Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

MATERI B JAWA KELAS 7 CRITA PENGALAMAN

 



Crita pengalaman


Crita pengalaman yakuwe crita kedadeyan sing wis tau dialami utawa dilakoni dhewek sajeroning urip. Saben dina dhewek mesthi duwe pengalaman. Pengalamane wong siji lan sijine mesthi beda-beda. Nanging umpamane pengalamane kelakon bebarengan bisa uga padha. 

Crita pengalaman ana sing wujude sipate seneng, susah, ngisin-isinna, mreguyokna, utawa gawe priatin. Pengalaman sing dicritakna bisa uga pengalaman sing kedadeyan neng awake dhewek bisa uga krungu utawa weruh kedadiyane wong liya nanging tumprap awake dhewek kedadiyan kuwe tansah kelingan terus. 

Menawa para siswa arep nulis crita pengalaman lewih becik gawe cengkorongan/ kerangka crita pengalaman. Cengkorongan crita pengalaman kayata;

1. Irah-irahan/judhul,

2. Pembukaning crita pengalaman,

3. Isine crita pengalaman,

4. Penutuping crita pengalaman,

5. Dudutan lan amanat crita.

Nang crita pengalaman saora-orane ana unsur 5W + 1H. Menawa neng basa Inggris disebut what, when, where, who, why, lan how. Utawa basa jawane apa, kapan, neng endi, sapa, apa sebabe, lan kepriwe.

Nang jerone crita pengalaman ana sing disebut paraga utawa tokoh. Paraga yakuwe sapa sing nglakoni nang crita. Paraga kuwe ana sing disebut paraga utama lan paraga tambahan. Paraga utama (tokoh utama) wong/tokoh sing dadi intine paraga neng sawijine crita. Dene paraga tambahan yakuwe minangka paraga pelengkap nang crita sing ana sambungane karo critane paraga utama. 

Ana paraga uga ana wateke paraga. Wateke paraga bisa dingerteni sekang dialog utawa andharane crita sing nerangna. Wateke paraga ana loro, yakuwe watek lair (fisik) lan watek batin (sikap). 

Supaya gampang anggone crita pengalaman lewih utama nganggo alur maju. Dadi dicritakna awit mula kedadiyan ngasi tekan akhir kedadian kanthi runtut wektune. 

Crita bab pengalaman marang wong liya kuwe kudu duweni keprigelan nang bab micara. Yen bisa crita kanthi apik, wong sing ngrungokna bisa kagawa maring swasana crita kasebut. Wong kang krungu bisa nangis, ngguyu, mesem,bungah utawa susah. 

Nyritkna pengalaman sedhih maring wong liya bisa njalari panglipur ati. Mula menawa duwe lelakon sedhih lan ngebot-boti pikir, lewih becik enggal dicritakna marang sapa bae kang dianggep cedhak. Supaya nemu rampunge perkara utawa ndadekna ati lega. 

Umpama ana wong sing nyritakna pengalaman marang awake dhewek kudu dirungokna kanthi temen. Pengalaman mau bisa dijukut  kanggo piwulang nang awake dhewek. 

Sing kudu digatekna nalika crita yaiku :

1. Wicara (KualitasVokal) yaiku ala becike aksara suwara/dhong-dhinge basa, pocapan/lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamedhare pengalaman kanthi pocapan kang cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pangucapane aksara kanthi bener, umpamane mbedakake aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) 

2. Wirama (Tata cara/Etika) nalika crita yaiku lagu/iramane, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokaken. Banter alone wiramane becik diselarasaken karo isine crita. Lamun anggone crita kanthi dhasar karangan (tema) crita kang nengsemake, anggone crita  sing sora lan semangat, beda karo yen crita bab kesusahan, anggone crita ya kudu luwih alon lan sareh.

3. Wirasa (Greged/ penjiwaan /Pemahaman)  tegese isi crita, cocok/penere anggone negesi crita. Wirasane nalika crita kudu ditrepna karo isining crita umpamane; nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.

4. Wiraga (Ekspresi/mimic) yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.


Crita Pengalaman 1 :

Bali Sekolah Nemu Sepatu Anyar


Dina Kemis kaya biasane aku (jenengku Doni) bali sekolah mlaku karo kancane. Nanging awan kuwe aku mung mlaku karo Dani lan Wawan. Bocah telu. Kanca liyane esih padha nang mburi. Aku bocah telu padha mlayu-mlayu. 

Tekan pertelon, aku kudu pisah dalan karo Dani lan wawan. Dani karo Wawan umahe sekang pertelon lurus, umahku menggok nengen. Pas nang pertelon ana plastik ireng nang tengah dalan. Plastik mau ditendhang Wawan maring dalan sing arep tekliwati. Dani uga melu nendhang, malah lumayan adoh gole nendhang. 

Merga Wawan lan Dani mau wis nendhang plastik kuwe aku ya arep melu-melu nendhang. Sikil tengen sing wis tek junjung siap tek ayunna ora sida. Sikilku mudhun, malah tanganne aku sing kepengin nyekel plastik ireng kuwe. Bareng tek bukak njerone ana dus sepatu. Banjur duse tek bukak ana sepatu esih ana bandrol regane. Tek waca regane Rp. 249.900.00. 

Rega sepatu sing lumayan larang tumprape aku. Sepatu mau tek lebokna maning maring dus banjur tek sog plastik maning. Aku banjur mlayu nyangking plastik ireng isi sepatu. Tekan umah aku uluk salam. Nanging langka sing nyauri. Aku bablas maring kamar. Tekan kamar lawange tek kunci. Plastik ireng kuwe tek bukak maning, sepatune tek jajal jebul pas banget karo ukuran sikile aku. 

Jan-jane aku ya bingung sepatu kuwe arep tekkapakna. Merga kuwe udu sepatuku. Mesthi sing duwe lagi kelangan. Nanging aku arep mbalekna maring sapa. Sepatune tek simpen nang lemari rak ngisor dhewek. Umpamane krungu kabar ana sing kelangan sepatu, ya arep tek balekna, nanging nek ora nana sing kelangan ya aku arep crita karo mamake lan sepatu kuwe arep tek enggo. 

Nyatane tekan sewulan aku ora krungu ana wong kelangan sepatu. Mbok menawa sing duwe sepatu kuwe wong adoh merga dalan sing biasa tek liwati mau dalan raya sing liwat ya wong sekang endi sing ora.


Crita Pengalaman 2 :

Dekira sirup


Dina kuwe nang omahku lagi masak-masak. Arep ana acara sukuran. Biasa, yen acara masak-masak ibuku akon tanggane rewang. Merga ana wong papat sing melu rewang masak, aku kebagian bersih-bersih umah. Utamane ruang tamu sing arep dienggo donga mbengine. 

Sedurunge aku ngepel, aku mbukak pewangi lantai sing ukuran gedhe. Pewangi mau bungkuse plastik. Supaya ora wutah tek pindah maring botol bekas air mineral. Aku ngiling sakperlune kanggo ngepel. Botol kuwe tek sog nang ngarep kamarku. 

Bareng rampung ngepel aku ngelak banget. Aku mbukak kulkas kepengin nginum sing adem. Eh, ana sirup nang botol. Aku karo bengok-bengok takon, “Kiye inumane sapa nang botol? Aku jaluk ya?” Adhiku sing krungu ana inuman nang botol mlayu ngoyok arep ngrebut botol sing nang njero kulkas. Lawang kulkas tek pagangi. Adhikku tek takoni, “Apa duweke Dede?” 

“Dede nyuwun, Mba.” Saure adhiku. Kulkas tek bukak maning. Botol kuwe tek jikot. Lha kok botole semu ayid, tek ambung wangi banget. Tekgatekna kok kaya botol sing mau tek sog ngarep kamar. Aku nglongok ngarep kamar. Genah botole langka. “Sapa sing ngesog botol nang ngarep kamarku maring kulkas?” pitakonku maring wong sing padha nang pedhangan. 

“Inyong, lha wong botol inuman koh diglethakna nang jogan ya tek sog kulkas kon adem. Angger adem li diinum seger,” saure Nini Toblok.

“Kiye li pewangi lantai. Nggo ngepel, udu nggo nginum.” Aku ngomong karo songol. Tapi wong sing padha nang pedhangan malah padha guyon kepingkel-pingkel. 

“Ni... Ni ... enggane deinum ya ana wong mabok,” saure Mbokayu Kus latahan. 

Jan-jane aku ya anyel tapi ya dadi melu ngguyu. Lha wong pewangi lantai dikira sirup, disimpen nang kulkas.


B. Tembung Dasanama

Dasanama asale sekang tembung dasa lan nama. Dasa tegese sepuluh, nama tegese jeneng. Yen ditegesi wantah jeneng cacah sepuluh. Nanging sing dikarepna dasanama kuwe barang/tembung sing duwe sebutan lewih sekang siji.

Tuladha :

Banyu : her, toya, warih, tirta

Angin : bayu, bajra, maruta, samirana


C. Tembung Kosok Balen

Tembung kosok balen yakuwe tembung sing tegese lelawanan. 

Tuladha :

Andhap  ><  inggil 

Ageng  ><  alit

Mbangir  >< pesek


D. Aksara Jawa 

Pratandha utawa tandha baca nang aksara Jawa wujude ana pirang-pirang, yakuwe adeg-adeg, pada guru lan pada pancak, pada lingsa, pada lungsi, pada pangkat, pada gedhe utawa pada agung, purwapada, madya pada, lan wasana pada.

Dene sing arep disinaoni nang bab kiye mung ana papat, yakuwe; adeg-adeg, pada lingsa, pada lungsi, lan pada pangkat.

1. Pada adeg-adeg

   Adeg-adeg dienggo nang ngarep ukara neng saben alinea.

2. Pada lingsa 

   Pada lingsa gunane padha karo tanda baca koma (,).

3. Pada lungsi

   Dienggo nang ahir ukara utawa tanda titik (.)

4. Pada pangkat

   Pada pangkat dienggo kanggo ngapit angka, pethikan langsung. Lan sedurunge rincian.



Posting Komentar untuk "MATERI B JAWA KELAS 7 CRITA PENGALAMAN "