Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

 PSBB Berlaku Ngesuk, Kiye Rincinan Pembatasan Penumpang Mobil Pribadi lan Angkutan Umum Neng DKI

 




Kemis, 9 April 2020

Laporan Wartawan Tribunnews.com, Hari Darmawan.

Tribunnews.Com, Jakarta – Pemerintah Provinsi DKI Jakarta arep nerapaken Pembatasan Sosial Berskala Besar ( PSBB ) kanggo nyegah penyebaran wabah virus corona utawa covid 19 mulai Jemuah ngesuk, 10 April 2020.

PSBB ngatur pembatasan penumpang neng kendaraan pribadi lan angkutan umum neng DKI Jakarta. Manut data pembatasan neng kendaraan pribadi lan angkutan umum sing detampa Tribunnews dina Rebo 8 April 2020, desebutna jumlah sing olih deangkut neng kendaraan pribadi lan angkutan umum arep dewatesi lan deatur.

Kanggo penumpang mobil kendaraan pribadi kategori sedan kapasitas papat penumpang, mung olih ngangkut telu penumpang, kanthi aturan 1 pengemudi lan 2 penumpang neng mburi. Dene mobil kendaraan sing dudu sedan sing kapasitas penumpang 7 penumpang, mung olih ngangkut 4 penumpang, 1 pengemudi, 2 neng tengah lan 1 neng mburi. Banjur kanggo pit montor, mung olih detumpaki neng wong 1, ora olih mboncengna.

Kanggo bis kapasitas penumpang lewih sekang 7, mung olih ngangkut wong 50% sekang kapasitas bis kuwe. Sebanjure pembatasan neng angkutan umum kayata Moda Raya Terpadu ( MRT ) sajerone siji rangkean mung olih ngangkut 60 wong.



Posting Komentar untuk " "