Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

SESORAH BASA JAWA KELAS 9

 


SESORAH



Ketrampilan sesorah/pidhato

tumrape wong Jawa kuwe penting banget

merga ana neng acara apa bae terutama

neng upacara adat Jawa, contone upacara

penganten : akeh banget pidhato sing

ditindakaken antarane pidhato pasrah

penganten kakung, panampane penganten

kakung, atur pambagya, ular-ular lsp.

Sesorah tembung liyane sesorah utawa Pidhato yakuwe micara/matur/nglairaken

gagasan sarana lisan neng sangarepe wong akeh kanthi ancas/tujuan tartamtu.

Dene tujuan pidhato yakuwe :

1. Atur pambagya, yakuwe sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara

apa bae kayata acara supitan, tanggap warsa (ulangtahun) lan sapiturute.


2. Atur kabar, pawarta utawa informasi. Informasi ing kene bisa arupa palapuran

utawa nyritakake sawijining bab marang pamirsa (pangrungu/pendengar). Bab sing

kudu digatekake yakuwe sing sesorah kudu bisa medharake kanthi cetha/mudheng

perkara apa kang kudu dimangerteni dening wong akeh. Pamiarsa kang sadurunge

ora ngerti babar pisan dadi ngerti/mudheng informasi kang diwedharake.

Umpamane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang lan

sapiturute.


3. Aweh panglipur/hiburan (menghibur), Sesorah kanggo aweh panglipur kiye

kanthi ancas supaya sing mirengake bisa seneng panggalihe, umpamane ing acara

mantu, tanggap warsa lan sapiturute. Bisa uga kanggo panglipur ing acara layatan

supaya kulawarga sing lagi bela sungkawa/kasripahan bisa nampa kanthi tabah lan

ikhlas.


4. Pangajak, sesorah kang sipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake

percaya banjur kapilut/melu, kegawa, katarik atine lan gelem nindakake apa kang

diwedharake sing sesorah. Umpamane sesorah ing papan ibadah, sesorah ing

babagan agama lan sapiturute.


Teks Sesorah / sesorah utawa pidato 1.


Assalaamu'alaikum wr.wb

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan,

Bapak/Ibu guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin

rencang-rencang ingkang kula tresnani.Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun

Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan

rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun

ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu guru, awit saking sih katresnan

anggenipun nggulawenthah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken

kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak

Ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah

pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah

dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang

maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring

ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca

ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga

mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa

ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.



# TEGESE TEMBUNG

- kinurmatan : diurmati - makempal : kumpul
- pinaringan : diparing - karaharjan : keslametan
- konjuk : diaturaken - nggulawenthah : ndhidhik, ngrumat
- kawruh : ngelmu - pawiyatan : sekolahan
- paripurna : rampung - mranani : nyenengaken
- penggalih : ati

# MANGSULI PITAKON

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kiye nganggo basa krama !
1. Sesorah ing dhuwur diwenehna ing acara apa ?
Wangsulan : .....................................................................................................
2. Sapa sing paring sesorah ing acara kuwe ?
Wangsulan : ......................................................................................................
3. Basa apa kang dienggo ing sesorah ndhuwur ?
Wangsulan : ......................................................................................................
4. Manut paragraf 2, apa sebabe sing sesorahngaturaken panuwun marang
bapak/ibu guru?
Wangsulan : ......................................................................................................
Buku Basaku Penginyongan Kelas 9 Semester Genap 20/21 35
5. Apa pangarep-arep/pandongane sing sesorah kanggo bapak/ibu guru?
Wangsulan : ......................................................................................................

Posting Komentar untuk "SESORAH BASA JAWA KELAS 9"