Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Materi Tembang Sinom (1)

 

Dina iki arep ngrembug babagan Sekar Macapat Sinom. Sekar Macapat Sinom nduweni isi cerita utawane petuah-petuah sing biasane diwenehaken marang para muda-mudi, mulane Sekar Sinom mesthi bakalah mathuk utawa cocok karo para siswa, amarga para siswa isih kalebu muda-mudi sing uripe nduweni kepinginan njajal segala macem sing kirane dadi anggawe penasaran. Mula niku, Sekar Sinom bakal menehi pitutur utawa wejangan men para muda-mudi aja nganti keblinger karo apa sing arep dilakokaken.

Sekar Sinom asale saka ukara “Sinom” sing nduweni arti pucuk godhong sing nembe tuwuh, alisan isih enom. Amarga Sekar Sinom kalebu jenis Sekar Macapat, mula nduweni puegaran utawa aturan tartamtu yaiku :

1.   Guru Lagu yaiku dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra, Guru lagu Sekar Sinom yaiku a, i, a, i , i , u, a, i, a

2.    Guru Gatra  yaiku cacahing gatra ing saben pada. Guru Gatra Sekar Sinom yaiku 9

3.    Guru Wilangan  yaiku cacahing wanda ing saben gatra. Guru Wilangan Sekar Sinom yaiku 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

Tuladhane Sekar Sinom

       Nulada laku utama,
Tumrape wong tanah jawi,
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati,
Kepati amarsudi,
Sudane udara lan nepsu,
Pinepsu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amamangun karyenak tyasing sesama.

Yen wis rampung babagan maca materi sing nang nduwur, coba garapaen gladhen ana ing ngingsor iki kanthi permati.


Posting Komentar untuk "Materi Tembang Sinom (1)"