Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Bahasa Jawa Kelas 9 Materi 1 ANOMAN DUTA Pertemuan 2


Assalamu'alaikum....Sugeng enjang...
Murid-murid....ing patemon iki muga-muga kita tansah diparingi bagas waras  saengga kita bisa nindakake kuwajiban kita yaiku golek ngelmu bebarengan. sadurunge bu guru paring piwulang saiki tetepungan dhisik. Nama Bu Yetti Dwi Koristiyanti mulang Bahasa Jawa Kelas 9 E-I. Materi dina iki Wayang. Ayo diwaca materine sabanjure diwangsuli pitakone. Suwun.


Lampiran
A. Tugas Daring
1. Wacanen tuladha teks cerita wayang Ramayana iki!

ANOMAN DUTA






Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana. Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan  nggawa  bali  Dewi  Shinta  nanging  katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur menehi sayembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman   ngudhunake dadi    limang dina lan   Anggada    mangsuli   telung   dina. Pungkasan   Anoman    menang sayembara amarga dheweke saguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina.
Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk lan Bagong.
Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune.
Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge  Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nulungi si Anoman lan punakawan, diwenehi panganan lan ngombe. Anoman banjur waras saka larane lan pamit budhal nerusake laku menyang Ngalengka. Metu saka gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal menyang Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani punakawan mbacutake lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo Garudha Sempati. Garudha Sempati iku kadange Garudha Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika nulungi Dewi Shinta. Garudha Sempati banjur nulungi Anoman lan punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise ditambani Garudha Sempati. Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang Garudha Sempati lan pamit nerusake laku.
Ing tengahing laku Anoman nglewati dalan kang alus banget kaya babut utawa karpet nanging jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal maneh neng jero weteng nanging saiki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku Wajane. Sawise kasil metu saka jero wetenge Wil Kataksa, Anoman miber menyang Ngalengka. Indrajid, putrane Prabu Dasamuka kang mangerteni tekane Anoman nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajid amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha kang mangerteni bab kasebut kaget ana kethek putih banjur kesengsem.
Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali kasebut ora sesek lan bisa diagem
dening Dewi Shinta kanthi longgar mratandhakake yen Dewi Shinta isih suci. Kabukten yen
Dewi Shinta isih suci banjur menehake uga marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama susuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Shinta ngenteni banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Shinta dumadak kapriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang pasewakan. Printahe Dasamuka kang mangreteni bab kasebut, Anoman dicencang tangan  lan sikile kanggo diobong. Tanpa diweruhi  liyane, Togog,  jelmaan Sang Hyang Antaga menehi Anoman banyu sacegukan kanthi kesepakatan yen omahe Togog dijaga saka anane bebaya.
Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni ngobong kayu. Ora disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni Anoman. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti sanagara kobong kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka kobong Anoman banjur mulih saprelu sowan marang Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Ing pinggirane segara kang misahake Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka) kang semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadani dening Anoman. Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang Pancawati dening Raden Wibisana. Sabanjure teka ing Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom dening Ramawijaya lan didadekake penasihat raja. Mengkone saka Raden Wibisana kasebut Prabu Ramawijaya bisa mangreteni titik lemahe para senopati Ngalengka. Anoman kang slamet bali maneh menyang Pancawati banjur crita ngenani lakune menyang Ngalengka lan nuduhake susuk kondhene Dewi Shinta kang mratandhakake gelem baline Dewi Shinta yen dipapag Prabu Ramawijaya.
2. Simaken cerita wayang Ramayana (Anoman Duta) kasebut ing grup WA !
3. Gawea tuladha teks cerita wayang Ramayana!
4. Wacanen indah teks cerita wayang Ramayana (kanthi karekam voice WA)

Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
1. Sapa sing ndhusta Dewi Shinta ?
2. Pungkasane sapa sing menang ing sayembara kanggo mapag Dewi Shinta ?
3. Sapa bae sing ngancani Anoman budhal ?
4. Kepriwe carane Anoman bisa metu saka njero wetenge Wil Kataksini ?
5. Kepriwe carane Garudha Sempati nambani Anoman supaya mripate bisa melek ?
6. Apa sing dadi buktine manawa Dewi Shinta  isih suci ?
7. Ana ing ngendi Anoman nemokake Raden Wibisana kang semaput ?
8. Raden Wibisana dening Anoman didadekake apa ?

Posting Komentar untuk "Bahasa Jawa Kelas 9 Materi 1 ANOMAN DUTA Pertemuan 2"