Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Wayang Ramayana

 


Wayang Ramayana 

            Ramayana klebu karya sastra epos utawa wiracarita, yakuwe wacana karyasastra kang nyritakna riwayat perjuangan sawijining paragane. Buku utawa Kitab Ramayana kiye asale sekang India anggitane Empu Walmiki. Tembung Ramayana dejukut sekang basa Sansekerta Rama lan Ayana.Tembung Rama nudhuhna jeneng paragane dene Ayana tegese perjalanan utawalelakon. Dadi tembung Ramayana bisa detegesi lelakon utawa perjalanan Rama.Paraga neng Kita Ramayana ana kang deanggep pahlawan amarga nduwenijiwa ksatriya, kendel lan wani ngorbanake apa bae kanggo mbelani bebener. Paragautama kang dadi pahlawan yakuwe Rama. Paraga liyane kang uga duweni jiwaksatriya kaya pahlawan yakuwe Laksmana, Anoman, Gunawan Wibisana,Kumbakarna, Sugriwa,Jatayu,Wilmana, Sempati lan liya-liyane.Neng ngisor kiye bakal deandharna paraga Jatayu lan Wilmana kang uga salahsiji pahlawan neng Kitab Ramayana.

Coba wacanen carita wayang sisih ngisor iki kanthi permati

RESI JATAYU


Resi Jatayu salah sijine paraga sing ana neng cerita Ramayana. Resi Jatayu kuwe awujud manuk garudha kang nduweni watek wicaksana lan bisa tata jalma kaya manungsa. Dheweke tansah eling marang Sang Hyang Agung, mulane banjur nduweni jejuluk Resi. Resi Jatayu putra ketiga Resi Briswawa karo Dewi Brahmanistri putri Bathara Brahma. Dadi kena diarani yen Resi Jatayu kuwe wayaheBathara / DewaBrahma. Resi Jatayu duwe sedulur telu yakuwe Garudha Harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isih enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya sing asmane Prabu Dasarata. Amarga eyang Prabu Dasarata asma Bathara Kandikota kekancan akrab karo Resi Briswawa. Prabu Dasarata kuwe bapake Prabu Rama.

Ana sawijining kedadeyan neng alas Dhandhaka nalika Dewi Sinta ditinggal dhewekan sewise Raden Rama, garwane lan adhine Laksmana nggoleti Kidang Kencana. Prabu Rahwana raja negara Alengka teka banjur mbudidaya nyulik Dewi Sinta. Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu weruh Dewi Sinta diculik krasa melas. Atine Resi Jatayu tambah ora tega bareng krungu tangisi Dewi Sinta. Resi Jatayu banjur aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber nladhung tangane Rahwana. Dewi Sinta sing lagi dicengkerem budi sekuate, kemudu-kudu ucul sekang panyekelRahwana. Ananging tangane Rahwana nyengkerem kenceng banget tangan Sinta. Dewi Sinta dadi ora bisa ucul. Kabeh mas, inten lan barlean anggon-anggone nganti padha rogol gigal maring lemah. Senajan wis tua Resi Jatayu tetep mbudidaya nulungi Dewi Sinta. Kanthi ngetogna sisa tenagane dheweke nyerang Rahwana. Dewi Sinta kasil direbut Jatayu banjur digawa mabur. Prabu Rahwana kanthi cepet nututi Jatayu. Wektu kecandhak, Jatayu banjur diajar entong-entongan dening Prabu Rahwana. Kanthi gagah Jatayu tetep nglawan Prabu Rahwana. Nanging Prabu Rahwana sing duweni Ajian Rawarontek lan Pancasona ora bisa dekalahna.

Wekasane badhan Jatayu tatu arang kranjang, swiwine Resi Jatayu sengkleh kenang sabetan pedhang Mantana duweke Prabu Rahwana. Dewi Sinta gageyan derebut maning nang Prabu Rahwana, banjur mesat mabur maring Alengka. Seteruse. Mung keprungu gumebrug swara Resi Jatayu ambruk tiba maring lemah. Getihabang mblabar mili sekang anggane Jatayu nelesi bumi. Wektu kue, Rama lan Lesmana uga lagi bingung nggoleti Dewi Sinta ilang sekang pesanggrahan. Rama lan Lesmana gole nggoleti Dewi Sinta kanthi ngubengi alas Dhandhaka. Nalika lagi mubeng nggoleti Dewi Sinta, lelorone ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Panggonan Sri Rama nemokake Jatayu nalika lagi sekarat diarani “Jatayumangalam” saiki diarani “Chadayamangalam”. Rama gageyan nulungi Resi Jatayu. Nanging kahanane Resi Jatayu banger ngewatiri lan wis ora bisa ditulungi.

Resi Jatayu kanthi swara pedhot-pedhot wadul marang Rama. Dheweke ngomong menawa garwane yakuwe Dewi Sinta deculik nang Raja Alengka Prabu Rahwana/Dasamuka. Ora let suwe ResiJatayu banjur nemahi pralaya. ResiJatayu gugur minangka pahlawan kang mbelani bebener. Sawise Resi Jatayu gugur, Raden Rama ngendikaa:”Hai Jatayu sing Mahamulya, panjenengan bener-bener kuat mertahanake jiwa. Amarga tresnan asihmu kekancan kanthi raket karo bapaku, katerusake maring aku puterane. Mulia banget watakmu Resi Jatayu. Nalika panjenengan gesang mau, aku ngrasakake bapaku isih gesang. Saiki nalika kowe seda, dadi nambahing sedhih ing atiku. Sawise sabda kaya mangkana, Sang Rama nglakokake upacara ngobong jenazah. Jasade Resi Jatayu olih tetesan tirta dening sawijjining wong kang 'duwe jiwa suci”, amarga minangka titisaning Wisnu.

( Kapethik sekang maneka sumber )

Posting Komentar untuk "Wayang Ramayana "