Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

BAHASA JAWA KELAS 7 MATERI 2 PARAMASASTRA WACANA NARASI

💦 MATERI 2

PARAMASASTRA WACANA NARASI 💦


1.     Tembung lingga

Tembung lingga yaiku tembung sing durung diowahi soko asale, utowo tembung asline utowo tembung wungkul durumg ditambahi imbuhan liyane jik asli, 
Tuladha:
Adus, ngarit, turu, meja, kursi,dolan, tandur  cekel, mulih, tibo

2.     Tembung Andahan

Tembung andahan Yaiku tembung sing wis owah soko asline, tembung sing wis  diimbuhi ing nģarep tengah utowo mburi, tembung andahan yaiku tembung lingga sing uwis dirimbag. Owah-owahan kui bisa awujud :

-        Wuwuhan (imbuhan)

-        Ngrangkep tembung (dwilingga, kata ulang/reduplikasi)

-        Nyambor tembung (kata majemuk)

a.       Wuwuhan

Wuwuhan kuwe ana telu yakuwe, ater-ater (awalan), Seselan (sisipan), lan panambang (akhiran).

Tuladhane ater-ater:

1.     Ater-ater anuswara (n, m, ny, ng)

Tulandha :     n + tampa: nampa,

m + pangan: mangan,

ny + sapu: nyapu,

ng + goring: nggoreng

2.     Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)

Tulandha :     kok + pangan: kokpangan,

di + jambak: dijambak,

dak + masak: dakmasak

3.     Ater-ater lingga andhahan (sa, pa, pi, ka, ke, ma, pra, pari, tar

Tuladha :        sa + wengi: sawengi,

pa + mudha: pamudha,

pi + tutur: pitutur,

ka + tabrak: katabrak

ke + jedhug : kejedhug

ma + lumpat : malumpat

 

Tuladhane panambang:

1.     Panambang ku, mu, e

Tuladha : Buku + ku: bukuku, Sapu + mu: sapumu, Jaran + e: jarane

2.     Panambang an

Tuladha : Gawa + an: gawan

3.     Panambang i

Tuladha : Suwek + i: suweki

4.      Panambang a, na, ana, en

Tuladha : Jupuk + a: jupuka, Pangan + na: panganna, Sapu + ana: saponana, Jaga + en: jaganen

5.      Panambang ake

Tuladha : Gambar + ake: gambarake

6.      Panambang ne, ing

Tuladha : Bapak + ne: bapakne, Abang + ing: abanging

 

Tuladhane seselan:

1.     Seselan in:

Tuladha : Cedhak + in: cinedhak, Titah + in: tinatah

2.      Seselan um:

Tuladha : Bagus + um: gumagus, Tindak + um: tumindak

3.      Seselan l, r:

Tuladha : Siwer + l: sliwer, Kelip + r: krelip

 


3.     Tembung Tembung Rangkep

Tembung rangkep yaiku tembung kang windo utowo linggane kerangkep loro tembung sing di woco rangkep pindo, sakabehung tembung ingkang rangkep pindo

-        Dwilingga padha swara/wantah

Diarani dwilingga padha swara amarga linggane diucapake ping pindho (disebut dwilingga padha swara karena kata dasarnya diucap dua kali).
Tuladha :  Panas-panas,

maca-maca,

guru-guru,

abang-abang

-        Dwilingga salin swara

Dwilingga kang swarane wis ganti/ malih (dwilingga yang kata dasarnya berganti huruf vokal).

Tuladha :  bola-bali,

mloya-mlayu,

mloka-mlaku,

-        Dwipurwa

Dwi artinya dua, purwa berarti awalan. Tembung rangkep dwipurwa yaiku tembung kang dirangkep wanda/suku kata ana ing ngarep dhewe ( tembung rangkep dwipurwa adalah tembung rangkep yang diulang suku kata bagian depan atau suku kata pertama).

Tuladha :  Luhur = lu+luhur = leluhur 

Tamba = ta+tamba = tetamba

Jamu =  ja+jamu= jejamu

Tuku =  tu+tuku    = tetuku.

-        Dwiwasana

Dwi artinya dua, wasana artinya penutup. Tembung rangkep dwiwasana yaiku tembung kang dirangkep wanda/suku kata ana ing mburi dhewe (tembung rangkp dwiwasana adalah tembung rangkep yang di tumpuk suku nkata bagian akhir).

Tuladha :  cekik : cekik+kik = cekikik

cenges : cenges+nges =cengenges

cengis : cengis+ngis =cengingis

cethet : cethet+thet =cethethet

-        Dwilingga semu

Dwilingga semu uga diarani dwilingga murni,amarga tembung-tembung mau ora ana linggane (disebut juga dwilingga murni, karena kata ulang ini sebenarnya bukan kata ulang)

Tuladha:   orong-orong,

kupu-kupu,

angga-angga,lsp.

 

 🎈                                                                                                     🎈

Posting Komentar untuk "BAHASA JAWA KELAS 7 MATERI 2 PARAMASASTRA WACANA NARASI "