Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Unggah-ungguh Basa Kelas 9

 Unggah-ungguh Basa




Basa Jawa manut unggah-ungguhe kaperang dadi :

1. Ngoko lugu, nganggone ngoko kabeh.

Panganggone :

a. Bocah maring padha bocah.

b. Wong tuwa maring wong enom.

c. Guru maring muride.

d. Wong grenengan neng batin.

Tuladha :

a. Aku mau mangkat sekolah jam 06.30.

b. Ko wingi sore sekang endi karo bapakmu?

c. Pak, aku njaluk dhuwite kanggo tuku LKS.


2. Ngoko alus, nganggone ngoko dicampur krama utawa krama inggil, sing nganggo krama utawa krama inggile:

a. Perangane awak sing diurmati.

b. Kahanane wong sing diurmati.

c. Pagaweane wong sing diurmati.

d. Panganggone wong sing diurmati.

Panganggone : 

A. Wong –tuwa maring wong tuwa sing wis akrab.

B. Wong tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate.

C. Ibu marang garwane (bapak).

Tuladha :

a. Angger arep tindak nganah, aku takmelu ya Pak.

b. Panjenengan  wingi sore kondur jam pira?

c. Simbah lagi sare ana ing kamar. 


3. Krama lugu, nganggone krama kabeh, ater-ater lan panambange ngoko. 

Panganggone :

a. Kanca maring kanca sing durung akrab.

b. Wong tuwa maring wong enom kanggo ngajeni.

Tuladha :

a. Pak Sapta saweg madosi griyane Mbah Karta.

b. Adhik nembe mawon diparingi arta dening eyang.

c. Bapak saweg tilem wonten kamar wingking.


4. Krama alus sing dienggo krama lan krama inggil, ater-ater lan panambang krama.

Panganggone : 

a. Anak maring wong tuwa.

b. Murid maring gurune.

c. Wong enom maring wong tuwa.

d. Wong sing nembe kenal.

e. Andhahan maring pimpinane.

Tuladha :

a. Pak Sapta saweg madosi dalemipun  Mbah Karta.

b. Adhik nembe kemawon ndipunparingi arta dening eyang.

c. Bapak saweg lenggahan wonten teras ngajeng.


Gladhen : 

Jajal ukara ngingsor kiye diganti nganggo basa ngoko alus, krama lugu lan krama alus.

1. Bapak mangkat nyambut gawe sauwise dhahar.

Wangsulan : ................................................................................................

2. Ibu sekang pasar tuku klambi kanggo Bapak.

Wangsulan : ................................................................................................

3. Bapak mau esuk aweh dhuwit kanggo tuku LKSku.

Wangsulan : ................................................................................................

4. Simbah ora bisa mlaku merga lara sikile.

Wangsulan : ...............................................................................................

5. Mas Didik, kowe duwe umah neng endi?

Wangsulan : ..............................................................................................



Posting Komentar untuk " Unggah-ungguh Basa Kelas 9"