Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Materi Wayang lan Sanepa Kelas 9

 

MATERI WAYANG





              Wayang dumadi sekang wod “ yang/ hyang “ kang olih ater-ater wa-. Tegese roh kang bisa gawe beja cilakane manungsa. Wayang kuwe wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane menungsa. Wayang mujudake pangejawantahan pribadhi manungsa. Wayang kuwe pagelaran nganggo golek sing umume katon endah neng wewayangan lan dilakokaken dening dhalang kanthi iringan gamelan. Golek kasebut bisa sing wujude rong dhimensi utawa wujude telung dhimensi. Umume, sing wujude rong dhimensi degawe sekang kulit (walulang) sing biyasane kulit sapi utawa wedhus. Dene sing wujude telung dhimensi, lumrahe digawe sekang kayu sing direnggani panganggo sekang kain sing manekawarna adhedhasar karakter wayang kasebut. Ana sawatara panggonan, uga ana sig gawe wayang sekang suket, lan kardhus, nanging jinis wayang kiye wis arang ditemoni. 

Miturut owah gingsire jaman, wayang wis tinatah lan sinungging kanthi nggunakake media digital kanthi piranti empuk pangolah crita. Wayang sing tinatah lan sinungging kanthi media digital diarani e-wayang. 

Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngene iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.

Ing pagelaran kuwe  wayang ditanjepkna neng debog ing sisih tengen lan kiwene dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon dipentasna.

Wayang kiye ora mung sumebar neng Jawa bae, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang diakoni dening UNESCO ing tanggal 07 November 2003, dadi karya kabudayan kang edi peni ing babagan crita dongeng lan warisan sing gedhe banget gunane (Masterpiece of Oral and Intanglibe Hertigae of Humanity). Mula UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga warisan adi luhung kuwi. 

Miturut jinise wayang kuwe akeh banget dideleng sekang bahan  gawene, kayata :

1) Wayang Purwa/Kulit digawe sekang welulang, neng Banyumas diarani wayang kulit, critane sekang Mahabharata lan Ramayana.

o Wayang Kulit Gagrag Yogyakarta

o Wayang Kulit Gagrag Banyumasan

2) Wayang Madya, digawe sekang kulit critane Mahabharata ning sawise Parikesit.

3) Wayang Golek, digawe sekang kayu njukut crita sekang crita Layang Menak.

4) Wayang Jawa, pepethan gambar manungsa digawe sekang kulit lakone Pangeran Diponegoro.

5) Wayang Dupara, digawe sekang kulit, lakone Kraton Demak nganti tekan jaman Surakarta.

6) Wayang Wahyu, digawe sekang welulang, critane sekang Kitab Injil.

7) Wayang Wong, sing dadi paraga wong njukut crita Ramayan lan Mahabharata.

8) Wayang Kancil, digawe sekang kulit, lakone Kancil.

9) Wayang Krucil, digawe sekang kayu gepeng, lakone Damarwulan.

10) Wayang Beber, wujude gambar beberan, lakone Panji.

11) Wayang Gedhog, wujude welulang lakone uga crita Panji.

12) Wayang Menak, digawe sekang welulang critane Layang Menak.

13) Wayang Jemblung, wayang sekang kayu kawangun wong sumebar ing dhaerah pesisir lor pulo Jawa, Blora, Cepu, critane bab cacad (kaya kethoprak)



SANEPA

      Sanepa yakuwe unen-unen sing tegese mbangetake nanging nganggo tembung kososk balen lan  kedadyean saka dhapukaning tembung watak lan tembung aran.
Tuladhane:
Polahe anteng kitiran
Tegese: polahe akeh banget diumpamakake kaya kitiran
Awake kuru semangka
Tegese: awake lemu banget diumpamake kaya semangka

TEGESANA SANEPA ING NGISOR IKI BANJUR WANGSULANE DIKIRIM ING GC!

Sanepa ing ngingsor iki goletna tegese!

1. Mbakayu Jum nek gawe kopi kuwe rasane legi brantawali.
Tegese:..................................................................................................................................
2. Dadi wong kuwe kudu bisa sesrawungan renggang gula kumepyur pulut karo tanggane supaya uripe tentrem.
Tegese:..............................................................................................................................
3. Adi tiba sekang motor tatune arang kranjang mula digawa menyang rumah sakit.
Tegese:...........................................................................................................................
4. Anisa umure wis lima taun naning bobote abot kapuk.
Tegese:...........................................................................................................................
5. Nek tuku ayam goreng kuwe sing balunge atos debog mengko si mbah melu dhahar.
Tegese:............................................................................................................................


Posting Komentar untuk "Materi Wayang lan Sanepa Kelas 9"