Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA DHANDHANGGULA 2 KELAS 9





Carane Gawe Tembang

Jajal gatekna carane gawe tembang macapat:
1. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep digawe tembang.
2. Temtokna tembang apa sing arep digawe, apa Dandanggula, mijil, Pocung Maskumambang lan liya-liyane. Kudu ngerti wateke tembang-tembang macapat sing cacahe ana 11:
   a. Maskumambang watake nelangsa keranta-ranta.
   b. Pocung watake sembrana, gecul, ora ana greget saut.
   c. Asmaradana watake sengsem.
   d. Megatruh watake ngloro, sedhih.
   e. Sinom watake grapyak, renyah.
   f. Dhandhanggula watake luwes, ngresepake.
   g. Mijil watake asih, tresna.
   h. Kinanthi watake sengsem.
   i. Gambuh watake kulina, nepung-nepungake.
   j. Pangkur watake sereng, tegas.
   k. Durma watake nesu, muntab.
3. Tulisen guru gatra, guru wilangan lan guru lagune.
4. Gawenen ukara-ukara kang salaras karo paugerane tembang.
5. Titinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara kang dipilih, lan kudu cocok karopaugerane tembang sing wis digawe.

Tuladha Gawe Tembang Dandanggula, kanthi paugeran kaya ing ngisor iki:
1) Undering gagasan : Slamet donya akhirat
2) Sasmitane tembang Dhandhanggula : manis, sardula, madu, drawa, gendis
3) Paugeran tembang Dhandhanggula:
   Guru gatra : 10 gatra
   Guru lagu lan guru wilangan  : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
4) Tembung-tembung sing selaras lan mathuk kanggo tema : ilmu, jariyah, donya, agama, akhirat


Dhandhanggula

ngelmu sing bisa digawa mati
Mung ngelmu kang manfaat lan jariyah
Wancinane uripmu
Merga urip ing donya iki
Namung urip mung sedhela
Bebarengan ngelmu
ngelmu kang marang agama
Kunci keslametane ndonya iki
Ing donya lan akherat

Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA DHANDHANGGULA 2 KELAS 9"