Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

"Dewi Trijata" Bahasa Jawa Kelas 8

 Dewi Trijata






DEWI TRIJATA niku putri pambajeng Arya Wibisana, 

saking negara Alengka kaliyan Dewi Triwati, satunggaling hapsari keturunan Sanghyang Taya. 

Piyambake gadhah rayi kandung nami Dentawilukrama.

Dewi Trijata sulistiya ing warni. Gadhah watak wantun

ingkan setya, murah ati, andhap asor, sae ing budi, sabar lan

jatmika. Dewi Trijata kathah jasanipun anggene ngladosi lan

ngasuh sarta ngayomi Dewi Sinta wekdal dados tawanan Prabu

Dasamuka, wonten ing puri Taman Hargasoka negara Alengka. Piyambake saged ngayomi Dewi Sinta

saking Prabu Dasamuka ingkang badhe ngruda peksa lan ngersakaken kangge

mundhut garwa Dewi Sinta. Prabu Dasamuka ingkang rumaos getun sanget amargi

kekajengane asring dialangi dening Dewi Trijata, ngedalaken kutuk saktinipun,

menawi Dewi Trijata mbenjang badhe gadhah garwa awujud kethek sepuh. Dewi

Trijata ingkang muwun sedih awit kutukan Prabu Dasamuka, pungkasane kelipur

dening janji Dewi Sinta ingkang badhe nyenyuwun pada Dewata, sinaosa gadhah

garwa kethek sepuh, mbenjang putrinipun Dewi Trijata badhe dipundhut garwa

satria titisanBatharaWisnu.


Sesampune rampung perang Alengka, Dewi Trijata dipundhut garwa dening

Kapi Jembawan, kethek sepuh ingkang ngasuh Resi Subali lan Anoman. Piyambake

lan Kapi Jembawan lajeng manggen teng Pertapaan Gandamana. Dewi Trijata lan

Kapi Jembawan kagungan putri nami Dewi Jembawati ingkang sesampune diwasa

dados garwane Prabu Kresna raja titisan Bathara Wisnu, saking negara Dwarawati.

Dewi Trijata seda wekdal yuswane sampun sepuh, jenazahe disarekaken teng

Pertapaan Gandamana.


Negesi Tembung!


Mangsuli Pitakon

Wangsulana pitakon neng ngisor iki nganggo basa Krama!

1. Dewi Trijata niku putrine sinten?

Wangsulan: .........................................................................................

2. DewiTrijata sulistiya ing warni. Gadhah watak wantun ingkan kados pundi?

Wangsulan: .........................................................................................

3. Menapa jasane DewiTrijata dhateng DewiSinta?

Wangsulan: .........................................................................................

4. Kenging napa Prabu Dasamuka paring kutukan dhateng DewiTrijata?

Wangsulan:.........................................................................................

5. Napa kutukan Prabu Dasamuka dhateng DewiTrijata?

Wangsulan : ........................................................................................

6. DewiTrijata rumaos sedhih awit kutukan Prabu Dasamuka, pungkasane kelipur

dening janjiDewi Sinta. Menapa surasa janjine DewiSinta?

Wangsulan: .........................................................................................

7. Sesampune rampung perang Alengka, Dewi Trijata dipundhut garwa dening

kethek sepuh,sinten asmane?

Wangsulan : .........................................................................................

8. Garwane DewiTrijata rumiyin dados pengasuhe sinten?

Wangsulan : .........................................................................................

9. Dewi Trijata kaliyan Kapi Jembawan manggen wonten pundi sesampune emahemah lajeng sinten nami putrine?

Wangsulan : .........................................................................................

10. DewiTrijata sesampune seda disarekake wonten pundi?

Wangsulan: .........................................................................................


Posting Komentar untuk ""Dewi Trijata" Bahasa Jawa Kelas 8"