Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Iklan Basa Jawa Kelas 8

 Puyer 16 Bintang Toedjoe




 Ibu : “Lho....lho....lho....ko kenangapa Andi, deneng mbengkuk bae...ngeneh gagean tangi wis adzan Subuh...!”

Andi :”Adhuh bu....untune kula sakit bu.., huu...huuu”

Ibu :”We lah...mulane aja seneng maem coklat coklatan kaya kae.., kuwe dadi untumu lara...!”

Andi :”Wong eco koh bu....dadose Andi nggih seneng jajan coklat, sanes coklat-coklatan bu...., coklat beneran....huuuu”

Ibu : Wis..wis...tangi cepetan, sikatan, wudhu, banjur sholat subuh...mengko ngeplok sega sepethil kae karo lawuh mendhowan anget....nggo dasar....banjur minum obat ya...!

Andi :”Nggih bu..”. (Andi banjur tangi, sholat  lan sewise maem, mereki Ibune karo nyekeli pipine sing madan melar) “Bu...napa Ibu kagungan obat sakit untu?”

Ibu :”Ya duwe Ndi....lha kae  teksimpen neng kotak obat. Ibu pancen ora tau lat kudu nyimpen obat sing penting-penting kaya kiyee...” ( Ibu mendhet obat sekang kotak obat)

Andi :”Obat napa si Bu..?”

Ibu :”Kiye lho Ndi....PUYER 16 BINTANG TOEDJOE, obat kawit ibu cilik tekan  seprene wis dejamin manjur lan kwalitase top markoptop. Pokoke Insha Alloh cepet mari...yuh diminum dhisit...aja kelalen maca Bismillah ya..”

Andi : “Nggih Bu....bismillahirohmanirrohim.....(Andi banjur nginum obate).

Ibu :”Ndi....mbok ko urung ngerti ya...Puyer 16 Bintang Toedjoe  kiye kena nggo nambani puyeng utawane sakit kepala nyut nyut nyut, lara untu,  gigi snut snut, ngredakna demam, lara kuping, nyeri haid, lan nyeri liyane. Kandungan zat aktif neng obate yakuwe paracetamol 275 mg, acetosal 450 mg, lan caffeine 50 mg. Dadi sedia bae Puyer 16 Bintang Toejoe.....wis kesedia neng apotik-apotik, neng toko-toko lan warung-warung, dadi gampang goletane. Regane ya ora larang. “

Andi : “ Nggih mangke nek niki obate telas, Andi tektumbas teng warunge Mas Nono nggih Bu?”

Ibu : “Ya bener kuwe, lan aja kelalen ben mengko ora kumat maning kuwe lara untune sing sregep sikatan nek arep bubu, lan aja kakehen maemi coklat-coklatan ya....deemut-emut ya....welinge ibumu kiye!”

Andi :” Oke siap bu....sanes coklat-coklatan buu, coklat beneran.”

Ibu :”La ya kaya kuwe maksude..., siki kepriwe rasane wis mandang enteng, ora senut senut banget mbok?

Andi :”Nggih alhamdulillah bu....sampun enteng...he..he...”

Ibu :”Lha kaya kuwe ngguyu li...aja nangis!”

Andi :”Puyer 16 Bintang Toejoe  pancen Toooop Markotooop. 

Good, good, good”.




Gladhen A

Wangsulana pitakon neng ngisor kiye nganggo basa krama!

1. Apa irah-irahan wacana iklan kasebut?

Wangsulan : ...............................................................................................................

2. Sapa bae paraga neng iklan kasebut?

Wangsulan : ...............................................................................................................

3. Ragam basa apa bae sing digunakake dening paraga?

Wangsulan : ...............................................................................................................

4. Sekang wacan kasebut obat apa sing tawaraken?

Wangsulan :................................................................................................................

5. Apa bae isi kandhungan zat aktif  neng obat sing deiklana kuwe?

Wangsulan : ...............................................................................................................

6. Apa khasiate obat neng wacana iklan kasebut?

Wangsulan : ...............................................................................................................

7. Sebutna papan ngendi bae sing nyedhiakna obat kuwe?

Wangsulan : ...............................................................................................................

8. Apa piwelinge ibu seliyane ngombe obat?

Wangsulan : ...............................................................................................................

9. Sebutna syarat iklan sing apik!

Wangsulan : ...............................................................................................................

10. Iklan biasane kaemot/demuat neng endi bae?

Wangsulan : ...............................................................................................................


Posting Komentar untuk "Iklan Basa Jawa Kelas 8"