Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

UNGGAH- UNGGUH BASA LAN ARANE DINA KELAS 8

 Ragam Basa Krama Alus



Bahasa Jawa minangka bahasa sing ngenal anane tingkat tutur utawa undha usuk basa utawa unggah ungguh basa. Anane tingkat tutur sajerone basa jawa minangka adat sopan santun bahasa Jawa. Adat sopan santun nudhuhaken tindak tanduk masyarakat.Tingkat tutur kuwe variasi basa sing bedane siji karo sijine detentukna neng bedane sikap santun sing ana neng sajerone pamicara lan lawane.

Bahasa kuwe sifate dinamis, artine bisa owah ngetut karo ewah gingsiring jaman. Neng basa Jawa uga mangkana. Basa Jawa ana 2  jenis yakuwe ngoko lan krama. Basa ngoko dinggo kanggo sesambetan utawa komunikasi karo wong sing wis kulina ing bebrayan  lan dianggep sepadha-padha. Basa ngoko debagi 2 yakuwe ngoko lumrah / lugu lan ngoko alus, sing dumadi sekang basa ngoko dikantheni tembung-tembung krama inggil kanggo ngurmati maring wong sing diwicantenaken/digunemaken.

Dene basa krama uga debagi 2, krama lumrah / lugu lan krama alus sing dumadi sekang basa krama dikantheni tembung-tembung krama inggil kanggo ngurmati maring wong sing diajak wicantenan utawa guneman utawa wong sing diwicantenaken/digunemaken.  Undha usuk kiye sing depelajari neng sekolah. Neng pembahasan kiye, sing arep derembug kuwe ragam Basa Krama Alus.

Undha usuk kasebut bisa digambaraken kaya dene skema neng ngisor kiye:

                                         

Basa Ngoko =  -Ngoko lugu/lumrah            Basa Krama = - Krama lugu/lumrah

            -Ngoko alus                       -Krama alus

Tuladha:

1. Basa ngoko lugu/lumrah

        Mau Bu Bambang konkon aku supaya menehake layang marang kowe.

2. Basa ngoko alus

        Mau Bu Bambang ngutus aku supaya nyaosake layang  marang panjenengan.

3. Basa krama lugu

         Wau Bu Bambang kengken kula supados nyukakaken serat dhateng sampeyan.

4. Basa Krama alus

        Wau Bu Bambang ngutus dalem supados nyaosaken serat dhateng panjenengan.

Basa Krama alus dienggo dening: 

1. Anak maring wong tuwa (bapak/ibu)

2. Murid maring guru

3. Bocah enom maring wong sing umure  luwih tuwa

4. Wong sing tembe bae tepung/kenal 


ARANE/JENENGE DINA, PASARAN, WULAN/SASI, TAUN, WUKU, WINDU, KIBLAT


1. Sapta Wara
        Sapta wara yakuwe jenenge dina sing cacahe ana pitu (7). 

        1. Ahad (Minggu) = Dite
        2. Senen = Soma
        3. Selasa = Anggara
        4. Rebo = Buda
        5. Kemis = Respati
        6. Jemuwah = Sukra
        7. Setu = Tumpak

2. Panca Wara
        Panca wara uga diarani dina pasaran yakuwe dina sing cacahe ana lima (5).

        1. Pon = Palguna
        2. Wage = Cemengan
        3. Kliwon = Kasih
        4. Legi = Manis
        5. Pahing = Jenar

3. Arane Wuku (Pawukon)
       Sewuku umure seminggu, cacahe ana telung puluh (30), yakuwe:

      1.Wuku Shinta 16. Wuku Pahang
      2. Wuku Landhep 17. Wulu Kuruwelut
      3. Wuku Wukir 18. Wuku Marakeh
      4. Wuku Kurantil 19. Wuku Tambit
      5. Wuku Tolu 20. Wuku Medhangkungan
      6. Wuku Gumbreg 21. Wuku Maktal
      7. Wuku Warigalit 22. Wuku Wuye
      8. Wuku Warigagung 23. Wuku manakil
      9. Wuku Julungwangi 24. Wuku Prangbakat
     10. Wuku Sungsang 25. Wuku Bala
     11. Wuku Galungan 26. Wuku Wungu
     12. Wuku Kuningan 27. Wuku Wayang
     13. Wuku Langkir 28. Wuku Kulawu 
     14. Wuku Mandhasiya 29. Wuku Dhukut
     15. Wuku Julungpujut 30. Wuku Watugunung

4. Arane Wulan/Sasi Arab

        1. Muharram 7. Rojab
        2. Safar 8. Sya’ban
        3. Rabi’ul Awal 9. Romadlon
        4. Rabi’utstsani 10. Syawal
        5. Jumadil ‘ula 11. Dzulqo’idah
        6. Jumadil Tsaniyah 12. Dzulhijah

5. Arane Wulan/Sasi Jawa 

      1. Sura 7. Rejeb/Rajab
      2. Sapar 8. Ruwah/Sadran
      3. Mulud 9. Pasa/Puasa
      4. Bakda Mulud 10. Sawal
      5. Jumadil Awal 11. Apit
      6. Jumadil Akhir 12. Besar/Aji

6. Arane Taun
        Arane taun Jawa ana wolu (8) yakuwe :

       1. Taun Alip 5. Taun Dal
       2. Taun Ehe 6. Taun Be
       3. Taun Jimawal 7. Taun Wawu
       4. Taun Je 8. Taun Jimakir

7. Arane Windu
       Windu kuwe etungan saben wolung taun sepisan.

       1. Windu Adi
       2. Windu Kuntara
       3. Windu Sangara
       4. Windu Sancaya

8. Arane Wilangan

       1. Siji = Eka 8. Wolu = Astha
       2. Loro = Dwi 9. Sanga = Nawa
       3. Telu = Tri 10. Sepuluh = Dasa
       4. Papat = Catur         11. Satus = Sata
       5. Lima = Panca         12. Sewu = Sasra
       6. Nem = Sad 13. Sepuluh ewu = Saleksa
       7. Pitu = Sapta         14. Satus ewu = Sakethi

9. Arane Kiblat

       1. Lor = Uttara
       2. Kidul = Daksina
       3. Wetan         = Purwa
       4. Kulon         = Pracima


Posting Komentar untuk "UNGGAH- UNGGUH BASA LAN ARANE DINA KELAS 8"