Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Crita Rakyat Legendha Kelas 8

 CRITA RAKYAT






Crita rakyat uga sering kasebut dongeng. Crita kiye lumrahe mung kanggo 

nglelipur para bocah sing arep mapan turu, utawa kanggo bahan omongan kalane 

wong padha nganggur. Isi crita rakyat ngemu pitutur kanggo urip neng satengahing 

bebrayan agung.

Ciri-ciri cerita rakyat:

1. Ora kecantum jeneng pengarange (anonim).

2. Cerita rakyat duwe ragam variasi lan versi.

3. Critane ngrembaka liwat lisan dudu tulisan.

4. Sumber lan panganggit crita ora dengerteni.

5. Cerita rakyat sifate tradisional.

6. Cerita rakyat ngemot unsur nilai-nilai kang luhur.

7. Kisah neng sajerone crita sifate turun temurun.

8. Cara ngungkapna crita nduweni wujud klise. 

Jenis-jenis cerita rakyat:

1. Legendha yakuwe crita kang ana gegayutane karo dumadining alam utawi 

asal-usul sawijining panggonan. 

Tuladhane : Asal-usul Purbalingga, Asal-usul Gunung Slamet, 

Tangkubanperahu.

2. Mite yakuwe crita kang ana gegayutane karo kepercayaan jaman kuna, kang 

nyritakake alam lelembut, paragane manungsa utawa setengah manungsa bisa 

uga dewa dewi. 

Tuladhane : Carita Nyai Rara Kidul, Jaka Tarub. 

3. Sage yakuwe dongeng kang nyritakaken lan nggambaraken tokoh istimewa. 

Critane wor suh karo crita kepahlawanan. Tokoh tansah dipuja-puja awit 

kasektene uga jasane. 

Tuladhane : Dongeng Rara Jonggrang, Ken Arok, Raden Banjarsari.

4. Fabel yakuwe dongeng kang nyritakaken para kewan. 

Tuladhane : Kancil lan Timun

5. Epos utawa wiracarita yakuwe cerita kepahlawanan.

Tuladhane : Mahabarata lan Ramayana.

6. Dongeng Lugu yakuwe dongeng kang isine sarwa aneh, nyleneh lan ora tinemu 

nalar. 

Tuladhane : Timun Mas, Cindhe Laras, Jaka Kendhil, lsp.


LEGENDHA

Neng wulangan iki kang dibahas kanthi tlesih yakuwe materi legendha.

Legendha kuwe asale sekang bahasa Latin “legere” yakuwe cerita rakyat sing 

deanggep neng wong sing gawe cerita kuwe bener-bener nyata kedadeane. 

Ana sing nganggep legendha minangka sejarah kolektif utawa folk history. 

Jalaran ora duwe cathetan sing objektif . Kisah legendha/dongeng kiye wis 

ngalami distorsi. Dadi ora sethithik crita sing beda adoh karo asline, ana sing detambahi lan ana sing dekurangi.

Crita legendha bisa dejlentrehna yakuwe crita rakyat arupa gancaran sing 

nyritakaken asal-usul utawa dumadine sawijining papan panggonan. Legendha 

isine deanggep nyata utawa bener-bener ana. Legendha mujudna crita rakyat sing 

pambiwarane mung sarana gethok tular. Dadi menawa degoleti sumber wacan lan 

sapa sing nulis ora bakal ketemu. Mula crita legendha sok dumadi pirang-pirang 

werna. Critane mokal, nanging detemokna buktine, utawa bukti sing ana dienthaentha crita asal usule mungguh nuwuhaken panemu sing wigati dadi wingit lan 

kebek wewadi. Legendha bisa uga dadi sumber semangat para warga kepara 

tumeka neng tatanan praja, krana dianggep duwe parbawa sing gedhe. Mula, crita 

cikal bakale sawijining dhaerah lumrah delebokna neng lembaran pemerintah 

desa. Tumrap bener lupute sumber lan critane bali maning maring wargane 

dhewek. Percaya kena, ora ya kena.


1. Teks Legenda 1


SEJARAH MADEGE KABUPATEN PURBALINGGA


Cikal bakal Purbalingga diwiwiti saka sawijining paraga sing duwe asma Kyai 

Tepusrumput utawa Adipati Onje I. Neng sawijining dina, wektu Kyai 

Tepusrumput lagi tapa neng ngisor wit Jatiwangi, panjenengane kerawuhan 

priyayi kakung sepuh sing kagungan asma Kyai Kantaraga. Kyai Kantaraga 

ndhawuhi Kyai Tepusrumput supaya tapa ing ngisore wit Pule suwene 40 dina.

Sewise dhawuhe ditindakna, yakuwe tapa 40 dina, Kyai Tepusrumput 

pikantuk ali-ali emas kang duwe jeneng ali-ali Socaludira. Ali-ali kuwe jebulane 

kagungane Sultan Pajang sing ilang. Amarga ngerti yen ali-ali Socaludira kuwe 

kagungane Sultan Pajang sing ilang, banjur Kyai Tepusrumput ngaturaken ali-ali 

kasebut maring Sultan Pajang. Amarga saking senenge ali-aline ketemu, banjur 

Sultan Pajang maringi bebungah maring Kyai Tepusrumput yakuwe awujud Putri 

Triman sing lagi mbobot 4 sasi.

Sawise tekan titi mangsane, Putri Triman mau nglairaken jabang bayi kakung 

lan banjur dipasrahaken maning maring Sultan Pajang. Nanging, dening Sultan 

Pajang bayi kasebut dipasrahna maning marang Kyai Tepusrumput dadia putrane 

lan diparingi nama Kyai Ageng Ore-Ore. Sawise diwasa Kyai Ageng Ore-Ore 

ngganteni kalungguhane Kyai Tepusrumput dadi Adipati kanthi gelar Kyai Adipati 

Anyakrapati utawa Adipati Onje II.

Adipati Anyakrapati utawa Adipati Onje II duwe garwa loro. Garwa sing 

sepisan asale sekang Cipaku lan duwe putra cacah loro, yakuwe Raden Cakra 

Kusuma lan Raden Mangunjaya. Garwa sing ke loro asale sekang Pasir Luhur lan 

duwe putra cacah loro wadon kabeh. Amarga garwa kekarone sering banget padu, 

pungkasane Adipati Onje mateni garwa kekarone. Banjur panjenengane krama 

maning karo putrane Adipati Arenan kang duwe asma Nyai Pingen. Sekang garwa 

ketelu kiye, Adipati Onje kagungan putra sing dijenengi Arsakusuma sing banjur 

diganti jenenge dadi Kyai Arsantaka.

Sawise diwasa, Kyai Arsantaka didadekna demang neng Kademangan 

Pagendholan. Panjenengane kagungan garwa cacah loro. Garwa sing sepisan 

asmane Nyai Merden lan kagungan putra lima yakuwe Nyai Arsamenggala, Kyai 

Dipayuda, Kyai Arsayuda, Mas Ranamenggala, lan Nyai Pancaprana. Banjur garwa ke loro asmane Nyai Kedung Lumbu kagungan putra siji yakuwe Mas 

Candrawijaya. 

Nalika melu mimpin Perang Jenar, Kyai Arsantaka kasil nemokna lan nggawa 

Kunarpane Adipati Karanglewas Tumenggung Dipayuda I maring Banyumas. 

Dening Adipati Banyumas, Tumenggung Yudanegara II, panjenengane diparingi 

bebungahe yakuwe putra ketelune Kyai Arsantaka sing asmane Kyai Arsayuda 

didadekna putra mantu Adipati Banyumas lan didadekna Patih neng Karanglewas, 

sing dipimpin dening Tumenggung Dipayuda II. Nalika Tumenggung Dipayuda II 

seda, Patih Kyai Arsayuda ngganteni dadi bupati kanthi gelar Tumenggung 

Dipayuda III. 

Wektu Tumenggung Dipayuda III mimpin pamarentahan ana kedadeyan kang 

dianggep monumental yakuwe Ibu kota Kabupaten sing sedurunge ana neng 

Karanglewas dipindah maring desa Purbalingga. Merga prastawa kiye sateruse 

kawentar dadi Kabupaten Purbalingga.

Kabupaten Purbalingga kuwe pangarsane bisa diurutna wiwit sekang bupati 

sing sepisanan nglenggahi neng Purbalingga yakuwe:

1. R. Tumenggung Dipayuda III ( 1759 – 1787 )

2. R. Tumenggung Dipakusuma 

3. R. Tumenggung Bratasoedira (24 Juni 1830)

4. R. Tumenggung Taruna Kusuma I (1 Agustus 1830)

5. R. Tumenggung Dipa Kusuma II ( 22 Agustus 1831)

6. R. Adipati Dipa Kusuma III ( 7 Agustus 1846)

7. R. Tumenggung Dipa Kusuma IV( 4 September 1869)

8. R. Tumenggung Dipa Kusuma V( 14 Februari 1868) 

9. R. Brotodimedjo ( 20 November 1893 – 13 September 1899)

10. R. Tumenggung Adipati Dipa Kusuma VI ( 13 September 1899)

11. K.R.A.A. Soegondo ( 29 Oktober 1925)

Sewise kekuasaan K.R.A.A. Soegondo rampung, ana kekosongan kekuasaan. 

Banjur sewise Indonesia merdeka, Bupati Purbalingga diangkat dening DPRD, 

kanthi urutan:

12. Mas Soeyoto ( 1946-1947)

13. R. Mas Kartono ( 1947-1950)

14. R. Oetoyo Koesoemo ( 1950 – 1954)

15. R. Hadisoekmo (1954 – 1960)

16. R. Mohammad Soedjadi ( 1960 – 1967)

17. R. Bambang Moerdharmo, S.H. ( 1967 – 1973)

18. Letkol PSK Goentoer Daryono ( 1973 – 1979 )

19. Drs. Soetarno ( 1979 – 1984)

20. Drs. Soekirman ( 1984 – 1989)

21. Drs. Soelarno ( 1989 – 1999 ) 

22. Drs. H.Triyono Budi Sasongko, M.Si + Drs. Soetarto Rahmat ( 2000 – 2005 )

23. Drs. H. Triyono Budi Sasongko, M.Si + Drs. Heru Soedjatmoko, M.Si (2005– 

2010)

24. Drs. Heru Soedjatmoko, M.Si + Drs. Soekento Ridho Marhaendriyanto, M.Si ( 

2010 – 2013)

25. Drs. Soekento Ridho Marhaendriyanto, M.Si + Tasdi, S.H.,M.M. ( 2013 – 

2015)

26. Tasdi, S.H.,M.M.+ Dyah Hayuning Pratiwi, S.E., B. Econ. ( 2015 -2019 )

27. Dyah Hayuning Pratiwi, S.E., B. Econ. (2019-2020)




B. Pitakonan neng ngisor kiye wangsulana nganggo basa krama!

1. Sapa asma priyayi kang dadi cikal bakal madege Kabupaten Purbalingga?
Wangsulan : .............................................................................................

2. Nalika Kyai Tepusrumput tapa neng ngisor wit Jatiwangi, panjenengane 
kerawuhan priyayi kakung sepuh asma Kyai Kantaraga. Apa dhawuhe Kyai 
Kantaraga ?
Wangsulan : ..............................................................................................

3. Sewise dhawuhe ditindakna, yakuwe tapa 40 dina, Kyai Tepusrumput pikantuk 
apa?
Wangsulan : ..............................................................................................

4. Kyai Tepusrumput ngaturaken ali-ali kasebut maring Sultan Pajang. Sultan Pajang 
maringi bebungah apa maring Kyai Tepusrumput?
Wangsulan : ..............................................................................................

5. Putri Triman mau nglairaken jabang bayi kakung sapa asmane?
Wangsulan : ..............................................................................................

6. Sawise diwasa putrane Putri Triman kasebut ngganteni kalungguhane Kyai 
Tepusrumput dadi Adipati kanthi gelar sapa?
Wangsulan : ..............................................................................................

7. Adipati Onje II kagungan garwa loro, apa sebabe garwa kekalih diperjaya?
Wangsulan : ..............................................................................................

8. Kyai Arsantaka kagungan garwa 2, sapa bae?
Wangsulan : ..............................................................................................

9. Prastawa monumental apa kang kedadeyan nalika Tumenggung Dipayuda III 
mimpin ?
Wangsulan : ..............................................................................................

10. Kapan dina lahire Kabupaten Purbalingga?
Wangsulan : ..............................................................................................


Posting Komentar untuk "Crita Rakyat Legendha Kelas 8"