Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA KELAS 7 CERITA RAKYAT

 



                                                                        Cerita Rakyat




       Crita Rakyat yakuwe crita kang lumrah amung kanggo lelipur para putra kang arep mapan turu, utawa kanggo bahan obrolan kalaning nganggur. Nanging beda menawa sing dicritakake kuwe sejarah, cathetan kang samesthine ana nang nagara kanggo dasar madeging sawijining nagara. Sakang crita kiye bisa tuwuh pamikiran, gagasan, lan apa bae kang tundhone kepengin ndadekaken nagara kuwe dadi apik lan maju. Temtu sawijining dhaerah kang duwe crita rakyat kang onjo, bisa gawe mongkokg kabeh wargane. Kosok baline, sawijining dhaerah kang madeg adhedhasar kabutuhan, ngrembakane wilayah, ora dikantheni dasar filosofis, racake ampang, malah bisa asring dadi dredah krana angel golek paraga kang bisa tinuladha.

       Crita rakyat mujudaken crita kang thukul ana ing sakiwa-tengene papan dunung kita kabeh. Crita rakyat kiye tanpa pangripta/pengarang utawa sinebut anonim. Anane crita rakyat ora dingerteni sumbere, crita rakyat sumebar lumantar crita lisan, turun tumurun. 

       Crita rakyat bisa langgeng amarga diyakini akeh pitutur kang wigati kanggo urip bebrayan nang alam donya. Wong-wong tuwa biasa nyritakaken sadurunge putrane turu. Mula ayo saiki nyinau bab crita rakyat kanthi wekel.


Teks Cerita Rakyat Awujud Legendha

                                   Mula Bukane Desa Pepedan, Kecamatan Karangmoncol

       Miturut manuskrip (naskah kuno), kocap kacarita rumiyin ing bumi Pasundan wonten pertapa ingkang linuwih katurunan saking Pajajaran inggih menika Pangeran Jambu Karang, putra Prabu Brawijaya Mahesa Tandreman. Salebeting tapa, Pangeran Jambu Karang menika angsal wangsit. Dene wangsitipun supados mados sumbering cahya. Dene Pangeran Jambu Karang menika teras jengkar saking bumi Pasundan madosi sumbering cahya.

       Cahya menika arahipun wonten ing wetan. Pangeran Jambu Karang banjur mlampah dumugi tempuran saking kalih lepen inggih menika lepen Karang lan lepen Gintung. Wonten ing lepen niku, Pangeran Jambu Karang nerasaken  tapanipun. Salebeting tapa, kepanggih tiyang ingkang asma Kyai Antas Angin. Banjur Pangeran Jambu Karang lan Kyai Antas Angin sami  adu kasekten.

       Ananging sadangunipun adu kasekten kasebut, Pangeran Jambu Karang kapeped lan ngakoni bilih kasektenipun luwih unggul Kiyai Antas Angin. Pangeran Jambu Karang ingkang waunipun dados Raja Sunda. Penjenengane Pangeran Jambu Karang lajeng dipun bengat dening Kiyai Antas Angin supados mlebet agama Islam lan dipunjuluki Syeh Jambu Karang.

       Saderengipun nglajengaken mlampahipun, Syeh Jambu Karang medal sabda, ing besuk bumi iki tak jenengi "Pepedan" amargi anggenipun adu kasektenan Syeh Jambu Karang kalah ngantos kapeped.

       Lajeng Syeh Jambu Karang nerasaken mlampahipun dumugi ing Gunung Ardilawet lan ngantos seda wonten ing mriku. (sumber: http://alas-news.blogspot.com)


Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA KELAS 7 CERITA RAKYAT"