Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pawarta Kelas 8

 Mayuh desemak teks pawarta ngisor kiye kanthi premati!




Pawarta I.

LIK UPTD Logam Desulap Dadi Ruang Isolasi Darurat

PURBALINGGA-Gedung Lingkungan Industri Kecil (LIK) Logam neng kompleks UPTD Logam Dinperindag Kabupaten Purbalingga neng Kelurahan Purbalingga Lor, Kecamatan Purbalingga desulap dadi ruang isolasi kanggo pasien corona.

Kuwe delakokna minangka antisipasi, nek sewektu-wektu ruang isolasi neng RSUD dr. Goeteng Taroenadibrata kebek. 

Bupati Purbalingga, Dyah Hayuning Pratiwi, Senen ( 23/3) njelasaken, aula gedung kasebut desekat dadi sepuluh ruangan. Pihake nargetaken gawe ruang isolasi kasebut rampung neng sejerone wektu telung dina.

Sebenere ana bangunan alternatif, seliyane LIK Logam lan bekas RSIB Panti Nugroho neng Jl. Isdiman. Ningen, merga bekas rumah sakit  kuwe manggon neng tengah pemukiman penduduk, secara teknis kesehatan memenuhi syarat. “Seliyane kuwe, pemda  uga nambahi tenaga medis kanggo njalanaken tugas  neng ruang isolasi darurat kasebut” ngendikane. Kanthi mangkana, mengko ana 45 ruang isolasi kanggo pasien corona. RS dr. Goeteng Tarunadibrata wis ana 23 ruangan, RS Panti Noegroho 12 ruangan, lan neng LIK Logam 10 ruang. Tekan dina Senen (23/3), jumlah pasien dalam pengawasan ( PDP) Covid-19 ana 22 orang. Meh kabeh asale sekang  njaba kutha yakuwe Jakarta lan sakupenge.

Detegasaken  neng Bu Tiwi, kanggo warga Purbalingga sing tembe teka sekang kutha, khususe sing ana kasus Corona, supaya manut karo ketentuan pemeriksaan kesehatan. Angger kondisi awake ora bugar supaya nglakokaken isolasi mandiri neng umah. “Aja lunga dhisit sekang umah selawase 14 dina, kiye kanggo nyegah penyebaran Covid  dan njaga kesehatan awake dhewek,” ngendikane ( H82-60) 

( Kabesut saka Koran Suara Merdeka-Purbalingga edisi Selasa, 24 Maret 2020 Hal. 19, kanthi owah-owahan basa saperlune)


Kegiatan 1

Nemokaken Perangan Berita adhedhasar Pitakonan






A. Wangsulana pitakon-pitakon neng ngisor kiye adhedhasar teks pawarta kasebut nganggo basa krama!

1. Prastawa apa sing deberitakna neng teks pawarta kasebut?

Wangsulan:......................................................................................................................

2. Ana neng ngendi prastawa kasebut dumadi?

Wangsulan:.................................................................................................................

3. Kapan prastawa kasebut dumadi?

Wangsulan:.................................................................................................................

4. Sekang ngendi sumber pawarta kasebut?

Wangsulan:.................................................................................................................

5. Detujokna kanggo sapa ruang isolasi kuwe?

Wangsulan:.................................................................................................................

6. Apa sing dadi target Bupati Purbalingga neng pawarta kasebut?

Wangsulan:.................................................................................................................

7. Kenangapa pemerintah daerah Kabupaten Purbalingga milih LIK Logam lan bekas RSIB Panti Nugroho kanggo dedadekna ruang isolasi?

Wangsulan:.................................................................................................................

8. Apa himbauan sekang Bupati Purbalingga kanggo para perantau sing mudik maring Purbalingga?

Wangsulan:.................................................................................................................

9. Apa cekakane ODP lan PDP kuwe?

Wangsulan:.................................................................................................................

10. Manut panemumu kepriwe carane nyegah penyebaran virus corona?

Wangsulan:.................................................................................................................



Posting Komentar untuk "Pawarta Kelas 8"