Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Teks Upacara Begalan Kelas 9

 Teks Upacara Begalan

Tradhisi Begalan




Neng Banyumas ana tradhisi utawa upacara adat kang beda karo masyarakat Jawa umume yakuwe tradhisi begalan. Teambung begalan asale sekang tembung begal utawa rampok, ngrampok neng tengah dalan. Begalan kuwe  adat warisan leluhur kang nganti siki esih dilaksanakakenana ing upacara penganten kang dianakaken angger calon penganten lanange anak mbarep utawa bontot/ragil.

Asal mulane Begalan kuwe manut anane crita nalika putra ragile Adipati Wirasaba sing dimantenaken karo putri mbarepe Adipati Banyumas Pangeran Tirtokencono. Seminggu  sawise mantenan Sang Adipati Banyumas mboyong penganten (ngundhuh penganten) sekang Wirasaba maring Kadipaten Banyumas kang kurang lewih adohe 20 km. Sawise nyebrang kali Serayu kanthi nggunakake prau tambang, rombongan kang dikawal sesepuh lan pengawal Kadipaten Banyumas lan Wirasaba neng tengah dalan diadhang begal kang awake gedhe dhuwur arep mbegal kabeh barang gawane penganten. Perang ora bisa diindhani antara pengawal lan begal kang ngaku dadi penunggu dhaerah kasebut. 

Begal bisa dikalahna banjur mlayu lan ngilang mlebu maring alas kang angker lan wingit. Rombongan nerusake laku ngliwati desa Sokawera lan Kedunguter. Wiwit kedadean kuwe leluhur daerah Banyumas pesen marang anak putu supaya nuruti tata cara lan syarat yen arep padha dadi penganten kang  tujuwane supaya penganten bisa slamet, lancar nir ing sambikala.

Tradhisi begalan kiye wujude campuran antarane seni tari lan seni tutur utawa lawak kanthi iringan gendhing kaya tari klasik. Jumlah penarine ana wong 2, siji sing nggawa barang-barang (piranti pawon/dhapur) sing jenenge Gunareka lan wong sing siji dadi begal/rampok sing jenenge Rekaguna. Barang-barang sing digawa ing anarane ilir, cething, kusan, saringan ampas, tampah, sorok, centhong, siwur, irus, kendhil lan wangkring. Bawrang gawan kiye diarane brenong kepang. Kang dadi begal nggawa pedhang kayu jenenge wlira, dene kostum penarine cukup nggunakna busana Jawa.

Gunareka minangka utusan sekang penganten lanang ngawa piranti utawa ubarampe pawon/dhapur yakuwe :

Ian, piranti kanggo angi sega digawe sekang anyaman pring kang nggambarna bumi.

Ilir, kipas kang digawe sekang anyaman pring nglambangna wong kang wis keluarga/rumah tangga supaya bisa mbedakna tumindak ala lan becik lan bisa mutusna apa bae kanthi wicaksana.

Cething, piranti kang digawe kanggo wadhah sega sing digawe sekang anyaman pring. Minangka lambang menawa manungsa urip ing bebrayan ora kena sekarepe dhewek tanpa merdulikna wong liya lan lingkungane. Menungsa kuwe makhluk sosial kang mbutuhna wong liya.

Kusan, piranti kanggo adang sega. Kusan digawe sekang anyaman pring awujud kerucut sing tegese menawa wong wis keluarga/rumah tangga kudu usaha kanggo nyukupi kebutuhan uripe.

Centhong, piranti kanggo nyidhuk sega nalika diadang sing digawe sekang kayu utawa bathok. Tegse wong sing wis keluarga kudu bisa mbiji awake dhewek (instrospeksi) saengga nalika ana perkara (tukaran) karo bojone bisa ngrampungi kanthi becik.   

Irus, piranti kanggo ngoleh  lan nyidhuk sayur. Irus digawe sekang kayu utawa bathok. Tegese irus yakuwe wong kang wis keluarga ora gampang kegodha , ora gamapang kepencut maring wong liya sing bisa mbubarna rumah tanggane.

Siwur, piranti kanggo nyidhuk banyu. Siwur digawe sekang bathok kang diwei gagang. Tembung siwur dikerata basa asihe aja diawur-awur. Tegese wong kang wis keluarga kudu bisa ngendhaleni nafsu, aja seneng ngumbar tresna maring wong liya.

Saringan ampas utawa kalo  yakuwe piranti kanggo nyaring ampas, digawe sekang anyaman pring, nduweni teges wong kang wis keluarga kudu bisa nyaring lan ngati-ati menawa ana berita  utawa crita.

Wangkring yakuwe pikulan sekang prin. Tegese menawa kanggo nanggung abot enthenge  urip, susah lan seneng kudune dipikul bareng-bareng.

(http://www.banyumasku.com/mengenaltradisi-begalan-di-adat-permikahan-banyumas)



Gladhen

Wangsulana pitakon-pitakon neng ngingsor kiye nganggo basa krama!

1. Begalan kuwe tradhisi neng mayarakat ngendi?

Wangsulan : ..............................................................................................................

2. Kepriwe asal mula anane tradhisi begalan?

Wangsulan : ................................................................................................

3. Apa wujude tradhisi begalan kuwe?

Wangsulan :............. ...................................................................................

4. Piranti apa bae sing dibutuhna ana ing tradhisi begalan?

Wangsulan : ..............................................................................................

5. Apa tujuan dianakna tradhisi begalan?

Wangsulan : ...............................................................................................


Posting Komentar untuk "Teks Upacara Begalan Kelas 9"