Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tembang Kinanthi Kelas 8

 Serat Wulangreh





Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun

Kanjeng Susuhunan (SISKS) Pakubuwana IV

kuwe raja neng Keraton Surakarta .

Panjenengane uga minangka pujangga winasis

kang nganggit buku sing ditulis nganggo aksara

Jawa lan wujude tembang. Buku anggitane

yakuwe Serat Wulangreh, Serat Wulang Sunu,

Serat Wulang Putri, Serat Wulang Tata

Krama,

Donga Kabulla Mataram, Cipta Waskita, Panji Sekar, Panji Raras, Panji

Dhadhap, Serat Sasana Prabu, lan Serat Polah Muna Muni. Buku anggitan

Pakubuwana IV kang kawentar yakuwe Serat Wulangreh lan Serat Wulangsunu,

kang isine pituture panjenengane marang putra putrine supaya bisa dadi manungsa

kang utama ing satengahe bebrayan.

Serat Wulangreh asale sekang tembung wulang lan reh. Wulang tegese

wulangan utawa pitutur lan reh tegese pranatan utawa tatanan. Dadi Wulangreh bisa

ditegesi yakuwe pitutur bab pranatan utawa tatanan, becik kanggo pribadi, kanggo

urip bebrayan uga kanggo pranatan urip sing lewih gedhe maning.

Isi serat Wulangreh kaperang dadi 13 pupuh. Pupuh yakuwe klumpukan

tembang kang padha ing sajroning anggitan/karangan. Pupuh tembang kang ana ing

Serat Wulangreh yakuwe Dhandhanggula, Kinanthi, Gambuh, Pangkur,

Maskumambang, Dhudhukwuluh, Durma, Wirangrong, Pocung, Mijil,

Asmaradhana, Sinom, lan Girisa.

Pupuh II Serat Wulangreh isine Tembang Macapat Kinanthi, kang cacahe ana

16 pada (bait). Kinanthi kuwe salah sijine tembang macapat sing umume dienggo

nggambarna rasa seneng, katresnan lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduweni teges

gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana sing

nggandhengaken Kinanthi karo Maskumambang. Yen Maskumambang kanggo

wong lanang kang lagi dewasa, Kinanthi kanggo wanita. Kinanthi sekang tembung kanthi lan tuntun sing tegese dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan neng

alam ndonya.


1. Tembang Macapat Kinanthi

Tembang Kinanthi kalebu tembang macapat, mulane nduweni pathokan utawa

paugeran sing gumathok.Paugeran tembang macapat yakuwe guru gatra, guru

wilangan lan guru lagu. Guru gatra yakuwe cacahe gatra/larik saben

sapada/sabait. Guru wilangan yakuwe cacahing wanda/wilangan (suku kata)

saben gatra/larik. Guru lagu yakuwe tibaning swara (dhong dhing) neng saben

pungkasan gatra.

a. Paugeran tembang Kinanthi yakuwe:

Guru gatrane ana 6 gatra,

Guru wilangan, gatra 1: 8, gatra 2: 8, gatra 3: 8, gatra 4: 8, gatra 5: 8, gatra 6: 8,

Guru lagune gatra 1: u, gatra 2: i, gatra 3: a, gatra 4: i, gatra 5: a, gatra 6: i.

Lumrahe katulis 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.

b. Wateke tembang Kinanthi kuwe seneng, tresna asih, mituturi, nuladhani.

Gunane kanggo aweh pitutur lan crita kang nudhuhna rasa tresna asih.

c. Sasmitane tembang Kinanthi yakuwe kinanthi, kanthi, gandheng lan kanthil.

d. Falsafahe tembang Kinanthi yakuwe kanggo tuntunan supaya bisa mlaku

neng panguripan alam donya.


1. Tembang Macapat Kinanthi

Tembang Kinanthi kalebu tembang macapat, mulane nduweni pathokan utawa

paugeran sing gumathok.Paugeran tembang macapat yakuwe guru gatra, guru

wilangan lan guru lagu. Guru gatra yakuwe cacahe gatra/larik saben

sapada/sabait. Guru wilangan yakuwe cacahing wanda/wilangan (suku kata)

saben gatra/larik. Guru lagu yakuwe tibaning swara (dhong dhing) neng saben

pungkasan gatra.

a. Paugeran tembang Kinanthi yakuwe:

Guru gatrane ana 6 gatra,

Guru wilangan, gatra 1: 8, gatra 2: 8, gatra 3: 8, gatra 4: 8, gatra 5: 8, gatra 6: 8,

Guru lagune gatra 1: u, gatra 2: i, gatra 3: a, gatra 4: i, gatra 5: a, gatra 6: i.

Lumrahe katulis 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.

b. Wateke tembang Kinanthi kuwe seneng, tresna asih, mituturi, nuladhani.

Gunane kanggo aweh pitutur lan crita kang nudhuhna rasa tresna asih.

c. Sasmitane tembang Kinanthi yakuwe kinanthi, kanthi, gandheng lan kanthil.

d. Falsafahe tembang Kinanthi yakuwe kanggo tuntunan supaya bisa mlaku

neng panguripan alam donya.

2. CAKEPAN/SYAIR TEMBANG KINANTHI

PUPUH II

K I N A N T H I



Terjemahan nganggo bahasa Jawa

Padha debiyasakna ngasah kalbu/batin, supaya pikiranmu landhep nangkep
pratandha/isyarat, aja mung seneng mangan lan turu, rengkuhen watek
kepahlawanan, gladhenana/latihana awakmu kanthi cara ngurangi mangan lan turu

Terjemahan nganggo bahasa Indonesia

Kalian biasakanlah mengasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat,
jangan hanya selalu makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah
dirimu dengan mengurangi makan dan minum.




Terjemahan nganggo bahasa Jawa

Dadiya minangka lelakonmu (solah bawamu), nyuda mangan lan turu, lan aja
senenge foya-foya, nggunakna seprelune bae ( prasaja), wong sing wateke seneng
foya-foya kuwe watek sing ala, bakal nyuda kewaspadhaane batin.

Terjemahan nganggo bahasa Indonesia

Jadikan sebagai lelakon,kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora,
gunakan seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah
berkurangnya kepekaan batin.




Terjemahan nganggo bahasa Jawa 

Yen wis detakdirna dadi wong agung(gedhe/duwe jabatan) aja gumedhe (sombong), aja cedhek-cedhek karo wong sing wateke ala, sing tumindak ala, sebab bakal nular. 

Terjemahan nganggo bahasa Indonesia 

Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik, sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan menular padamu. 




Posting Komentar untuk "Tembang Kinanthi Kelas 8"