Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

JINIS-JINISE UKARA Bahasa Jawa Kelas 7

 JINIS-JINISE UKARA





1. Ukara Andharan/Ukara Crita

Kalimat andharan yakuwe ukara sing isine ngabaraken utawa ukara sing

nyritakaken bab/kedadean. Tengere/tandhane ukara andharan yakuwe

dipungkasi kanthi tandha wacan titik (mandheg), mula macane kanthi

intonasi/nganggo swara sing rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan.

Contone/tuladhane :

a. Ana oprasi masker nang ngarep baledesa.

b. Masker sampun dados kebutuhan saben dinten.

2. Ukara Pitakon

Ukara pitakon yakuwe ukara sing isine takon/nakokaken bab tartamtu utawa

ukara sing ngarep-arep wangsulan. Tengere/tandhane ukara pitakon yakuwe

dipungkasi tandha wacan pitakon (?), mula pamacane kanthi intonasi takon

(intonasine munggah/dhuwur).

Contone/tuladhane :

a. Kenang apa dijenengiCovid-19??

b. Kados pundi caranipun sinau daring ingkang sae,Bu guru?

3. Ukara Pakon/Ukara Agnya/Ukara Prentah

Ukara pakon yakuwe ukara sing isine mrentah wong liya nindakaken

pakaryan/pegawean tartamtu manut apa sing dikarepna sing ngongkon.

Tengere/tandhane ukara pakon yakuwe dipungkasi tandha wacan seru (!),

mula pamacane kanthi intonasi seru.

Contone/tuladhane :

a. Mas, tulungmaskere dinggo!

b. Ayo, padha njaga kesehatan!!

4. Ukara Panguwuh

Ukara panguwuh yakuwe ukara sing nggambaraken rasa utawa emosi. Rasa

kuwe akeh banget kayata ora percaya, kaget, gumun, ngajog, gela, seneng, lan

liya-liyane. Tengere/tandhane ukara panguwuh yakuwe diwiwiti kanthi

tembung panguwuh. Sing klebu tembung panguwuh yakuwe : subhanalloh,

masyaAlloh, astagh rulloh, awas, wow,wadhuh, Hi, Hore, wah.

Tuladha :

a. Horee.. inyong olih kuota pendidikan sekang pemerin.

b. MasyaAlloh, apik temen sesawangan neng guwa Lawa ya!





Posting Komentar untuk " JINIS-JINISE UKARA Bahasa Jawa Kelas 7"