Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Unggah-Ungguhing Basa KELAS 9

            Unggah-Ungguhing Basa





 

A.      Gatekna pacelathon ngisor kiye!

 

Agung

:

”Sugeng Siyang Pak Lurah, ketingale radi kesesa, ajeng tindak pundi, Pak?”

Pak Lurah

:

“Eh ko Gung, sugeng siyang, lha ko deneng neng kene agi ngapa Gung?”

Agung

:

“Enggih niki saweg ngentosi rencang-rencang, ajeng bal-balan teng lapangan, Pak Lurah”.

Pak Lurah

:

“Ooh kaya kuwe, kiye Pak Lurah ya arep maring lapangan, niliki para Panitia Agustusan sing agi nyiyapna panggung lan papan kanggo mengko mbengi, Gung”

Agung

:

“Lho, nuwun sewu teng lapangan ajeng wonten acara napa nggih Pak Lurah?”

Pak Lurah

:

“Apa ko ora ngreti Gung, mengko mbengi bakal ana wayang kanthi dhalang Eko Suwaryo sekang Gombong”

Agung

:

“Oh ngaten nggih Pak, waah menawi mboten wonten alangan kula ajeng ningali mangke dalu Pak Lurah”

Pak Lurah

:

“Ya apik kuwe Gung, mumpung ana kalodhangan ayo padha nonton wayang, kanggo nguri-uri budaya adiluhung sing kena kanggo tontonan lan tuntunan.”

Agung

:

“Enggih Pak Lurah, mangke dalu kula ajeng ngajak rencang-rencang ningali ringgit purwa sedalu natas.”

 

Katrangan:

Ukara- ukara sing diucapna dening Agung, nggunakna Basa Krama Alus.

Dene ukara-ukara sing deucapna Pak Lurah nggunakna Basa Ngoko Lugu.




Wangsulana ukara - ukara ing ngisor iki nganggo basa krama alus. Wangsulan dikirim ing Google Classroom!

Ukara- ukara mawa basa Ngoko Lugu ngisor kiye owahana dadi basa Krama Alus!

1. Pak Lurah nonton wayang purwa sawengi nutug ana ing Lapangan Sida Mulya, malem ahad wingi.

2. Manut kandhane Pak Lurah, Bapak Bupati uga teka lan lek-lekan ing acara wayangan wengi kuwe.

3. Ayo para sedulur, aja nganti kelalen maring budaya sing adiluhung kiye.

4. Aku wis ngomong ibu, menawa mengko bengi sekangnca arep nonton wayang ing lapangan.

5. Sapa bae ora kena mbantah prentahe wong tuwa.


Posting Komentar untuk "Unggah-Ungguhing Basa KELAS 9"