Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pacelathon (Percakapan Bahasa Jawa)



Pacelathon asale sekang tembung lingga celathu sing tegese omongan utawa  guneman. Pacelathon yakuwe guneman antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro,  telu, utawa luwih kang lagi rembugan sawijining bab. Pacelathon kuwe biasane katindakake dening: bocah cilik karo bocah  cilik,bocah cilik karo bocah sing wis diwasa, bocah cilik karo wong tuwa, diwasa  karo diwasa, wong tuwa karo diwasa, wong tuwa karo wong tuwa, anak karo wong  tuwa, siswa karo guru, lan liya-liyane.

Basa sing degunakake nalika pacelathon umpamane:

1. Bocah cilik karo bocah cilik ( ngoko lugu)

2. Diwasa karo diwasa (ngoko lugu)

3. Diwasa karo sepuh ( krama alus)

4. Wong tuwa karo wong tuwa ( krama alus/ ngoko alus), lan sapiturute.

Budi pekerti sing kudu degatekna nalika lagi pacelathon, antarane:

1. Guneman ora waton guneman, ningen guneman kudu nganggo waton/ aturan.

2. Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga kudu nganggo waton.

3. Swarane, banter lirihe becik nganggo waton.

4. Polatan ( pasuryan ) uga nganggo waton.

5. Intonasi (dhuwur endhepe swara) uga nganggo waton, ora kudu nggero-nggero.


Dadi budi pekertine wong guneman lan tumindak apa bae, apike eling  marang empan papan.  Coba gatekna banjur wacanen kanthi intonasi sing trep tuladha pacelathonpacelathon neng ngisorkiye !

1Pacelathon Mertamu ( Ragam krama alus lan Ngoko alus)


Ani : “Assalamu alaikum...., assalamu alaikum..., kula nuwun Pak.. Bu...?”

Ibu Dewi : “Wa alaikum salam.., eh.. Mbak Ani.., mangga pinarak !”

Ani : “Inggih Bu Dewi..., maturnuwun, pangapunten mbok menawi ngganggu 

Ibu saweg lelenggahan.”

Ibu Dewi : “ Ora ...ora kok, wong mung lagi santai karo nonton tivi.”

Ani : “ Nuwun sewu Ibu, kula sowan dhateng dalem panjenengan amargi kala 

wingi kula maos wonten selebaran poster, menawi samenika dipunbikak 

pendaftaran les tari wonten sanggar tari ibu, menapa leres informasimenika Bu?”

Ibu Dewi : “Oh..ya..ya..bener banget Mbak, Ibu mbukak maning pendaftaran tahap 2, 

kae wis mulai ana sing ndaftar. 

Ani : “Nuwun sewu, persyaratane menapa kemawon nggih Bu?” Kula 

kepengin tumut les nari menika, supados gadhah keprigelan teng 

babagan seni, mliginipun seni tari, Bu..”

Ibu Dewi : “Persyaratan pendaftaran ora angel-angel, mung ngisi formulir karo 

ngumpulna foto copy identitas diri, bisa kartu pelajar uga bisa KTP. Ibu 

salut karo bocah-bocah enom sing minat lan duwe kepenginan nyinauni 

tarian tradhisional Mbak....sip!!.”

Ani : “Inggih Bu, kula rumaos remen kaliyan kesenian tari, mliginipun tari Jawa 

lan tradhisional. Tarian ingkang dipungladhi menapa kemawon bu?”

Ibu Dewi : “ Akeh Mbak..., ana tari Gembira, tari Lilin, tari Rumeksa, tari Candhik 

Ayu, tari Kidang, tari Geyol Denok, lan liya-liyane.

Ani : “ Ooo nggih Bu...alhamdulillah..dados mangke saged nyinauni pintenpinten tarian nggih?”

Bu Dewi : “Bener banget kuwe, kiye formulire, diisi ya Mbak..., dina Minggu ngesuk 

mulai tindak neng sanggar...bareng-bareng karo kanca batir gladhi nari 

Jawa, kanggo nguri-uri budaya Jawa sing adhi luhung.”

Ani : “Inggih Bu, matur nuwun sanget, insha Allah dinten Minggu kula pangkat 

kalih mbekta foto copy kartu pelajar. Nuwun sewu kula kinten cekap 

semanten, kula nyuwun pamit. Assalamu alaikum warahmatullohi 

wabarakatuuh.”

Ibu Dewi : “ Ya Mbak padha-padha, wa alaikum salamwarahmatullohi 

wabarakatuuh.”



Posting Komentar untuk "Pacelathon (Percakapan Bahasa Jawa)"