Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

CRITA NARASI INFORMATIF



Tuladha Crita Narasi Informatif


PGRI Purbalingga Ngluncurna 399 Judhul Buku

Ngrembakane jagad literasi jaman sekiye pancen ngedhab-edabi. Apa maning bareng ditlisik jebul bakat-bakat nulis nang endi papan akeh pisan. Semana uga nang tlatah purbalingga. Bakat-bakat nulis mligine nang kalangan guru-guru ngrembaka kanthi cepet. Kaya bendhungan bobol, tulisan-tulisan sekang kalangan guru metu kanthi banter banget.  Puncake nalika HUT 74 PGRI lan HGN 2019, guru-guru nang tlatah Kabupaten Purbalingga ngluncurna 399 judhul buku sing dianggit dhening 225 guru sedawane wektu 10 wulan. Pancen luwar biyasa. Peluncuran buku kuwe depandhegani dhaning Bupati Purbalingga, Ibu Dyah Hayuning Pratiwi, S.E. B.Econ, MM. Lan ketua PGRI Kabupaten Purbalingga, Sarjono, S.Pd, M.Si.

Nang kesempatan kuwe deaturna buku-buku anggitane guru-guru Purbalingga kanggo bupati Purbalingga, Ketua PGRI Purbalingga, Kepala Dinas Arsip lan Perpustakaan Kabupaten Purbalingga, Ketua DPR Kabupaten Purbalingga, uga Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga.

Dyah Hayuning Pratiwi, Bupati Purbalingga negesna wondene acara peluncuran buku kuwe dadiya motipasi lan semangat kanggone guru-guru Purbalingga supayane obah, berkarya, duwe prestasi, lan manpangat tumprape masyarakat, daerah, bangsa, lan negara Indonesia.
Mbabarna 399 judhul buku pancen udu plekara gampang. Kejaba kuwe judul buku lan isine uga ora sembarangan lan kudu duwe muatan pendhidikan merga sing nulis para guru. Mulane organisasi PGRI ora lat gole nyengkuyung kegiyatan nulis tumprape guru. Sing wis biyasa nulis dewei kalodhangan kanggo nggulawantah kanca-kanca guru sing urung bisa nulis lan mesthine aweh motipasi kanggo kanca sejawat sing nglokro merga rumangsa urung prigel gole nulis. Mulane antarane guru siji lan sijne ora owel angger kudu aweh inpormasi bab kepriwe carne nulis sing bener. Sekang guyub rukune para guru kasile bisa gawe marem sakabehane. Buku sing kasil decetak ngosi 399 judhul.

Anane kewujud 399 judhul buku sing deluncurna kuwe uga wis suwe gole desiapna dening pemerintah kabupaten Purbalingga kang depandegani dening para guru, pengawas, koorwilcam, lan penerbit buku neng Purbalingga.
Ana patang angkatan gole mujudna guru-guru prigel nulis buku. Sepisan pelatihan nulis sing deanakna nang SD Negeri 1 Karangturi kecamatan Mrebet sing kegiyatane depeloni dening guru lan kepala sekolah PAUD/TK, SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK ngasi gunggunge 124 guru. Kegiyatan keperang dadi rong werna, yakuwe in service training lan on service training sing degulawentah dening Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayan Kabupaten Purbalingga, Aman Mustofa (editor buku), Nokman Riyanto (layouter), Edi Prastyo (praktisi penulis), lan owener Penerbit Buku nang Purbalingga.
Acara kapindho ana neng SD Negeri 2 Kedungmenjangan Kecamatan Purbalingga. Angkatan telu deanakna nang SD Negeri 2 Majasari Kecamatan Bukateja. Angkatan kaping papat deanakna nang SD Negeri Bojongsari.

Kegiyatan-kegiyatan sing mligine kanggo ningkatna motipasi guru-guru nulis ya ana pirang-pirang. Kejaba pelatihan nulis buku uga ana kegiyatan pameran buku. Contone, nalika pameran buku (expo) sing deanakna dening Dinas Arsip lan Perpustakaan Kabupaten Purbalingga sing deanakna nang plataran Dinarpus, buku-buku anggitane para guru uga depelokna. Mulane guru rumangsa marem merga buku-buku sing depamerna udu mung karya guru ning uga sekang MKKS SMP/SMA, Perpusdes, lan Perpuseru sekubenge Purbalingga. Literasi Purbalingga urip terus lan terus urip. Guru mulya amarga karya. (Aman Mustofa, Pegiyat Literasi Purbalingga).

(sumber : Kalawarti Ancas Nomer 116 / taun X / Edisi Januari 2020 kaca 6 – 7)



Kanggo nggampangaken anggonmu sinau, siki  buku materi Basaku Penginyongan wis ana neng koperasi siswa kanthi rega mung 10.000 rupiyan. Ayo sing rumangsa butuh enggal-enggal maring kopsis

Posting Komentar untuk "CRITA NARASI INFORMATIF"