Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Sekar Macapat Khinanti (1)

 

Sugeng enjang kagem para siswa, mugi pinaringan sehat, bagas, waras dados saged nderek pasinaon Basa Jawa babagan materi Sekar Macapat Kinanthi. Sakdurunge mulai sinau, para siswa saged mulai dedungo kalian Gusti Allah mugi tansah diparingi ngelmu sing migunani kanggo awake dewek utawanipun tiyang sanes.

Sekar Macapat umumipun di para dados 11 jenis. Saben-saben jenise nduweni paugeran tartamtu kang ora pada antarane siji lan sijine. Salah sawajining Sekar Macapat menika kasebat asma Sekar Macapat Kinanthi, kang umume nduweni watak seneng, asih, lan uga tresna. Tembung “kinanthi” sakjane nduweni teges tuntun utawane nuntun, dados saged dipun simpulaken yen sekar Macapat Kinanthi niku nduweni teges mbimbing utawi nuntun. Sekar Macapat Kinanthi kayata Sekar Macapat liyane uga nduweni paugeran kaya mangkene:

1.      Guru gatra yakuwe jumlah larik saben sapada tembang.

2.      Guru wilangan yakuwe jumlah suku kata/wanda saben larike.

3.      Guru lagu yakuwe swara nang mburi saben gatrane.

Tuladhane

1.      Guru gatra sekar kinanti yaiku 6

2.      Guru wilangan sekar kinanthi baris sepisan yaiku 8

3.      Guru lagu sekar kinanthi baris sepisan yaiku u

Tuladha Sekar Macapat pupuh Kinanthi

                                   

1.       Padha gulangen ing kalbu,

ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

kaprawiran den kaesthi,

pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling.

 

2.       Dadiya lakunireku,

cegah dhahar lawan guling,

lawan aja asukan-sukan,

anganggoa sawatawis,

ala watake wong suka,

suda prayitnaning batin.


nek sampun maos materi babagan Sekar Macapat Kinanthi ana ing nduwur, cobi saiki garapen gladen ana ngisor iki!



Posting Komentar untuk "Sekar Macapat Khinanti (1)"