Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pariwara Utawa Iklan Kelas 8

 

PARIWARA /IKLAN




Pariwara / iklan yakuwe tulisan (bisa dekantheni gambar) sing nawakna barang, jasa utawa ajak-ajak, sing degawe dening produsen sing deandharna lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum sing detujokna kanggo bebrayan agung. Tujuane pariwara yakuwe supaya masyarakat kesengsem gelem tuku utawa nganggo barang utawa jasa kasebut.

Tujuane iklan/pariwara yakuwe :

a. Aweh ngerti maring masyarakat.

b. Ngajak masyarakat supaya tuku utawa nganggo produk kasebut.

Bab sing kudu degatekna nalika nggawe pariwara yakuwe :

a. Ukara cekak lan aos (singkat dan jelas).

b. Basa sing digunakake bisa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif).

c. Tulisan lan gambare narik kawigaten.

Unsure iklan antara liyane:

a. Jeneng barang / jasa sing ditawakake.

b. Alamat produsen.

c. Kahanan barang / jasa sing ditawakake, lsp.

Jenis-jenise iklan, yakuwe :

A. Iklan sing nganggo dasar tujuan

1. Iklan Informatif

Iklan informatif yakuwe, iklan sing nduweni paugeran :

a. Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan wawasan bab produk utawa fitur-fitur sekang produk sing wis ana.

b. Njelasna cara kerjane produk.

c. Menehi infrmasi harga lan kemasan produk

d. Ngoreksi produk


Contone: 





2. Iklan Persuasif

Iklan persuasif nduweni paugeran,yakuwe :

a. Nduweni tujuan nyiptakna kesenengan, preferensi lan keyakinan, saeingga konsumen arep tuku lan nganggo barang lan jasa.

b. Nganjurna masyarakat milih merk tartamtu

c. Nganjurna masyarakat tuku.

d. Ngowahi persepsi konsumen.

e. Mbujuk masyarakat tuku skiye.

Contone:




3. Iklan reminder

Iklan reminder nduweni paugeran, yakuwe :

a. Nduweni tujuan ngajak konsumen tuku maning barang lan jasa.

b. Ngelingna konsumen tuku produk kuwe.Njaga kesadaran produk.

c. Njalin hubungan apik karo kosumen.


Contone:




B.  Iklan umum

1. Iklan Tanggung Jawab Sosial

Iklan tanggung jawab sosial, yakuwe iklan sing nduweni tujuan nyebarno pesan sing nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, saengga nduweni tanggung jawab maring masalah sosial.

Contone: 




2. Iklan Keluarga

Iklan keluarga yakuwe iklan sing isineaweh warta/kabar sekang pengiklan bab kedadiane prastawa kekeluargaan maring keluarga/masyarakatliyane. Iklan keluarga biasane lewih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan lewih ngutamakna layang tulis. 

Contone: 




C. Iklan khusus

1. Iklan sing nganggo dasar media sing degunakna :

a. Iklan Cetak yakuwe iklan sing degawe lan depasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane, yakuwe: iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane.

b. Iklan Elektronik yakuwe iklan sing depasang neng media kaya radio, TV, lan internet.

2. Iklan sing nganggo dasar tujuan iklan :

a. Iklan Komersial yakuwe iklan bisnis sing nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. Iklan komersial debagi dadi telung jenis iklan, yakuwe iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional.

b. Iklan Non Komersial yakuwe iklan sing degunaknakanggo nyampekna informasi, ndidik masyarakat.

3. Iklan sing nganggo dasar bidang isi layang :

a. Iklan Politik.

b. Iklan Pendidikan.

c. Iklan Kesehatan.

d. Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.

e. Iklan Pariwisata, lsp.

4. Iklan sing nganggo dasar komunikatore

a. Iklan Personal.

b. Iklan Keluarga.

c. Iklan Instusi.

5. Iklan sing nganggo dasar cakupan

a. Iklan Lokal yakuwe iklan sing cakupan masyarakat sasaran sing detuju ana neng wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.

b. Iklan Regional yakuwe iklan sing cakupan masyarakatlewih sekang siji tlatah lokal.

c. Iklan Nasional yakuwe iklan sing target konsumen ana neng kabeh wilayah negara.

d. Iklan Internasional yakuwe iklan sing mbidik masyarakatsing njangkau trans nasional utawa luwih sekang siji negara.


Posting Komentar untuk "Pariwara Utawa Iklan Kelas 8"