Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

ASAL USUL DESA TALAGENING Kelas 8

 Teks Legendha 2


ASAL USUL DESA TALAGENING





Kocap kacarita neng zaman gemiyen pejajah Belanda seneng nyampuri 

urusan keraton. Saengga Kasultanan Yogyakarta dipecah dadi loro yakuwe 

Kasultanan Hadiningrat lan Daerah Pakualaman.Penjajah Belanda licik nganggo 

politik Devide At Impera yakuwe politik memecah belah utawa adu domba, saengga 

kulawarga keraton akeh sing ora marem, pungkasane akeh sing padha ngungsi, 

kulawarga raja apa dene para prajurit ninggalaken keraton nganti tekan pelosok lan 

padukuhan.

Al kisah ana 2 ( loro ) prajurit keraton sing esih kakang adhi , kanthi aran 

Nalaita lan Sabdaita sing lunga sekang keraton. Kelorone tekan neng sawijining 

panggonan tuk utawa sumber banyu sing banyune bening banget lan tuke gedhe. 

Merga saking kesele kelorone ngaso neng ngisor wit weringin sing iyub banget.

Nalaita lan Sabdaita ngresiki tuk utawa sumber banyu kasebut saengga 

banyune ketampung sangsaya amba memper telaga. Panggonan ngaso kasebut dening 

wong loro kuwe mau dearani Tlaga - yasa. Tlaga tegese sumber banyu utawa tuk, 

yasa tegese gawe. Saengga Tlaga yasa tegese tlaga sing degawe.

Sebanjure Nalaita babad/nyambut gawe babad alas maring sisih kulon, tekan 

maring sumber banyu utawa tuk sing banyune bening. Tuke lewih sekang siji lan 

panggonane adoh-adohan utawa arang, neng ngisore wit Lemberang sing dhuwur 

banget lan wit weringin. Mulane tuk mau dearani Kali Lemberang, tuke pating 

slember tapi arang-arang, dadi Lemberang.

Nalaita nerusake mbabad maring ngulon, neng sawijining wektu ngaso neng 

ngisor wit sing iyub arane wit Kedawung. Papan kono banjur dearani Kedawung. 

Sebanjure nerusake babad tekan neng pinggir kali gedhe sing kondhang arane kali 

Soso. Kali Soso ana cabange loro lan ilene banyu kali ketemu neng siji panggonan 

ilenen banyu kasebut. Saengga panggonan sing deapit ilene kali memper karo pulo 

(nusa), neng panggonan kuwe akeh tanduran kembang, kayata kembang mawar lan 

sapanunggalane. Mula panggonan kuwe dearani Nusa Kembang. Nusa tegese pulo, 

kembang tegese bunga/sekar. Neng tengah-tengahe ana petilasan kaya 

makam/kuburan, dening wong-wong dikeramatna lan desebut-sebut Candi 

Supiturang amarga deapit neng loro ilen kali kasebut, panggonan kuwe esih ana 

gandheng cenenge karo crita Cindeleres, sing jagone jenenge Wiring Galih.

Sewise Nalaita rumangsa cukup olehe mbabadi alas kanggo gawe padhusunan, 

papan panggonan kuwe banjur dearani Tlaga – bening, artine tlaga sing bening 

(jernih). Suwe suwe aran Tlaga bening dadi Talagening. 

Mangkana cerita asal usul jeneng Tlagayasa lan Talagening. Nalaita banjur 

seda lan disarekake neng Pesarean Talagening minangka Pesarean Lugu ( pertama ). 

Dene Sabdaita seda banjur disarekake neng Pesarean Tlagayasa uga minangka 

Pesarean Lugu ( pertama ). Mula ana kapercayan utawa kayakinan menawa wong 

Tlagayasa pernah sedulur tuwa maring wong Talagening. Desa Tlagayasa lan 

Talagening kuwe manggon neng kecamatan Bobotsari Kabupaten Pubalingga.






B. Mangsuli Pitakon :

Wangsulana pitakon neng ngisor kiye nganggo basa Krama!
1. Manut crita kasebut, Kasultanan Yogyakarta dipecah dadi loro, apa bae?
Wangsulan :..............................................................................................................
2. Politik apa sing dienggo penjajah Belandakanggo ngadu domba?
Wangsulan : ..............................................................................................................
3. Apa irah-irahan carita legendha kasebut?
Wangsulan : ..............................................................................................................
4. Sapa bae paraga neng crita legendha kasebut?
Wangsulan : ..............................................................................................................
5. Apa tegese Tlagayasa lan Talagening kuwe?
Wangsulan :..............................................................................................................


Posting Komentar untuk "ASAL USUL DESA TALAGENING Kelas 8"