Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

BASA JAWA KELAS 9 TEMBANG DANDANGGULA




             PIWULANG NENG SERAT WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA

       Serat Wulangreh utawa Wulang Reh  minangka karya sastra jawa awujud  tembang macapat, anggitane  Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Raja Surakarta,  sing  miyos  dina Kemis Wage jam 10 wengi, tanggal 18 Rabiul akhir, wuku Witugunung, windu Sengara tahun Je 1694, utawa tanggal 2 September 1768. Naskah Wulangreh saiki sinimpen ing  Museum Radya Pustaka  ing Surakarta
Tembung  Wulangreh saka tembung wulang lan reh. Wulang nduweni teges  pitutur  utawa piwulang.         Dene tembung  Reh saka basa  Jawa Kuna sing ateges dalan,paugeran lan laku carane nggayuh  tuntutan. Wulangreh bisa ditegesi piwulang kanggo nggayuh samubarang. Samubarang  kang dimaksud yakuwi laku tumuju  kasampurnaning urip.
       Panganggit Serat Wulangreh, Pakubuwana IV, iku putra Sinuhun Pakubuwana II, mijil saka garwa prameswari Kanjeng Ratu Kencana minangka putra kakung nomer 17. Nalika timure jejuluk Raden Mas Gusti Subadiyo, ngancik diwasa gumanti Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunegara Sudibyarajaputra Nendra Mataram. Panjenengane winisuda dadi raja ing dina Senen Paing, tanggal 28 besar tahun Jimakir 1714, utawa tanggal 18 September 1788 misuwur kanthi asma Sinuwun Bagus.

Dhandhanggula
        Tembang dandhanggula kuwe kadhapuk sekang tembung “dandang” lan “ gula “ sing artine kuwe barang kang manis. Panggambarane tembang Dhandhanggula kuwe ngenani urip pasangan anyar sing lagi seneng-senenge sebab nembe bae bisa ngrengkuh apa sing dadi gegayuhane. Merga swasana sing digambarna neng tembang Dhandhanggula kuwe nyenengna, mulane wateke tembang Dhandhanggula kuwe luwes lan ngresepaken. Paugerane tembang Dhandhanggula kaperang dadi telu yakuwe guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Guru gatra yakuwe caching larik saben sapada, guru lagu yaukwe tibaning swara vokal ing pungkasaning gatra. Guru wilangan yakuwe cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra.

a. Pathokan Tembang Dandangggula
        Guru Gatra         : 10 gatra
        Guru Wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
        Guru Lagu         : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

b. Sasmita lan Wateke Tembang Kinanthi
        Sasmitane : dhandanggula, sarkara, hartati, dhandang, madu, manis, sari bremana, gula
        drawa,  gagak, kaga tresna
c.     Watake :luwes, kemes lan ndadut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae ing ngendi
        bae, lan kahanan apa bae

Contone tembang dandanggula :

1. Pamedare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dahat mudha ing batine, nanging kedah            ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang
        katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.
2. Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang
        ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruhing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa
        punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.

Tegese tembung :
o Pamedhare : pamulange, ngandhakake, (membicarakan).
o medhar sabda : sesorah, (pidato).
o wasita : warsita, wursita, wewarah, piwulang, (nasehat).
o cumanthaka : kumawani, kumendel,( memberanikan diri).
o dhahat : banget, (sangat).
o Mudha : bodho, balilu, punggung,( bodoh).
o Ginunggung : gunggung + in = dibombong,( dibesarkan hatinya).
o Angrumpaka : nganggit, ngripta, (mengarang).
o Kalantur   : kaladuk, ngayawara,( omong kosong).
o katula-tula : ngrekasa, asor, ora ana ajine.
o Rinuruh:          : sabar, ora kesusu
o Ririh : lirih, alon, (pelan).
o Sasmita : sandi, kode,( isyarat), pratandha
o Ewuh         : ribet, ora kepenak, repot.
o tan jumeneng  : ora ngenggoni, ora mangerteni,( tidak mengetahui).
o Udani         : weruh,( tahu, faham).
o Darapon         : supaya, supadi, supados


Posting Komentar untuk "BASA JAWA KELAS 9 TEMBANG DANDANGGULA"