Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Crita Rakyat Kelas 7

Pasinaonan Bahasa Jawa Ke-2

 Crita Rakyat


    Crita rakyat yaiku crita sing asale saka crita masyarakat jaman biyen. Crita rakyat kalebu crita fiksi utawa crita sing durung tamtu bener lan salahe. Durung tamtu ana lan orane. Tetengere crita rakyat yaiku:

a.    Biyasane dicritakake turun tumurun kanthi lisan

b.    Ora diweruhi pangripta critane

c.    Asipat tradhisional

d.   
Nduweni dalan crita beda-beda

e.   Menehi pitutur - pitutur becik.


Dene jenise cerita rakyat yaiku: 


a.   Fabel yaiku crita rakyat sing nyritakake tumindake manungsa nanging diparagakake dening kewan sarta menehi pitutur luhur. Tuladha: Kancil lan Baya


b.   Legenda yaiku sawijine crita rakyat sing nyritakake mula bukane papan panggonan. Kayata mula bukane kutha Banyuwangi, Dumadine Gunung Budheg, utawa Baru Klinting.


c.   Sage yaiku crita rakyat sing isine nyritakake sejarah. Kayata Damarwulan, Dewi Rara Jonggrang, lan liya-liyane.


d.   Mite yaiku crita rakyat sing ngemot bab dewa-dewi utawa crita kang sipate sakral lan mistis. Kayata: Nyi Roro Kidul.


e.     Epos yaiku crita rakyat sing nyritakake bab-bab kepahlawanan utawa biyasa disebut crita panji. Kayata Chindelaras, Panji Asmara Bangun



      Unsur Instrinsik Crita Rakyat

    Unsur instrinsik crita yaiku stuktur crita sing     dijelasake sajrone crita lan dadi unsur pamangune  crita. Unsur-unsur kasebut yaiku:

a.   Tema yaiku punjere crita sing didadekake paugeran lumakune crita.

b.   Paraga lan pamaragan yaiku pawongan sing nindakake crita lan nduweni watak tartamtu. Ana paraga sing wewatak becil lan ala.

c.   Alur nuduhake dalane crita adhedhasar wektune, bisa critane maju utawa runtutane wektu maju, alur mundur, lan campuran.

d.   Latar utawa Setting njelentrehake bab papan, wektu, lan swasane nalika prastawa dumadi sajrone crita.


e.   Pitutur yaiku bab sing bisa dijupuk  dening pamaca sing kalebu pitutur- pitutur becik.

 

Teks Cerita Rakyat Awujud Legendha

                                   Mula Bukane Desa Pepedan, Kecamatan Karangmoncol

       Miturut manuskrip (naskah kuno), kocap kacarita rumiyin ing bumi Pasundan wonten pertapa ingkang linuwih katurunan saking Pajajaran inggih menika Pangeran Jambu Karang, putra Prabu Brawijaya Mahesa Tandreman. Salebeting tapa, Pangeran Jambu Karang menika angsal wangsit. Dene wangsitipun supados mados sumbering cahya. Dene Pangeran Jambu Karang menika teras jengkar saking bumi Pasundan madosi sumbering cahya.

       Cahya menika arahipun wonten ing wetan. Pangeran Jambu Karang banjur mlampah dumugi tempuran saking kalih lepen inggih menika lepen Karang lan lepen Gintung. Wonten ing lepen niku, Pangeran Jambu Karang nerasaken  tapanipun. Salebeting tapa, kepanggih tiyang ingkang asma Kyai Antas Angin. Banjur Pangeran Jambu Karang lan Kyai Antas Angin sami  adu kasekten.

       Ananging sadangunipun adu kasekten kasebut, Pangeran Jambu Karang kapeped lan ngakoni bilih kasektenipun luwih unggul Kiyai Antas Angin. Pangeran Jambu Karang ingkang waunipun dados Raja Sunda. Penjenengane Pangeran Jambu Karang lajeng dipun bengat dening Kiyai Antas Angin supados mlebet agama Islam lan dipunjuluki Syeh Jambu Karang.

       Saderengipun nglajengaken mlampahipun, Syeh Jambu Karang medal sabda, ing besuk bumi iki tak jenengi "Pepedan" amargi anggenipun adu kasektenan Syeh Jambu Karang kalah ngantos kapeped.

       Lajeng Syeh Jambu Karang nerasaken mlampahipun dumugi ing Gunung Ardilawet lan ngantos seda wonten ing mriku. (sumber: http://alas-news.blogspot.com)

Teks Cerita Rakyat Awujud Fabel

Kancil karo Monyet


Sawijine dina neng alas gede, akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewek-dewek. Nanging ana salah sijine kewan sing gunane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Uteke kancil pancen biasa kanggo nglomboni  kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sejuta tipu daya. Nah siki sing dadi sasarane Monyet.

Nang  sawijining dina, ana Monyet lagi penekan neng ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul kepingin jukut roti sing ana nang tangane Monyet.

"Nyet..Nyet..," celukane Kancil marang Monyet.
Monyet semaur karo pitakonan, "Ana apa Cil? Kewo ngundang aku?"
Kancil, "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil.
Monyet, "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku."
Kancil, "Suwun ya Nyet... koe pancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koparo sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... kenang apa koh gede gone ko?" pitakone Monyet.
Kancil, "Ngeneh gawa ngeneh, tak gawe pada." Banjur Kacil mangan setitik rotine sing dicekel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet, "Urung Cil! Kuwe esih gede gone aku."
Kancil njikot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entong dipangan Kancil. Hihihihi.

Ahire rotine dipangan kancil kabeh, Monyet dadi kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Pancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kuwe kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liyane. Urip bakal rukun ora kaya jaman siki urip pada karepe dewek-dewek.
(https://aakkuucintaindonesia.blogspot.com/2012/06/kancil-karo-monyet-cerita-dengan-bahasa.html) Source : google.com

 

Sawise nyinauni materi ing nduwur puniko, banjur garapen latihan soal ing LKPD (Lembar Kerja Peserta Didik) sing bu Guru kirim ana ing GC! Nek uis rampung banjur hasil garapen dikumpulna lewat GC!

AYO DIGARAP TUGASE!! 
AJA NUNDA-NUNDA 

Posting Komentar untuk " Crita Rakyat Kelas 7"