Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Purwakanthi Bahasa Jawa Kelas 9

 Purwakanthi




Purwakanthi ing bahasa Indonesia diarani “perulangan”. Purwakanthi kalebu basa

endah/ basa rinengga, biasane dienggo nulis karya sastra, kang wujud gancaran/ prosa

kaya cerpen, uga kanggo nulis tembang lan geguritan supaya geguritan mau dadi

endah/ apik. Geguritan sing nganggo purwakathi akehe geguritan gagrag kuna, sing

mentingna guru lagu utawa persajakan. Purwakanthi kabagi dadi:


1. Purwakathi swara

Purwakanthi swara kuwe perulangan sing dibolan baleni swarane/ guru lagu/

vokal. Purwakanthiswara ana ing bebasan, paribasan, sesanti apa dene parikan lan

geguritan.

a. Ciri wanci lali ginawa mati

Ing paribasan kasebut swara “i” dibolan-baleni ana ing tembung ciri,wanci,

mati diarani Purwakanthi swara i.

b. Ana dina ana sega

Swara “a” dibolan-baleni ana ing tembung ana dina ana sega, mula diarani

nggunakake Purwakanthiswara a.

c. Aku tuku buku telu

Swara “u” ana ing kabeh tembung, mula banjur diarani nggunakaken

Purwakanthiswara u.


2. Purwakanthi sastra

Ing purwakathi sastra sing dibaleni sastrane utawa konsonane tuladhane:

a. Tata titititig tatag,tanggung tertib

Sastra/ konsonan “t” ana ing kabeh tembung, mula banjur diarani nggunakaken

purwakanthi sastrat.

b. Ruruh,rereh,ririh

Sastra/ konsonan “r” ana ing kabeh tembung, mula banjur diarani nggunakaken

purwakanthi sastrar.

c. Sluman slumun slamet

Sastra/ konsonan “s” ana ing kabeh tembung, mula banjur diarani nggunakaken

purwakanthi sastras.


3. Purwakanthi basa/ lumaksita

Purwakathi basa/lumaksita kuwe sing dibolan-baleni tembunge, utawa ana

tembung sing pada nanging udu tembung rangkep tuladhane:


a. Bayemardha, ardhane ngrasuk busana

Purwakathi basa/ lumaksita ing ukara kasebut amarga tembung ardha dibaleni.

b. Tuladha purwakathiing geguritan

Tan kiniraambamu...

Tan kini rakaendahanmu

Sawijining wektu biru merakati warnamu

Sawijining dina kaya emas kang cumlorot

Sawijining dina uga sliramu malih rupa dadi...

Purwakathi basa/ lumaksita ana ing tembung : tan, kinira, sawijining dina.


Ukara ing ngisor iki kalebu purwakanthi apa?

`1. Kala kula kelas kalih kalung kula kecemplung kalen.

 2. Yitna yuwana lena kena

 3. lungguh dhingklik, dhingklike saka kayu, kayune kayu jati.

 4. Gemi nastiti ngati-ati

 5. Bibit bebet bobot



Posting Komentar untuk "Purwakanthi Bahasa Jawa Kelas 9 "