Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Garuda Wilmana Sang Ksatriya ( Bahasa Jawa Kelas 8)

 Garuda Wilmana Sang Ksatriya



Wilmana awujud manuk garuda. Kocap kacarita Garuda Wilmana kuwe

minangka jelmaane garuda Harna sing mati neng sajeroning paprangan nglawan

Prabu Hiranyakasipu, raja Alengka. Garuda Harna kuwe anak mbarep Resi

Bhriswawa. Ketelu adhine uga awujud peksi garuda, yakuwe Garuda Brihawan,

Garuda Sempati, lan Garuda Jatayu.


Wektu isih dadi Garuda Harna, dheweke melu perang nglawan Prabu

Hiranyakasipu. Paprangan kedadean jalaran Garuda Harna mbela kancane yakuwe

Prabu Nasa. Prabu Nasa sekang negara Banapura sing wektu kuwe olih serangan

sekang negara Alengka. Neng sajerone paprangan kuwe Garuda Harna lan Prabu

Nasa tiwas, dene Dewi Narti putri Prabu Nasa diboyong peksa maring negara

Alengka dening Prabu Hiranyakasipu kanggo didadekna garwa.

Karana kasektene, jasad Garuda Harna sing tiba neng pinggir segara ora

rusak. Nanging malah dadi ireng lan wujude dadi cilik. Pirang-pirang taun

sabanjure, wektu Bambang Sitija putra Sang Hyang Wisnu karo Dewi Pertiwi metu

sekang Sumur Jalatunda kanggo nggolet bapake sing mudhun maring arcapada

njelma minangka Prabu Kresna neng negara Dwarawati nemokna bathang peksi

sing wis atos kaya watu neng pinggir segara. Kanthi kasektene Cangkok

Wijayamulya, bathang peksi kuwe bisa diuripna maning dening Bambang Sitija lan

malih wujud asline dadi manuk garuda. Dening Bambang Sitija peksi garuda sing

pintertata jalma kaya manungsa dejenengiWilmana.


Wiwit kuwe Garuda Wilmana dadi tunggangan lan mitra Bambang Sitija sing

wis dadi raja neng Trajutisna kanthi gelar Prabu Bomanarakasura. Mbesuk

Bomanarakasura tiwas dening senjata Cakra sing deculna neng Bapake dhewek,

Prabu Kresna sajerone prang tandhing lawan karo Raden Samba rebutan Dewi

Hagnyanawati. Dening Hyang Wisnu, Garuda Wilmana didhawuhi manggon neng

Kahyangan Untarasegara kanggo njaga keslametanTamanSriwedari.



NegesiTembung

Tembung-tembung liyane isih akeh, ayo digoleti banjur gawenen kaya
tuladha!




Mangsuli Pitakon

Wangsulana pitakon-pitakon neng ngisor kiye kanthi patitis!
1. Garuda Wilmana kuwe jelmaane sapa?
Wangsulan : ..............................................................................................
2. Garudha Wilmana putrane mbarepe sapa?
Wangsulan : ...............................................................................................
3. Sapa bae sedulure/adhine Garuda Wilmana kuwe?
Wangsulan : ...............................................................................................
4. Wektu isih dadi Garuda Harna, dheweke melu perang nglawan sapa?
Wangsulan : ...............................................................................................
5. Apa sebabe paprangan kuwe kedadean ?
Wangsulan : ...............................................................................................
6. Kepriwe pungkasane paprangan kasebut?
Wangsulan : ...............................................................................................
7. Garuda Harna sawise tiwas malik dadi apa?
Wangsulan : ...............................................................................................
8. Sapa sing bisa nguripna Garuda Harna sawise tiwaslan nganggo ajian apa?
Wangsulan :................................................................................................
9. Sawise Garudha Harna urip maning banjur diganti aran Garuda Wilmana, banjur
apa kang diaturna maringBambang Sitija kanggo balas budi?
Wangsulan : ................................................................................................
10. Sang Hyang Kresna ndawuhi apa maring GarudaWilmana?
Wangsulan : ...............................................................................................


Posting Komentar untuk "Garuda Wilmana Sang Ksatriya ( Bahasa Jawa Kelas 8)"