Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Legenda

 

Crita rakyat uga sering kasebut dongeng. Crita kiye lumrahe mung kanggo nglelipur para bocah sing arep mapan turu, utawa kanggo bahan omongan kalane  wong padha nganggur. Isi crita rakyat ngemu pitutur kanggo urip neng satengahing bebrayan agung.





Ciri-ciri cerita rakyat:

a.       Ora kecantum jeneng pengarange (anonim).

b.      Cerita rakyat duwe ragam variasi lan versi.

c.       Critane ngrembaka liwat lisan dudu tulisan.

d.      Sumber lan panganggit crita ora dengerteni.

e.       Cerita rakyat sifate tradisional.

f.       Cerita rakyat ngemot unsur nilai-nilai kang luhur.

g.      Kisah neng sajerone crita sifate turun temurun.

h.      Cara ngungkapna crita nduweni wujud klise. 

Jenis-jenis cerita rakyat:

1.      Legendha yakuwe crita kang ana gegayutane karo dumadining alam utawi  asal-usul sawijining panggonan.  Tuladhane : Asal-usul Purbalingga, Asal-usul Gunung Slamet,  Tangkubanperahu.

2.      Mite yakuwe crita kang ana gegayutane karo kepercayaan jaman kuna, kang  nyritakake alam lelembut, paragane manungsa utawa setengah manungsa bisa  uga dewa dewi.  Tuladhane : Carita Nyai Rara Kidul, Jaka Tarub. 

3.      Sage yakuwe dongeng kang nyritakaken lan nggambaraken tokoh istimewa. Critane wor suh karo crita kepahlawanan. Tokoh tansah dipuja-puja awit kasektene uga jasane.  Tuladhane : Dongeng Rara Jonggrang, Ken Arok, Raden Banjarsari.

4.      Fabel yakuwe dongeng kang nyritakaken para kewan. Tuladhane : Kancil lan Timun

5.      Epos utawa wiracarita yakuwe cerita kepahlawanan. Tuladhane : Mahabarata lan Ramayana.

6.      Dongeng Lugu yakuwe dongeng kang isine sarwa aneh, nyleneh lan ora tinemu  nalar.  Tuladhane : Timun Mas, Cindhe Laras, Jaka Kendhil, lsp.

7.      Legendha

 

LEGENDHA

Neng wulangan iki kang dibahas kanthi tlesih yakuwe materi legendha. Legendha kuwe asale sekang bahasa Latin “legere” yakuwe cerita rakyat sing  deanggep neng wong sing gawe cerita kuwe bener-bener nyata kedadeane.  Ana sing nganggep legendha minangka sejarah kolektif utawa folk history.  Jalaran ora duwe cathetan sing objektif . Kisah legendha/dongeng kiye wis  ngalami distorsi. Dadi ora sethithik crita sing beda adoh karo asline, ana sing detambahi lan ana sing dekurangi.

Crita legendha bisa dejlentrehna yakuwe crita rakyat arupa gancaran sing  nyritakaken asal-usul utawa dumadine sawijining papan panggonan. Legendha  isine deanggep nyata utawa bener-bener ana. Legendha mujudna crita rakyat sing  pambiwarane mung sarana gethok tular. Dadi menawa degoleti sumber wacan lan  sapa sing nulis ora bakal ketemu. Mula crita legendha sok dumadi pirang-pirang  werna. Critane mokal, nanging detemokna buktine, utawa bukti sing ana dientha[1]entha crita asal usule mungguh nuwuhaken panemu sing wigati dadi wingit lan kebek wewadi. Legendha bisa uga dadi sumber semangat para warga kepara tumeka neng tatanan praja, krana dianggep duwe parbawa sing gedhe. Mula, crita cikal bakale sawijining dhaerah lumrah delebokna neng lembaran pemerintah desa. Tumrap bener lupute sumber lan critane bali maning maring wargane dhewek. Percaya kena, ora ya kena.

 

1. Teks Legenda 1

 

SEJARAH MADEGE KABUPATEN PURBALINGGA

 

Cikal bakal Purbalingga diwiwiti saka sawijining paraga sing duwe asma Kyai  Tepusrumput utawa Adipati Onje I. Neng sawijining dina, wektu Kyai  Tepusrumput lagi tapa neng ngisor wit Jatiwangi, panjenengane kerawuhan  priyayi kakung sepuh sing kagungan asma Kyai Kantaraga. Kyai Kantaraga  ndhawuhi Kyai Tepusrumput supaya tapa ing ngisore wit Pule suwene 40 dina. Sewise dhawuhe ditindakna, yakuwe tapa 40 dina, Kyai Tepusrumput  pikantuk ali-ali emas kang duwe jeneng ali-ali Socaludira.

Ali-ali kuwe jebulane  kagungane Sultan Pajang sing ilang. Amarga ngerti yen ali-ali Socaludira kuwe  kagungane Sultan Pajang sing ilang, banjur Kyai Tepusrumput ngaturaken ali-ali  kasebut maring Sultan Pajang. Amarga saking senenge ali-aline ketemu, banjur  Sultan Pajang maringi bebungah maring Kyai Tepusrumput yakuwe awujud Putri  Triman sing lagi mbobot 4 sasi. Sawise tekan titi mangsane, Putri Triman mau nglairaken jabang bayi kakung lan  banjur dipasrahaken maning maring Sultan Pajang. Nanging, dening Sultan  Pajang bayi kasebut dipasrahna maning marang Kyai Tepusrumput dadia putrane  lan diparingi nama Kyai Ageng Ore-Ore. Sawise diwasa Kyai Ageng Ore-Ore  ngganteni kalungguhane Kyai Tepusrumput dadi Adipati kanthi gelar Kyai Adipati  Anyakrapati utawa Adipati Onje II.

Adipati Anyakrapati utawa Adipati Onje II duwe garwa loro. Garwa sing  sepisan asale sekang Cipaku lan duwe putra cacah loro, yakuwe Raden Cakra  Kusuma lan Raden Mangunjaya. Garwa sing ke loro asale sekang Pasir Luhur lan duwe putra cacah loro wadon kabeh. Amarga garwa kekarone sering banget padu, pungkasane Adipati Onje mateni garwa kekarone. Banjur panjenengane krama maning karo putrane Adipati Arenan kang duwe asma Nyai Pingen. Sekang garwa ketelu kiye, Adipati Onje kagungan putra sing dijenengi Arsakusuma sing banjur diganti jenenge dadi Kyai Arsantaka. Sawise diwasa, Kyai Arsantaka didadekna demang neng Kademangan Pagendholan.

Panjenengane kagungan garwa cacah loro. Garwa sing sepisan  asmane Nyai Merden lan kagungan putra lima yakuwe Nyai Arsamenggala, Kyai  Dipayuda, Kyai Arsayuda, Mas Ranamenggala, lan Nyai Pancaprana. Banjur garwa ke loro asmane Nyai Kedung Lumbu kagungan putra siji yakuwe Mas Candrawijaya. Nalika melu mimpin Perang Jenar, Kyai Arsantaka kasil nemokna lan nggawa Kunarpane Adipati Karanglewas Tumenggung Dipayuda I maring Banyumas. Dening Adipati Banyumas, Tumenggung Yudanegara II, panjenengane diparingi bebungahe yakuwe putra ketelune Kyai Arsantaka sing asmane Kyai Arsayuda didadekna putra mantu Adipati Banyumas lan didadekna Patih neng Karanglewas, sing dipimpin dening Tumenggung Dipayuda II. Nalika Tumenggung Dipayuda II seda, Patih Kyai Arsayuda ngganteni dadi bupati kanthi gelar Tumenggung Dipayuda III. Wektu Tumenggung Dipayuda III mimpin pamarentahan ana kedadeyan kang dianggep monumental yakuwe Ibu kota Kabupaten sing sedurunge ana neng Karanglewas dipindah maring desa Purbalingga. Merga prastawa kiye sateruse kawentar dadi Kabupaten Purbalingga.Kabupaten Purbalingga kuwe pangarsane bisa diurutna wiwit sekang bupati sing sepisanan nglenggahi neng Purbalingga yakuwe:

1. R. Tumenggung Dipayuda III ( 1759 – 1787 )

2. R. Tumenggung Dipakusuma 

3. R. Tumenggung Bratasoedira (24 Juni 1830)

4. R. Tumenggung Taruna Kusuma I (1 Agustus 1830)

5. R. Tumenggung Dipa Kusuma II ( 22 Agustus 1831)

6. R. Adipati Dipa Kusuma III ( 7 Agustus 1846)

7. R. Tumenggung Dipa Kusuma IV( 4 September 1869)

8. R. Tumenggung Dipa Kusuma V( 14 Februari 1868) 

9. R. Brotodimedjo ( 20 November 1893 – 13 September 1899)

10. R. Tumenggung Adipati Dipa Kusuma VI ( 13 September 1899)

11. K.R.A.A. Soegondo ( 29 Oktober 1925)

Sewise kekuasaan K.R.A.A. Soegondo rampung, ana kekosongan kekuasaan. 

Banjur sewise Indonesia merdeka, Bupati Purbalingga diangkat dening DPRD, 

kanthi urutan:

12. Mas Soeyoto ( 1946-1947)

13. R. Mas Kartono ( 1947-1950)

14. R. Oetoyo Koesoemo ( 1950 – 1954)

15. R. Hadisoekmo (1954 – 1960)

16. R. Mohammad Soedjadi ( 1960 – 1967)

17. R. Bambang Moerdharmo, S.H. ( 1967 – 1973)

18. Letkol PSK Goentoer Daryono ( 1973 – 1979 )

19. Drs. Soetarno ( 1979 – 1984)

20. Drs. Soekirman ( 1984 – 1989)

21. Drs. Soelarno ( 1989 – 1999 ) 

22. Drs. H.Triyono Budi Sasongko, M.Si + Drs. Soetarto Rahmat ( 2000 – 2005 )

23. Drs. H. Triyono Budi Sasongko, M.Si + Drs. Heru Soedjatmoko, M.Si (2005– 

2010)

24. Drs. Heru Soedjatmoko, M.Si + Drs. Soekento Ridho Marhaendriyanto, M.Si ( 

2010 – 2013)

25. Drs. Soekento Ridho Marhaendriyanto, M.Si + Tasdi, S.H.,M.M. ( 2013 – 

2015)

26. Tasdi, S.H.,M.M.+ Dyah Hayuning Pratiwi, S.E., B. Econ. ( 2015 -2019 )

27. Dyah Hayuning Pratiwi, S.E., B. Econ. (2019-2020)


Posting Komentar untuk "Legenda "