Wayang kedaptar lan deakoni dening pemerintah

lan duwe gegayuhan moga-moga generasi mudha aja ngosi ninggalna

budaya adi luhung Jawa merga nglestarikan kebudayaan bisa nggo njaga lan

ngontrol hawa napsu lan bisa nentremna awak lair lan batin muga-muga

anane Museum Umah Wayang lan Artefak Kemukusan bisa dadi srana

plesiran wisata pendhidhikan lan budaya nggo nguri-uri budaya Jawa,

utamane nggo generasi mudha.


(Agustav) (Majalah Ancas Nomor 122/Taun XI/Edisi Juli 2020: Kaca 36-37)



Negesi tembung:

Museum : panggonan kanggo nyimpen benda-benda langka (kuna)

Artefak : benda-benda peninggalan jaman kuna

Babagan : bab, perkara mungguh ing ...

Visi : wawasan

Degulawantah : diopeni, diupakara

Sekupenge : sakiwe tengene

Madeg : ngadeg

Referensi : sumber acuan, rujukan, sumber informasi

Klasik : tradisional

Senthong : kamar

Cinderamata : barang khas daerah

Leluhur : sing nurun-nurunake

Kloyong : dolan

Gladen : ajar, latihan

Depandhu : detuduhake dalan

Fasilitas : sarana

Bunker : growongan nang ngisor lemah nggo ngmpet sekang mungsuh

Jamasan : ngresiki keris

Mongkog : gedhe atine, mantep

Nyengkuyung : ndukung

Kawentar : kondhang, terkenal

Jagad : dunya, bumi

Ngrembaka : dompyok godonge, berkembang

Display : majang, nata

Gegayuhan : cita-cita

Adi luhung : luhur banget

Nguri-uri : nasehat-menasehati


Gladen 1

Pitakon Wacan

Sewise padha maca lan paham isine wacan “Sinau Budaya Marang Umah

Wayang KemukusanDesa Selakambang, Kaligondang, Purbalingga” jajal

pitakon-pitakon ngisor kiye diwangsuli jumbuh karo isine wacan kasebut!

1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?

Wangsulan : ………………………………………………………………

2. Apa tegese tembung kondhang?

Wangsulan : ………………………………………………………………

3. Nang endi papan panggonane Museum Umah Wayang?

Wangsulan : ………………………………………………………………

4. Museum Umah Wayang lan Artefak debagi ana rong panggonan. Neng

endi bae panggonan kasebut?

Wangsulan : ................................................................................................

5. Sapa sejatine Ki Kusno?

Wangsulan : ………………………………………………………………

6. Kepriwe carane Ki Kusno mbudidaya supaya umah wayang ngrembaka?

Wangsulan : ................................................................................................

7. Apa visine Umah Wayang Kemukusan?

Wangsulan : ................................................................................................

8. Sapa asmane kepala Dinporapar Purbalingga sing rawuh neng Umah

Wayang Kemukusan nalika tanggal 14 Agustus 2018?

Wangsulan : ................................................................................................

9. Pira putrane Ki Kusno?

Wangsulan : ……………........……………………………………………

10. Kapan Museum Umah Wayang dibukak?

Wangsulan : ....……………………………………………………………


Posting Komentar untuk "Paragraf Deskriptif Bahasa Jawa (Part 2) Kelas 7"