Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA KELAS 7 TEMBANG PANGKUR




                         PIWULANG NENG SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR


Serat wulangreh salah sijine kitab anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV kang arupa tembang. Sri Susuhunan Pakubuwana IV nata ing Surakarta. Panjenengane miyos nalika 2 September 1768. Kitab Serat Wulangreh siki kaarsip ana ing Museum Radya Pustaka nang Surakarta
Serat Wulangreh kedadiyan sekang 13 pupuh. Saben pupuh nduweni piwulang kang migunani tumprap urip bebrayan. Salah sijine yakuwe Pupuh tembang Pangkur. Pupuh Tembang Pangkur ing Srat Wulangreh cacahe ana 17 pada. Isine bab tata krama, piwulang kanggo mbedakaken ala lan becik, serta piwulang cara ndeleng wateking manungsa kang mapan ing alam dunya.
Isi tembang Pangkur kiye tamtu cocok kanggo para siswa sing lagi nggolet ngelmu. Ajaran utawa piwulang kang ana bisa diugemi lan ditiru dening siswa. Amarga piwulang kiye wiwit mbiyen tekan siki isih cocog.
Falsafah lan ajaran tembang Pangkur adi luhung banget kanggo menungsa nang alam dunya. Diarani adi luhung amarga ajaran utawa piwulang sajeroning tembang Pangkur nduweni nilai filsafah sing luhur utawa duwur banget. Menawa para siswa bisa nglakoni ajaran lan piwulang sajeroning tembang Pangkur, para siswa mesthi bae bakal tumata tindak-tanduke, unggah-ungguhe, lan solah bawane.
Kejaba piwulang bab tata krama, tembang Pangkur uga ngemot piwulang kanggo mbedakaken ala lan becik. Para siswa kudu bisa mbedakaken bab kang ala lan kang becik. Bab kang ala cukup dingerteni ora usah dilakoni utawa disingkiri, dene bab kang becik utawa apik dilakoi.
Lumrahe tembang macapat duweni paugeran, semana uga tembang Pangkur. Paugerane tembang Pangkur yakuwe guru gatra utawa cacahing gatra utawa baris saben sapada. Guru gatrane tembang Pangkur ana 7 gatra/baris. Guru wilangan utawa cacahing  wanda saben segatra/baris. Guru wilangane tembang Pangkur awit baris pertama tekan baris kepitu yakuwe 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8. Dene guru lagune utawa tibaning swara ing pungkasaning gatra. Guru lagune tembang Pangkur yakuwe a, i, u, a, u, a, i. Utawa lewih gampange paugerane tembang Pangkur guru gatrane ana 7, guru wilangan lan guru lagune 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, lan 8i.
Sasmitane tembang Pangkur; pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka. Wateke tembang Pangkur; seneng, anteban ati, lan gagah. Mulapantes kanggo nyritakna crita crita kagol, gawe mangkel, pitutur kang disebabna rasa mangkel lan uga kahanan paperangan.

Coba gatekna tembang Pangkur sing dijukut sekang Serat Wulangreh  anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV ngisor kiye!
PANGKUR
1.
Sekar pangkur kang winarna,
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,
Ala lan becik puniku,
Prayoga kawruhana,
Adat waton puniku dipunkandulu,
Miwah ingkang tata krama,
Den kaesti siyangratri urip

(tembang Pangkur kiye isine nasehat
yakuwe pengabdian, kang migunani kanggo wong urip
ala lan becik ing urip kiye
perlu ko ngerteni
aturan lan adat iku kudu dingerteni lan diupakara
lan tata krama kuwe
aja mbok kelalenna awan lan wengi)

2.
Deduga lawan prayoga,
Myang watara reringa aywa lali,
Iku parabot satuhu,
Tan kena tininggala,
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
Angucap memeng anendra,
Duga duga ora lali.

 (pangira-ira ing kebecikan
aja kelalen tansah ngati-ati
merga kuwe cara kang bener
kang ora bisa ditinggalna
apik kowe lagi tangi, lungguh, ngadeg, utawa mlaku
becik kowe lagi ngomong utawa meneng
panimbang-nimbang tansah ora keri)


Negesi tembung:
1. Sekar = tembang
2. Winarna   =  nyritakna
3. Lelabuhan = perjuangan, jasa, pengabdian
4. Prayoga    = lewih becik, panglimbang (pertimbangan) sing apik
5. Kawruhana = ngerteni
6. Waton = aturan/paugeran
7. Dipunkandulu = diwruhana, dingerteni
8. Miwah = lan, karo
9. Kaesthi = diniyati, ditrapna
10. Ratri = wengi
11. Deduga/duga = pangira, pangrembug
12. Reringa         = ngati-ati banget
13. Aywa = aja
14. Parabot     = alat, piranti kanggo
15. Satuhu = sanyatane, satemene

Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA KELAS 7 TEMBANG PANGKUR"