Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA KELAS 9 SESANTI & UNGGAH-UNGGUH BASA





SKL
PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS)
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
KURTILAS


Satuan Pendidikan : SMP
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IX (Sanga)


SATNDAR KOMPETENSI/ KOMPETENSI DASAR
3.3  Menelaah naskah sandiwara.
4.3 Menulis dan menyajikan naskah sandiwara.
3.2  Menelaah teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula.
4.2  Menulis syair tembang macapat Dhandhanggula
4.5  Mengalihaksarakan syair tembang macapat Dhandhanggula karangan sendiri dari huruf Latin ke huruf Jawa. (Aksara Murda)
 
SANDIWARA/DRAMA
1. Materi Sandiwara/drama
2. Sandiwara “Bubar Siji Bubar Kabeh”
3. Gawe Naskah Sandiwara
4. Sesanti
5. Unggah-ungguhing basa


ADICARA ADAT
1. Materi Upacara Adat Jawa
2. Uparara Tedhak siten lan Begalan
3. Parikan
4. Aksara Jawa (jinise pada lan pratandha)

KOMPETENSI YANG DINILAI
1. Memahami isi wacana
2. Mengartikan kata-kata sulit.
3. Menyimpulkan wacana
4. Unggah-ungguhing basa
5. Paramasastra parikan
6. Membaca dan menulis aksara Jawa (tembang Dandanggula nganggo aksara Jawa)

MAYUH PADHA MOLAIH DISINAONI BUKU "BASAKU PENGUNYONGAN"E WULANGAN 3 LAN 4 KANGGO PERSIAPAN NGADHEPI PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) SING BAKAL DILEKSANAKNA WIWIT TANGGAL 23 NOVEMBER 2020. MUMPUNG ESIH ANA WEKTU.




Sesanti
Sesanti utawa lambang yakuwe tetembungan sing ngemu pitutur tumrap wong urip bebrayan
Tuladha :
1. Adigang, adigung, adiguna.
Tegese : Wong sing ngendelaken kekuwatan, keluhuran lan kepinteran.
2. Ajing sarira saka busana, ajining dhiri saka lathi.
Tegese : Awake dhewek bakal diormati sekang carane nganggo busana lan omongane.
3. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
Tegese : Apa-apa kang ngalang-alangi kekarepan / usahane bakal disirnakna.
4. Becik ketitik ala ketara.
Tegese : Kabeh panggawe ala lan becik bakal kewenangan neng tembemburine.
5. Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah.
Tegese : Rukun ndadekake santosa/kuwat, congkrah ndadekake bubrah.
6. Sapa salah seleh.
Tegese :  sapa sing salah bakale kalah.
7. Sapa jujur bakal luhur.
Tegese : Sapa sing jujur bakal oleh kaluhuran.
8. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti.
Tegese : Angkara murka/kejahatan ilang dening kabecikan/alusing budi.
9. Mikul dhuwur mendhem jero
Tegese : Njunjung drajate wong tuwa.
10. Sapa temen bakal tinemu.
Tegese : Sapa sing temenanan bakale olih kasil.

Gladhen: (Digarap neng buku tulis utawa buku materi banjur difoto lan dikirim maring email: pangatperwira@gmail.com, aja kelalen data identitasmu ya!)
Sesanti ing ngingsor kiye jajal digoleti apa tegese!

1. Ati suci marganing rahayu.
   Wangsulan : .......................................................................................
2. Yitna yuwana lena kena.
   Wangsulan : .......................................................................................
3. Desa mawa cara negara mawa tata.
   Wangsulan : .......................................................................................
4. Gemah ripah loh jinawi, ayem tentrem karta raharja.
   Wangsulan : .......................................................................................
5. Sepi ing pamrih, rame ing gawe.
   Wangsulan : .......................................................................................
6. Sabaya pati, sabaya mukti.
   Wangsulan : .......................................................................................
7. Berbudi bawa leksana.
   Wangsulan : .......................................................................................
8. Lamun pinter aja ngguroni.
   Wangsulan : .......................................................................................
9. Ngomonga nganggo wewaton, aja waton ngomong.
   Wangsulan : .......................................................................................
10. Dalane waskitha saka niteni.
    Wangsulan : ......................................................................................


Unggah-ungguh Basa
Basa Jawa manut unggah-ungguhe kaperang dadi :
1. Ngoko lugu, nganggone ngoko kabeh.

Panganggone :
a. Bocah maring padha bocah.
b. Wong tuwa maring wong enom.
c. Guru maring muride.
d. Wong grenengan neng batin.

Tuladha :
a. Aku mau mangkat sekolah jam 06.30.
b. Ko wingi sore sekang endi karo bapakmu?
c. Pak, aku njaluk dhuwite kanggo tuku LKS.

2. Ngoko alus, nganggone ngoko dicampur krama utawa krama inggil, sing nganggo krama utawa krama inggile:
   a. Perangane awak sing diurmati.
   b. Kahanane wong sing diurmati.
   c. Pagaweane wong sing diurmati.
   d. Panganggone wong sing diurmati.

Panganggone :
A. Wong –tuwa maring wong tuwa sing wis akrab.
B. Wong tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate.
C. Ibu marang garwane (bapak).

Tuladha :
a. Angger arep tindak nganah, aku takmelu ya Pak.
b. Panjenengan  wingi sore kondur jam pira?
c. Simbah lagi sare ana ing kamar.

3. Krama lugu, nganggone krama kabeh, ater-ater lan panambange ngoko.
   Panganggone :
   a. Kanca maring kanca sing durung akrab.
   b. Wong tuwa maring wong enom kanggo ngajeni.

Tuladha :
a. Pak Sapta saweg madosi griyane Mbah Karta.
b. Adhik nembe mawon diparingi arta dening eyang.
c. Bapak saweg tilem wonten kamar wingking.

4. Krama alus sing dienggo krama lan krama inggil, ater-ater lan panambang krama.
   Panganggone :
   a. Anak maring wong tuwa.
   b. Murid maring gurune.
   c. Wong enom maring wong tuwa.
   d. Wong sing nembe kenal.
   e. Andhahan maring pimpinane.

Tuladha :
a. Pak Sapta saweg madosi dalemipun  Mbah Karta.
b. Adhik nembe kemawon ndipunparingi arta dening eyang.
c. Bapak saweg lenggahan wonten teras ngajeng.

Gladhen : (Digarap neng buku tulis utawa buku materi banjur difoto lan dikirim maring email: pangatperwira@gmail.com, aja kelalen data identitasmu ya!)
Jajal ukara ngingsor kiye diganti nganggo basa ngoko alus, krama lugu lan krama alus.

1. Bapak mangkat nyambut gawe sauwise dhahar.
   Wangsulan : ....................................................................................
2. Ibu sekang pasar tuku klambi kanggo Bapak.
   Wangsulan : ....................................................................................
3. Bapak mau esuk aweh dhuwit kanggo tuku LKSku.
   Wangsulan : ....................................................................................
4. Simbah ora bisa mlaku merga lara sikile.
   Wangsulan : ....................................................................................
5. Mas Didik, kowe duwe umah neng endi?
   Wangsulan : ....................................................................................

Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA KELAS 9 SESANTI & UNGGAH-UNGGUH BASA"