Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA KELAS 9 SANDIWARA/DRAMA


 


                                                            SANDIWARA / DRAMA

       Sandiwara (drama) sawijining karya sastra kang wujude pecelathon (dialog) lan gerak. Tembung sandiwara kuwe asale sekang tembung sandi lan warah. Sandi kuwe tegese sinamun, samar utawa ora langsung (rahasia), dene warah tegese piwulang utawa pitutur. Dadi sandiwara tegese piwulang sing nganggo cara ora langsung utawa ora terang-terangan merga nganggo crita sing wujude pacelathon. 

       Sandiwara utawa tonil kuwe wujude pacelathon utawa omong-omongan antara wong siji lan sijine. Ning anggone ngomong ora sakarepe dhewek, kudu manut naskah sing wis digawe dening skenario. Ing crita sajrone pacelathon kuwe ngandhut piwulang utawa pitutur kanggo sing nonton lan sing ngrungokna. 

       Seni pagelaran sandiwara kuwe awale muncul wiwit jaman perjuangane Pangeran Sambernyawa nglawan penjajah bangsa Walanda. Nalika semana, kanggo aweh kabar/warta marang masyarakat ngenani pangajak nglawan penjajah bangsa Walanda dibabar lumantar sawijining pagelaran/tontonan. Pangeran Sambernyawa karo prajurit lan pendhereke nganakake sawijine tontonan/pagelaran. Ing tontonan kuwe kabar bab perjuangan diwartakaken kanthi cara sandi utawa kode. Merga sekang kuwe tontonan kuwe dijenengi sandiwara.

       Sandiwara  kaya dene karya sastra liyane, yakuwe  duwe perangan-perangan kang mapan ing sajroning karya. Perangan-perangan sandiwara  kuwe kabangun sekang unsur-unsur intrinsik kayata : tema, watak, setting, plot, lan amanat.

a. Tema yakuwe underaning rembug. Tema kuwe dhasaring crita ing sandiwara mula diarani ide         sentral.

b. Paraga (tokoh) kuwe sapa bae sing dicritakake ing sandiwara kasebut. Ing paraga      kuwe  ana             paraga protagonis lan paraga antagonis

c. Watak yakuwe kuwalitas tokoh, kuwalitas nalar lan jiwane sing mbedakna karo       paraga liyane.         Yen nggoleti utawa nyandhaki tokoh lan watake pamriksa kudu      nggatekna sandiwara kuwe wiwit     ngarep nganti rampung.

d. Setting utawa latar yakuwe kapan, ana ngendi lan kahanan kepriwe crita mau kadadean. Wektu iku        ana sesambungane karo wayah (udan, ketiga, banjir, lsp),  wanci (esuk,  awan, sore, bengi, lsp) lan         wektu (Saumur jagung, sagebyaring kilat, jam 7, lsp). Papan iku ana sesambungane karo enggon            (alas, pasar, kantor,sekolahan, lsp), sisih  (wetan, kulon, kidul, lor, lsp), lan papan (jero, cethek, rata,     lsp). Kahanan iku ana  sesambungane karo padhang, peteng, rame, sepi, lan sapanunggalanipun.

e. Plot utawa alur nerangake lakuning crita, ana alur maju lan alur mundur.

f. Amanat kuwe gagasan (pesan) sing kepengin dikandhakna dening sing nulis crita      marang sing            nonton, ngrungokna lan maca naskah sandiwara.


TETEMBUNGAN ING SANDIWARA

Ing ngisor kiye tembung-tembung sing ana gandhenge karo sandiwara, umpamane:

a. Babak yakuwe perangan sekang lakon sandiwara. Neng pementasan sandiwara kadhang-kadhang            selakon sandiwara bisa kedadeyan sekang sebabak utawa luwih.

b. Adegan yakuwe perangan babak sing nggambarake sawijine swasana sekang pirang-pirang swasana     neng babak.

c. Dialog yakuwe pacelathon sing ditindakake para paraga neng sejrone sandiwara. 

d. Skenario  yakuwe cengkorongan urut-urutane crita baku sing bakal diparagakna dening para paraga.

e. Prolog  yakuwe ukara kanggo mbukani sawijine lakon sandiwara. Prolog kuwe penting banget merga     duwe tugas aweh pangerten maring pamirsa bab lakon sandiwara sing arep dipentasna.

f. Epilog kuwe kosokbaline prolog, ukara kanggo nutup pungkasane pementasan sandiwara.

g. Irama utawa Musik, Irama kuwe penting banget ana neng sandiwara merga bisa aweh gambaran            swasana wektu  sandiwara kuwe dipentasna.


Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA KELAS 9 SANDIWARA/DRAMA"