Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA PARAMASASTRA KELAS 7





TEMBUNG KOSOK BALEN
Tembung kosok balen yakuwe tetembungan kang tegese lelawanan/kewalikane. Nang bahasa Indonesia tembung kosok balen dijenengi lawan kata utawa antonim. Tuladha ukara sing nganggo tembung kosok balen.
1. Kapuk sakandi kae nek dijunjung entheng, ora kaya beras sekandi nek dijunjung abot.
2. Wulan siki yen esuk adhem banget, nanging yen awan panas banget.
3. Wingi dodole bathi 150.ewu, eh dina siki tuna sepuluh ewu.
Tembung entheng lan abot, adhem lan panas, bathi lan tuna kuwe kelebu tembung kosok balen.

TEMBUNG LUGU LAN TEMBUNG ENTAR
Tembung lugu yakuwe tembung sing duwe teges sewantahe/sabenere tanpa ana teges liya-liyane.
Tembung entar yakuwe tembung sing nduweni teges ora sawantahe/ora sebenere utawa kiasan, sing bisa ditegesi /diartikna manut surasane ukara.
Gatekna ukara ngisor kiye!
a) Saben esuk Wiga adus banyu anget.
b) Direwangi adus kringet saben dina, Mbah Jono durung bisa gawe omah sing bagus.
c) Gaman kethul ya nggo negor pring angel banget.
d) Bocah kethul pikire kon nggarap soal gampang be meneng bae.
Neng  ukara a) tembung adus nduweni teges sewantahe yakuwe adus ngresiki awak, dene adus neng ukara sewantahe yakuwe adus ngresiki awak, dene adus neng ukara b) nduweni teges nyambut gawe utawa sregep olehe nyambut gawe. Semana uga tembung kethul neng ukara c) nduwe teges lugu utawa sawantahe yakuwe ora landhep. Dene neng ukara d) tembung kethul nduwe teges bodho. Tembung adus lan kethul nang ukara a) lan c) nduwe teges sawantahe utawa kalebu tembung lugu. Dene tembung adus keringet lan kethul uteke nang ukara b) lan d) nduwe makna ora sawantahe utawa kias, mula tembung mengkono diarani tembung entar.

Tuladha tembung entar:
Abang kupinge = jengkel
Bening atine = nyenengna
(m)balang liring = nglirik
Cagak urip = kanggonyambung kebutuhan urip
Dawa ususe = sabar

Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA PARAMASASTRA KELAS 7"