Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pacelathon 2 Kelas 8

 TULADHA PACELATHON LIYANE:





2. Pacelathon Nampi Tamu ( Ragam Krama alus lan ngoko alus )


Pak Budi     : “Assalamu alaikum...., kula nuwun...”

Ata               : “Wa alaikum salam..warohmatullohi wabarokatuuh.., eh Pak Budi, 

sumangga Pak, kula aturi pinarak mlebet !”

Pak Budi     : “Kesuwun Mas Ata...”

Ata                 : “Nuwun sewu, nyuwun pirsa wonten kawigatosan menapa nggih, Bapak 

rawuh wonten griya kula, ketingalipun wigatos sanget?”

Pak Budi         : “ Iya Mas...Bapak apa neng dalem?”

Ata                 : “ Ooh...keleresan Bapak kula tembe mawon tindak dhateng bengkel, 

ngendikane badhe ndandosi sepeda motor, banipun wau bocor.”

Pak Budi         : “ E..yaa..yaa..., jane arep rembug-rembug babagan gugur gunung utawa 

kerja bakti ngesuk dina Minggu.., arep ngresiki dalan lan got-got sing 

mampet kae.”

Ata                 : “Oh makaten nggih Pak....kula purugi rumiyin menapa Pak, niku teng 

bengkel “SEDULUR”....caket, mboten tebih.”

Pak Budi        : “ Wis ora usah, mengko sore aku sowan maning, pamit dhisit ya..

Ata                 : “Menawi ngaten...nggih mangke kula matur Bapak, menawi panjengan 

rawuh mriki.”

Pak Budi            : “Ya Mas Ata, matur nuwun ya... assalamu alaikum warohmatullahi 

wabarakatuuh.”

Ata : “Inggih Pak, wa alaikum salam warohmatullahi wabarakatuuh.




3. Pacelathon Neng Lingkungan Keluarga

Ulem Mendhet Raport


Aji : “Pak, menika wonten serat saking sekolah.”

Bapak : “Layang apa Ji ? Apa ana rapat neng sekolahan ? Apa ana apa?”

Aji : “Ulem supados tiyang sepuh mundhut raport, Pak.”

Bapak : “Kana jukutna kacatingale Bapak ana neng ndhuwur meja!”

Aji : “Inggih Pak, sekedhap.”

Bapak : “Ooh ya, babagan njukut raport, ngesuk dina Setu 19 Desember 2020, jam 

08.00 – rampung. Ya inshaalloh ngesuk Bapak sing tindak. Kepriwe wingi 

olehmu nggarapi tes lan nilai-nilai tugas Daringe?”

Aji : “Inggih alhamdulillah tesipun saged kula garap, lan kasile ugi sae. Tugastugas Daring sampun lengkap. Dados kula mboten ndherek remidi Pak.”

Bapak : “Ya syukur...nek kaya kuwe. Pancen dadi bocah sekolah kudu wani kesel, 

sregep sinau, sregep nggarapi tugas sekang Bapak/Ibu guru...mengko 

bakale migunani kanggo sangu uripmu mbesuk...”

Aji : “Inggih Pak, Ibu kalih Bapak Guru ugi asring ngendikani kula lan rencangrencang kados mekaten.”

Bapak : “Jere ana paribasan neng bahasa Indonesia hasil tidak akan mengkhianati 

usaha.” 

Aji : “Inggih Pak, leres niku.”

Bapak : “Ya wis kiye genah ikih undangane.”

Aji : “Inggih Pak,...nggih kula badhe adus rumiyin..niki sampun sonten.”

Bapak : “Ya nganah...!”


Gladhen 


Wangsulana pitakon-pitakon kiye kanthi patitis!

1. Apa irah-irahan pacelathon neng dhuwur kasebut?

Wangsulan : ..................................................................................................................

2. Sapa bae paraga sing ana neng wacan ndhuwur?

Wangsulan : ..................................................................................................................

3. Ragam basa apa bae kang dienggo neng pacelathon ndhuwur?

Wangsulan : ..................................................................................................................

4. Apa isi ulem sekang sekolahane Aji?

Wangsulan : ..................................................................................................................

5. Apa isi pitutur Bapak marang Aji ?

Wangsulan :...................................................................................................................


Posting Komentar untuk "Pacelathon 2 Kelas 8"