Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA KELAS 7 RURABASA &UNGGAH-UNGGUH BASA




SKL
PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GASAL
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
KURTILAS

Satuan Pendidikan : SMP
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VII (Pitu)

STANDAR KOMPETENSI/ KOMPETENSI DASAR

3.3. Memahami isi teks cerita cerita rakyat.
4.3.Menceritakan kembali cerita-cerita rakyat.
3.4. Memahami isi teks cerita  pengalaman pribadi
4.4. Menulis teks cerita penga laman pribadi
4.5 Membaca nyaring dan menulis teks 1 (satu) paragraf berhuruf Jawa.



MATERI

CRITA RAKYAT
1. Materi Crita Rakyat
2. Wacan “Mula Bukane Desa Pepedan, Kecamatan Karangmoncol”
3. Wacan “Kancil karo Monyet”
4. Tembung rura basa lan kerata basa
5. Unggah-ungguhing basa
6. pacelathon


CRITA PENGALAMAN PRIBADI
1. Materi Crita Pengalaman Pribadi
2. Crita pengalaman “Bali Sekolah Nemu Sepatu Anyar”
3. Crita pengalaman “Dekira sirup”
4. Dasanama, tembung kosok balen
5. Aksara Jawa (Pratandha)

KEMAMPUAN YANG DIUJIKAN
1. Memahami isi wacana.
2. Mengartikan kata-kata sulit.
3. Menyimpulkan wacana
4. Paramasastra (tembung rura basa lan kerata basa )
5. Membaca dan menulis aksara Jawa
6. Memahami pacelathon
7. Paramasastra (tembung kosok balen lan dasanama)


MAYUH PADHA MOLAIH DISINAONI BUKU "BASAKU PENGINYONGAN"E WULANGAN 3 LAN 4 KANGGO PERSIAPAN NGADHEPI PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) SING BAKAL DILEKSANAKNA WIWIT TANGGAL 23 NOVEMBER 2020. MUMPUNG ESIH ANA WEKTU.




A. Tembung Rura Basa
Tembung rura basa uga diarani tembung salah kaprah. Tegese tembung kuwe mau salah nanging wis kaprah utawa lumrah digunakna neng pasrawungansaben dinane, yen dibeneraken malah dadi ora lumrah.
Tuladha :
Nguleg sambel, sing diuleg kuwe bahan-bahan sambel antarane lombok cengis, uyah, gula, trasi, bawang, brambang, tomat. Yen wis rampung diuleg dadi sambel. Tembung nguleg sambel yen dibenerna malah dadi wagu. Umpamane ukarane dadi “aku wis nguleg lombok, trasi, uyah, bawang, brambang.” Ukara kasebut malah dadi kurang efektif.

Gladhen :
Ukara-ukara ngisor kiye genepana nganggo tembung sing mathuk supaya dadi tembung rura basa!
1. Mbokayuku saben dina ... tempe, lha wong pegawene gaweni tempe.
2. Pak Tani lagi nunggu ... neng sawah, merga parine wis kuning.
3. Kolagi ... layang kanggo sapakok ora rampung-rampung?
4. Nalika mbaranggawe Yu Lasih ... sega kanggo dhahar tamune.
5. Siki wis ora ana wong ... klasa amarga padha nggunakaken karpet.
6. Pegaweyane Kang Karta kuwe saben dinane menek ....
7. Dheweke duwe samben ... sarung saben sasine olih rong potong.
8. Bulik lagi ndondomi ... sing suwek.
9. Mumpung mangsa ketiga ayo padha ... sumur.
10. Ibu nggodhog ... kanggo ngecor kopi.
   
     a. Nulis f. Nenun
     b. Manuk g. Wedang
     c. Klambi h. Nganam
     d. Adang i. Ndhudhuk
     e. Mbunteli j. klapa

B. Kerata Basa
Kerata basa uga diarani jarwa dhosok, yakuwe tembung sing ditegesi manut wandane (suku kata) lan teges mau uga jumbuh karo kahanan sing ana.

Tuladha :
1. Guru : ditegesi degugu lan ditiru. Wajibe siswa nggugu dhawuhe guru lan niru tumindake guru sing becik.
2. Kupluk : ditegesi kaku tur nyempluk, jumbuh karo wujude peci sing kaku lan nyempluk.

Gladhen (Digarap neng buku tulis utawa buku materi banjur difoto lan dikirim maring email: pangatperwira@gmail.com, aja kelalen data identitasmu ya!)
Tembung-tembung ngisor kiye gawenana kerata basa!
1. Kathok : ...................................................................................
2. Cangkir : ...................................................................................
3. Gedhang : ...................................................................................
4. Krikil : ...................................................................................
5. Kuping : ...................................................................................
6. Bocah : ...................................................................................
7. Sirah : ...................................................................................
8. Sepuh : ...................................................................................
9. Sopir : ...................................................................................
10. Tebu : ...................................................................................

C. Unggah-ungguh Basa
Desa mawa cara negara mawa tata. Unen-unen kasebut pas benget kanggo nggambarna pasrawungan nang sajeroning bebrayan. Kanggone masyarakat Jawa omong-saomong kuwe kudu ngerti unggah-ungguh basa. Karo sapa anggone guneman utawa omong-omongan. Wong sing ngerti unggah-ungguh basa lan bisa ngetrepna nang sejroning pasrawungan bakale olih pambiji sing apik saka liyan. Sewalike sing ora ngerti unggah-ungguh lan ora bisa ngecakaken bakale olih pambiji sing ora apik.
Unggah-ungguh basa yakuwe tata carane matur karo mitra tutur nganggo tataran sing bener. Tataran unggah-ungguh basa sing lumrah dienggo nang masyarakat ana loro, yakuwe; basa ngoko lan basa krama. Dene basa ngoko keperang dadi loro, yakuwe; ngoko lugu lan ngoko alus. Basa krama uga kaperang dadi loro, yakuwe; krama lugu lan krama alus.
1. Basa ngoko lugu
Basa sing digunakna kanggo wong sepadha-padha sing wis kulina banget (akrab banget) lan karo wong liya sing kapernah enom.
Basa ngoko kaperang dadi loro, yakuwe; ngoko lugu lan ngoko alus.

a) Basa ngoko lugu
Wujud ukarane kadhapuk/kedadeyan sekang tembung ngoko kabeh.
Tuladha : Miki aku mangkat sekolah bareng karo Bowo.
  Irwan dijujugaken bapane gole mangkat sekolah.

b) Basa ngoko alus
Wujud ukarane nganggo tembung ngoko kecampur krama inggil.
Digunakna tumprap:
* wong sing padha sepuhe nanging akrab,
* bocah karo bocah nanging sing dirembug wong tuwa/diormati.
Tuladha : a. Ren, Pak Tofik wis tindak apa durung ya?
  b. Ibune Salma seneng banget dhahar karo sambel trasi.
Tembung tindak nang ukara a, ditujokna marang Pak Tofik minangka sing diurmati. Dene tembung dhahar nang ukara b, ditujokaken marang ibune Salma merga sing dirembug piyayi sing diurmati.

2. Basa krama
Basa sing digunakna maring wong tuwa/deormati utawa wong singlewih tuwa.
Basa krama ana werna loro, yakuwe; basa krama lugu lan krama alus.

a) Basa krama lugu
Wujude ukarane kadhapuk/ kedadeyan sekang tembung-tembung krama kabeh.
Tuladha :
Wau kula kesah kalih Bowo numpak motor.
Kula tumbas buku tiga wonten koprasi sekolah.

b) Basa krama alus
Wujude ukarane nganggo tembung krama kacampur krama inggil.
• Digunakaken marang wong sing lewih sepuh,
• Bocah marang wong tuwane,
• Murid marang gurune,
• Andhahan marang pimpinane.

Tuladha :
a. Ibu tindhak peken nitih motor.
b. Pak Reno kondur saking Jogja wau enjang.
c. Kula kesah peken nalika bapak kondur saking sabin.

Gladhen : (Digarap neng buku tulis utawa buku materi banjur difoto lan dikirim maring email: pangatperwira@gmail.com, aja kelalen data identitasmu ya!)
Ukara-ukara ngisor kiye salinen dadi basa ngoko alus!
1. Mau esuk bapak ngombe kopi sadurunge lunga balaidesa.
   Wangsulan : ............................................................................................
2. Guruku tekan sekolahan jam 06.45 lan mulihe jam 14.15.
   Wangsulan : ............................................................................................
3. Bu Camat duwe omah loro, sing siji ora dipanggoni.
   Wangsulan : ............................................................................................
4. Pak Dheku jenenge Duljani, taun wingi wis mangkat kaji.
   Wangsulan : ............................................................................................
5. Yen ngomong karo wong tuwa kudu sing sopan.
   Wangsulan : ............................................................................................

Paclathon
Wulangan basa Jawa nang kelas 7 diparing tugas supaya maca crita rakyat. Reno lan Irwan maring perpustakaan saperlu arep nyilih buku kumpulan crita rakyat.
Reno lan Irwan : “Assalamu’alaikum.”
Bu Aan : “Waalikumsalam. Reno karo Irwan maning. Sregep temen maring perpustakaan.”
Reno : “Badhe ngampil buku crita rakyat, Bu.”
Irwan : “Sami, Bu. Kula nggih badhe ngampil buku crita rakyat.”
Bu Aan : “Lha kok nyilih bukune padha bae. Kanggo apa cah bagus?”
Reno : “Wonten tugas basa Jawa, Bu. Supados maos crita rakyat.”
Irwan : “Nggih, Bu. Mangke sesampune maos supados crita wonten ngajeng kelas crita rakyat ingkang sampun diwaos.”
Bu Aan : “Oh, kaya kuwe. Kae bukune nang rak sebelah kulon. Ana tulisane ‘Buku Fiksi’ nang rak. Digolet bae. Nek wis ketemu buku-buku ditata sing rapi maning ya, Cah Bagus.”
Reno, Irwan  : “Nggih, Bu.”
(Reno lan Irwan banjur maring sebelah kulon. Nang barisan rak buku sing ana tulisane ‘Buku Fiksi’ bocah loro padha milih buku sing arep disilih. Sawise olih bukune Reno lan Irwan maring bagian peminjaman. Ketemu maning karo Bu Aan.)
Reno : “Bu, kula ngampil buku niki. Niki kartune kula.”
Irwan : “Kartune kula niki , Bu.”
Bu Aan : “Kene tak cathete. Seminggu wektune ya.”
Reno, Irwan : :Nggih, Bu. Matur nuwun.”
Reno lan Irwan metu sekang perpustakaan.
Reno : “Wan, kowe ngerti daleme Bu Aan nang endi?”
Irwan : “Bu Aan daleme nang Kaligondang, sawise kantor kecamatan, Ren.”
Reno : “Bu Aan wis kagungan putra apa durung ya, Wan?”
Irwan : “Putrane Bu Aan sing mbarep wis kelas lima SD, Ren. Sing bontot kelas siji SD.
Reno : “Ujarku esih kenya ,Wan. Kaya umurane mbakyuku sing lagi wiyata nang SD.”
Irwan : “Mengko nang kelas langsung maca buku bae ya, Ren.”
Reno : “Oke, siap!”
Tekan ngarep kelas bocah loro banjur uluk salam lan mlebu kelas. Senajan langka gurune Reno lan Irwan tetep uluk salam.

Gladhen 1 : (Digarap neng buku tulis utawa buku materi banjur difoto lan dikirim maring email: pangatperwira@gmail.com, aja kelalen data identitasmu ya!)
Sawise maca paclathon kasebut, siki wangsuli pitakon nang ngisor kiye!
1. Sapa bae kang wawan gunem nang paclathon kuwe?
   Wangsulan : .......................................................................................
2. Ana ngendi reno lan Irwan ketemu Bu Aan?
   Wangsulan : .......................................................................................
3. Kenang apa Reno lan Irwan maring perpustakaan?
   Wangsulan : .......................................................................................
4. Buku apa sing arep disilih nang Reno lan Irwan?
   Wangsulan : .......................................................................................
5. Basa apa kang dienggo dening Irwan lan Reno?
   Wangsulan : .......................................................................................

Gladhen 2 : (Digarap neng buku tulis utawa buku materi banjur difoto lan dikirim maring email: pangatperwira@gmail.com, aja kelalen data identitasmu ya!)
Waca maning paclathon nang ndhuwur kae! Banjur tulis manut prentahe!
1. Tulisana ukara sing nganggo basa ngoko lugu rong ukara bae!
   Wangsulan : .......................................................................................
2. Tulisen ukara sing nganggo basa ngoko alus rong ukara bae!
   Wangsulan : .......................................................................................
3. Tulisana ukara sing nganggo basa krama lugu rong ukara bae!
   Wangsulan : .......................................................................................
4. Tulisana ukara kang nganggo basa krama alus!
   Wangsulan : .......................................................................................

Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA KELAS 7 RURABASA &UNGGAH-UNGGUH BASA"