Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tembang Durma Kelas 9


Tembang Durma




Tembang Durma kuwe salah sijine tembang macapat. Tembang durma biasane

kanggo medharaken rasaning ati sing nepsu utawa sing neng crita perang

(Padmoseokotjo, 1953:12). Tembang durma ing bab kiye minangka salah sijine

tembang sing ana ing buku serat Wulangreh anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV

(PB IV), yakuwe pupuh pitu. Tembang durma kedadean sekang 12 pada/ bait. Isine

pupuh Durma yakuwe dadi wong aja gumedhe/ angkuh/ sombong, aja seneng nacad,

maido lan nyalah-nyalahaken/ ngritik wong liya. Isine tembang kiye arupa piwulang

kang jumbuh karo nilai-nilai karakter bangsa.

a. Pathokan Tembang Durma

Guru Gatra : 7 gatra

Guru Wilangan : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7

Guru Lagu : a, i, a, a, i, a, a

b. Sasmita lan Wateke Tembang Kinanthi

Sasmitane : durma, dur, undur, sirna, galak

Watake : galak, seneng, lan ngemu kenepson, mula cocok kanggo wong

kang ana ing kahanan paprangan

B. Maca Teks Serat Wulangreh pupuh Durma




Tegese tembung :

> Ambanting badanira : prihatin
> Nyuda : ngurangi
> Guling : turu
> Darapon : supaya
> Rerem : ririh, lerem, sabar
> Tyasireki (tyas+sira+iki) : atimu
> Karyanira (karya+nira : pegawean, pajangka/ cita-cita
> lestari : kabul/ kaleksanan

Cakepan Liyane:

1. Ing pangrawuh lair batin aja mamang
yen sira wus udani
mring sariranira
lamun ana kang Murba
masesa ing alam kabir
dadi sabarang
pakaryanira ugi.

2. Bener luput ala becik lawan beja
cilaka mapan saking
ing badan priyangga
dudu saking wong liya
mulane den ngati-ati
sakeh dirgama
singgahana den eling.

3. Apan ana sesiku telung prakara
nanging gedhe pribadi
puniki lilira
yokang telung prakara
poma ywa nggunggung sireki
sarta lan aja
nacat kepati pati.

4. Lawan aja maoni sabarang karya
sithik-sithik memaoni
samubarang polah
tan kena wong kumlebat
ing masa mengko puniki
apan wus lumrah
uga padha maoni.

Gladhen

Wangsulana pitakon-pitakon neng ngisorkiye kanthi patitis !

1. Tembang durma ing dhuwur ana pirang pada ?

Wangsulan: …………………………………………………………………………….

2. Tulisen paugerane tembang durma ing dhuwur !

Wangsulan: …………………………………………………………………………….

3. Sebutna wateke tembang Durma?

Wangsulan: …………………………………………………………………………….

4. Sebutna sasmitane tembang durma!

Wangsulan:...................................................................................................................

5. Apa tegese tembung nyuda dhahar lan guling?

Wangsulan: ………………………………………………………………………….

6. Kanggo ngedohi durgama/ godha manungsa kudu keprimen?

Wangsulan : ..................................................................................................................

7. Sebutna larangan telung prakara kang disebut ing tembang durma sing kudu dingerteni

lan didohi nenng awake dhewek!

Wangsulan : ...................................................................................................................

8. Manut tembang durma ing pada 1 ing dhuwur, apa tujuane prihatin kathi nyuda mangan

lan turu?

Wangsulan : ...................................................................................................................

9. Apa tegese murba masesa ing alam kabir?

Wangsulan : ...................................................................................................................

10. Apa isine pada siji tembang Dhandhanggula kasebut ?

Wangsulan : ...................................................................................................................


C. Nulis Tembang Durma

a. Cara Gawe Tembang

Jajal gatekna carane gawe tembang macapat:

1. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep digawe tembang.

2. Temtokna tembang apa sing arep digawe, apa Dhandhanggula, Mijil, Pocung

Maskumambang lan liya-liyane. Kudu ngerti wateke tembang-tembang

macapat sing cacahe ana 11.

3. Tulisen guru gatra, guru wilangan lan guru lagune.

4. Gawenen ukara-ukara kang salaras karo paugerane tembang.

5. Titinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara kang dipilih, lan kudu cocok

karopaugerane tembang sing wis digawe.



Gladhen

1. Tulisen tembang durma kanthi tema bebas nganggo cara kang wis diterangna ing

dhuwur !

 Undherane gagasan : ...........................................................................................

 Isine pesen : ...........................................................................................

 ...........................................................................................

 Tembang : ...........................................................................................

 ...........................................................................................

...........................................................................................

...........................................................................................

...........................................................................................

...........................................................................................

...........................................................................................


Posting Komentar untuk "Tembang Durma Kelas 9"