Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Sesorah kelas 9

 Teks Sesorah utawa pidato 2.




Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Dhumateng bapak Kepala SMP Negeri 1 Karangpawiyatan ingkang satuhu

kula bekteni,Bapak ibu guru lan Karyawan SMP Negeri 1 Karangpawiyatan ingkang

pantes sinuba ing pakurmatan.Saha dhumateng recang-rencang kelas pitu dumugi

kelas sanga ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur dhateng

ngarsane Allah SWT, ingkang sampun paring kesarasan, kawilujengan, saha

kalodhangan dhumateng kita sedaya, saengga teng enjing niki kita saged makempal

teng plataran sekolah menika. Ing dinten punika keparenga kula matur minangka wakil

pangarsa OSIS, kula badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi Lingkungan

Sekolah” kangge ngadhepi lomba kebersihan lingkungan sekolah.

Rencang-rencang, mengertosa menawi lingkungan punika papan gesang

kagem sedaya titah gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan

kita supados kita saged gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari

lingkungan inggih punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged dipunwiwiti

saking perkawis-perkawis ingkang alit. Ananging katinggal awrat sanget dipun

lampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing pangggenanipun. Sak punika kesadaran

kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget.

Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtahruntah ingkang sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik unjukan

utawikertas. Kamangka panggenan runtah ingkang dipun cawisaken sekolah sampun

nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan runtah. Nanging mboten

wonten panggenanipun saking kita kangge mbucal runtah wonten panggenanipun

minangka wujud njagi karesikan lingkungan sekolah kita.

Kejawi mbucal runtah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket kelas

minangka lelaku njagi karesikan. Mekaten kemawon ingkang saged kula aturaken,

mugi-mugi saged migunani kangge kita sedaya ugi mugi-mugi Allah SWT tansah

ngreksa kasarasan kita sedaya. Nyuwun pangapunten menawi wonten klintune atur,

amargi kula namung manungsa ingkang mboten luput saking kalepatan. Nuwun.

Wassalaamu'alaikum Wr. Wb.


GLADHEN


a. Tulisen perangan/struktur teks wacana sesorah adhedhasar teks sesorah/pidhato 

ndhuwur kuwe?

.......................................................................................................................................

.......................................................................................................................................

.......................................................................................................................................

.......................................................................................................................................

Wangsulana pitakon-pitakon ngisor kiye adhedhasar teks wanaca pidhato ing dhuwur!

1. Sapa sing nindakaken sesorah neng wacana dhuwur ?

Wangsulan : ...........................................................................................................

................................................................................................................................

2. Tanggap wacana ndhuwur kuwe ditindakake neng kegiatan apa ?

Wangsulan: ............................................................................................................

................................................................................................................................

3. Sapa bae sing ngrawuhi sesorah kasebut ?

Wangsulan: .............................................................................................................

................................................................................................................................

4. Tulisen apa bae sing diandharaken neng perangan isi sesorah dhuwur kuwe !

Wangsulan: .............................................................................................................

.................................................................................................................................

5. Tulisen perangan panutupe teks sesorah dhuwur kuwe !

Wangsulan : ............................................................................................................

................................................................................................................................




Teks Sesorah / sesorah utawa pidato 3.

Assalamualaikum wr wb

Ingkang kinurmatan para pinisepuh, para sesepuh, saha para rawuh kakung

sumawanaputri inkang pantes sinudarsana

Minangka purwakaning atur sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur

ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Mahawikan dene ing wekdal punika kita taksih

pinaringan berkah saha hidayah saengga saged makempal ing papan ngriki kanthi kebak

kabagyan lan kabagaswaran.

Nuwun sewu, nyuwun pangapunten saking kalepatan kula dene kula cumanthaka

marak mangarsa saha hangempil kamardikan panjenengan ingkang saweg wawan

pangandikan. Inggih jalaran awrat jejibahan luhur. Kula piniji minangka duta saraya

saking Bapak ibu Surya Alam ingkang kadhawuhan nglarapaken calon penganten

kakung, anakmas Bagus Priambada mugi katur Bapak Dimas Sasangka sekeluwarga.

Dhumateng Bapak Candra Sasangka ingkang jumeneng hangembani talang atur

minangka sulih saking Bapak Ibu Dimas Sasangka, mugia kersa nampi sagunging

pakurmatan ingkang kula atuaraken.

Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan 

Buku Basaku Penginyongan Kelas 9 Semester Genap 20/21 39

inggih punika :

Ingkang angka setunggal, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene Bapak Ibu

Surya Alam boten saged nindakaken piyambak masrahaken putranipun calon penganten

kakung jalaran ing wekdal punika nemba nyandhang kabingahan pindha pikantuk

cepaka sewakul saha kejugrugan gunung menyan awit badhe palakraminipun ingkang

putra. Pramila panjenenganipun namung saged ngaturaken salam taklim mugi katur ing

Bapak Ibu Dimas Sasangka lumantar kula. Kanthi pepuji mugi rahmating Gusti Kang

Mahawikan tansah wonten ing kulawarga Bapak Ibu Dimas Sasangka lan tetepa

winengku ing suka basuki.

Kaping kalih, kula kadhawuhan masrahaken calon penganten kakung pun Bagus

Priambada, atmaja kakung saking Bapak Ibu Surya Alam ingkang pidalem ing Citra

Kusuma, Mrebet, Purbalingga ingkang badhe kadhaupaken kaliyan Nimas Ayu

Sekarsari kenya putrinipun

Bapak Ibu Dimas Sasangka. Mugi-mugi tumapaking ijab mangke lumampah

kanthi lulus raharja, saged atut runtut ayem tentrem bagya mulya ingkang sinedya.

Ingkang pungkasan, kula nglenggana anggen kula nglarapaken sowanipun calon

penganten kakung kathah kirang ing subasita, tata krami tuwin kathah kekirangan ing

tetembungan mugi kersaa panjengan nglunturaken samodra pangaksami.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.



Basa Rinengga

1. Pangerten Basa Rinengga

Basa Rinenga yakuwe basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung
karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan ngresepake ati. Basa
Rinengga biasane digawe neng acara pedhalangan, pranata cara (sambutan
temanten, pengetan taun anyar lsp) utawa basa rinengga yakuwe karangan sing
kalebu susastra rinacik nganggo basa sing endah. Endahing karangan kasawang sarana isi sing narik kawigaten lan nyenengaken, sarta basa sing edi peni. Edi
penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapna.
Racikaning basa sing edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna
rerengganing basa. Kajaba merga endahing basa, karangan katon endah merga apik
pangrakite, laras pangrumpakane. Kuwe katon neng prakara runtut lan mathis
panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan merga cocog pamilihing
tembung. Upamane bab anggone migunakaken tembung camboran, tembung
saroja, tembung entar, utawa dasanamaning tembung, lsp.. Lewih-lewih bab
pamilihing tembung lan kridhaning swara neng sajroning ukara. Kadhang kala
endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa.

2. Tujuan Basa Rinengga :
Sing dadi ancas (tujuan) digunakaken basa rinengga yakuwe kanggo nambahi
kaendahaning ukara(pepaes).

3. Carane macak utawa majang basa rinengga sing wigati ana werna loro
1) Nganggo undha usuke basa sing baku, jangkep, sing akeh nganggo basa krama
alus.
2) Milih tembung-tembung sing dirasa lewih endah,kayata :
a. Tembung baku dudu tembung pacelathon
b. Tembung basa jawi deles, dudu tembung sekang basa manca.
c. Tembung sopan dudu tembung lugu.
d. Tembung andhahan kang rimbage karasa endah.
e. Migunakake tembung-tembung kawi
4. Tuladha sing kalebu basa rinengga

a. TEMBUNG SAROJA

Yakuwe tembung loro sing tegese padha utawa meh padha dienggo bebarengan
kanggo mbangetaken tegese.
Tuladhane:
Tiyang gesang niku watake ewah gingsir.
Piwelingku bae sing apik tindak-tandukmu.
Katrangan :
# Ewah :salin kahanan, beda karo maune
# Gingsir : owah, mleset
# ewah gingsir :molah-malih kahanan, ora ajeg
# tindak : jangkah
# tanduk : patrap anggone tumandang, pratingkah
# tindak tanduk : solah tingkah

b. TEMBUNG ENTAR

Yakuwe tembung sing tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan). Utawa
tembungsing ora kena ditegesi sewantahe (saanane) baé.
Tuladhane :
# Para warga pada wedi merga ana wong lara owah.
# Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng merga tipis lambene.

UNGGAH-UNGGUH BASA
Owahana teks wacana ing ngisor kiye nganggo basa krama alus !

BATIK

Jaman sekiye jenis batik Banyumas wis akeh sing duwe ing masyarakat
Banyumas, pusat pabrike sing paling akeh neng daerah Sokaraja. Sokaraja uga
kondhang getuk gorenge, nanging ing dhaeerah Banyumas dhewek ana sing gawe lan
nyedhiyakna batik Banyumas. Motife werna-werna lan regane macem-macem, larang
murahe tergantung bahan karo batike.
Anane batik motif Banyumas kuwe miturut critane, kuwe tinggalane sekang
pengikute Pangeran Diponegoro. Pas Jaman peperangan gemiyen rikala taun 1825-
1830 M, ana pengikut sing mlayu maring ngulan lan sing akhire manggon ing tlatah
Banyumas. Ana pengikut sing terkenal sing jenenge Najendra.


( K a p e t h i k s a k a h t t p s: / / m a s m u  d . c o m / c o n t o h - a rt i k e l- b a h a s a -
jawa/#Artikel_Bahasa_Jawa_Tentang_Kebudayaankanthi owah-owahan saperlune)



Posting Komentar untuk "Sesorah kelas 9"