Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

ASAL-USUL NAMI DESA SERAYU LARANGAN Kelas 8

 Teks Legendha 3

ASAL-USUL NAMI DESA SERAYU LARANGAN




Ing satunggaling dhusun ing dhaerah ingkang cengkar wonten kulawarga

ingkang naminipun Darakusuma nggadhahi garwa Erawati. Gesangipun

Darmakusuma tentrem napa malih seniki garwanipun saweg mbobot. Nanging

Darmakusuma sumelang mriksani garwanipun, “Napa ingkang diraosaken garwaku?”

ngedikanipun Darmakusuma, “Menawi putranipun lair, nanging daerahipun cengkar

angel madosi toya, kados pundi nasib putranipun kita?”. Kanthi kebak katresnan

Darmakusuma maringi pangertosan dhumateng garwanipun lan nglipur Erawati,

supados mboten sumelang.

Darmakusuma lajeng mbudidaya madosi tuk. Saben panggenan sampun

dipundhatengi, dumugi Pring Sedhapur Sangkanayu lan daerah Talagening. Nanging

tetep mboten wonten toya, ngantos pinten-pinten dinten. Ngantos garwanipun lairan,

tetep mboten angsal toya, kejawi toya ingkang wonten cekap kangge masak lan

nginum.

Darmakusuma pupus manahipun, ing penggalihipun ngendika, “Angger nyong

gelem usaha lan ndonga kang khusuk mesthi Gusti Allah bakal nyembadani

panyuwunku.” Ing wekdal ingkang sepi, Darmakusuma semedi nyenyuwun

pitulungan dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos supados menapa ingkang

dipunsuwun dipunkabulaken inggih kabetahan toya. Dumadakan dhateng tiyang jaler

ingkang ngaku naminipun Sabdaita. Tiyang jaler menika maringi pamrayogi supados

bayinipun diasta medal lan embing-embingipun dikethok. Darmakusuma nindakake

pamrayogi kasebut. Nalika embing-embing dikethok, dumadakan medal toya saking

puser bayi, amargi kaget embing-embinge dhawah teng toya punika.

Sesampune depriksani, tuk punika wonten kalih. Ingkang setunggal diparingi

nami “Tuk Lanang”, amargi toyanipun deres lan setunggalipun malih diparingi nami

“Tuk Dandang” amargi tuk punika kados caruk. Embing-embingipun ingkang dhawah

lan karandhem ing tuk punika damel mambu amis/arus. Nanging toyanipun mboten

mambet lan tetep bening. Amargi wonten mambu amis, dhaerah punika kondhanng

kanthi nami dhusun Arus.

Darmakusuma ngraos lega lan kasembadan usahanipun, kangge raos atur panuwun mila Mbah sabdaita dipunaturi panggenan wonteng ing Ciputut. Mbah

Sabdaita ngraos remen manggen wonten griya kasebut. Dipuntanem wit wringin kalih

ingkang tuwuh subur, saengga panggenan punika kondhang kanthi sebutan “Waringin

Jajar”.

Ilining toya saking tuk arus dados kalih lan di paringi nami kali Arus,

dipunginakaken ngileni lepen dipuneneraken ngidul keleres saking sisih kidul wonten

kali saking Campakoah. Amargi lepen punika nglangkungi alas Jati saengga

dipunsebat Pejaten.

Usaha Darmakusuma mbangun dipunbantu Mbah Sabdaita kanthi cara

dipunkedhuk utawi disusuk. Ngantos pinten-pinten dinten pakarya punika

dipuntindakaken ngantos lepen punika rampung lan diparingi nami “Susukan

Pejaten”. Mriksani pedamelanipun sampun rampung Darmakusuma ngraos remen lan

mongkog, kangge raos syukuripun diwontenaken slametan. Ingkang diaturi rawuh

menika Kanjeng Bupati Purbalingga. Ing sambutanipun Kanjeng Bupati ngaturaken

“selamet” dhumateng penduduk utawi warga. “Sira Rahayu” ingkang gadah arti

panjenengan selamet. Tetembungan punika ditirukaken sedaya penduduk ingkang

rawuh dados “Serayu utawi Sesaya”.

Kejawi maringi ucapan “Selamat” Bupati Purbalingga mrayogikaken supados

Susukan-Pejaten diginakaken dening penduduk bagian wetan, dene penduduk bagian

ler ngginakaken lepen Arus. Masyarakat nampi napa ingkang dingendikakaken Bupati

Purbalingga. Wonten pepali utawi larangan ingkang kuat utawi dipitadosi dening

masyarakat. Amargi dhusun dereng gadhah nami, pramila diparingi nami “Serayu

Larangan”. Serayu saking tembung sira rahayu ingkang tegese panjenengan selamet.

Larangan utawi pepali nggadhahi teges menawi panjenengan kepengin slamet kejawi

nglampahi kesaenan kedah nebihi larangan. Nami dusun Serayu Larangan

dipunsarujuki dening masyarakat.

Kemakmuran dhusun Serayu Larangan nyebabaken Sasrakusuma saking

penduduk Gung Ilang ing dhusun Serang nggadhahi rasa iri. Sasrakusuma usaha

kepengin ngganggu lan mungsuhi Darmakusuma. Wusanane dumados perang antara

Sasrakusuma kaliyan Darmakusuma ingkang dibantu dening Mbah Sabdaita. Perang

dimenangaken dening Darmakusuma.













Posting Komentar untuk "ASAL-USUL NAMI DESA SERAYU LARANGAN Kelas 8"