Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Gladhen legenda (2)

Sugeng enjang kagem para siswa, panyinaon dinten sakniki monggo dipun waos malih kanthi permati babagan carios Putri Limbasari banjur garapen gladen sisih ngisor ana ing buku tulis, dipun foto, banjur dikirim wonten GC.



CRITA 1

PUTRI AYU LIMBASARI, SYECH GANDIWASI LAN PATRAWISA

Desa Limbasari manggon neng Kecamatan Bobotsari, 15 km arah ngalor sekang kutha Purbalingga. Neng desa Limbasari akeh potensi temuan peninggalan neolitikum, batik tulis, wisata alam Patrawisa lan nganti tekan legendha Putri Ayu Limbasari.

 

Patrawisa

Patrawisa manggon neng lembah Gunung Tukung lan Gunung Pelana, ndadekna pesona kecantikan alam sing bisa mikat wong-wong sing wis teka maring Patrawisa. Patrawisa kuwe bendungan utawa dam sing mbendung tempuran kali Tuntung Gunung lan kali Wlingi. Ora mung kuwe, ana uga kali-kali sing bening banyune nambahi kaendahan neng kana. Jeneng Patrawisa kuwe dejukut sekang jeneng salah siji cantrik Syech Gandiwasi. Syech Gandiwasi  dadi leluhure Putri Ayu Limbasari.

Gandiwasi Penyebar Islam

Syech Gandiwasi kuwe salah siji tokoh kang nyebarna agama Islam sekang negara Turki. Syech Gandiwasi ngrawuhi Panembahan Senopati neng Mataram kanggo nyuwun ijin nyebarna agama Islam neng Pulo Jawa. Sedurunge tekan neng Desa Limbasari, Syech Gandiwasi nekani panggonan Kedung Belis. Jalaran akeh gangguan makhluk ghaib, piyambake banjur semedi. Panggonan kanggo tapa dearani Dukuh Pamujan. Rekadayane nyenyuwun marang Sang Maha Kuasa ora sia-sia, para jin banjur nyingkir, sing sedurunge padha udag-udagan. Sekang kedadean kuwe banjur ngasilna jeneng wilayah Desa Dagan. Prastawa semisih utawane nyingkirna para jin banjur dadi wilayah Desa Penisihan. Kanggo ngerteni arah sing arep detuju, Syech Gandiwasi banjur numpangaken watu loro sing gedhene seomah kanggo ngerteni kondisi sekang ndhuwur. Panggonan kuwe ana neng tanjakan dhuwur sedurunge Patrawisa,  banjur panggonan kuwe dijenengi Watu Tumpang. Sekang panggonan kuwe, lelampahan delanjutna maring alas sing siki dekenal jeneng Limbasari.

Syech Gandiwasi kagungan putra Ketut Wlingi. Ningen sekang sumber data liya nyebutna yen Ketut Wlingi kuwe murid Syech Gandiwasi sekang Bali teka bareng karo Patrawisa. Ketut Wlingi banjur nggarwa karo Siti Rumbiah, putri sang guru. Dene Patrawisa tilar donya nalika mbangun saluran banyu. Mula kuwe bendungan Limbasari banjur dejenengi Patrawisa.Sekang pernikahane Ketut Wlingi lan Siti Rumbiah banjur kagungan putra Wlingi Kusuma lan Sri Wasiati. Sri Wasiati kiye sing kondhang kanthi julukan Putri Ayu Limbasari.

 

PUTRI AYU LIMBASARI

Sri Wasiati kondhang  ayune, akeh wong kang padha kepincut, kalebu para adipati sing manggon neng sekitar Limbasari. Kabeh padha ngersakna minang Sri Wasiati. Para adipati sing rawuh yakuwe Adipati Wirayuda, Adipati Wiratenaya, Adipati Wirataruna, lan Adipati Wirapraja. 

Lamaran sing teka bebarengan kuwe, ndadekna Sri Wasiati bingung. Jalaran weruh adhi wadon sing lagi kebingungen ngadhepi lamaran para adhipati, Wlingi Kusuma banjur duwe solusi. Sapa bae sing bisa ngalahaken Wlingi Kusuma,  kuwe sing duwe hak mundhut garwa Sri Wasiati. Ningen kepapat Adipati kuwe langka sing bisa ngalahna Wlingi Kusuma. Banjur ana ide  papat adipati ngroyok Wlingi Kusuma. Pungkasane Wlingi Kusuma tiwas kanthi tragis.

Tiwase Wlingi Kusuma nambahi bingung Sri Wasiati. Saengga dheweke mutusna kanggo tapa pendhem neng sacedhake padhepokane nyuwun pitudhuh sekang Gusti. Neng sajerone tapa pendhem kiye, Sri Wasiati ngubur awake neng jero lemah, banjur dewei benang dawa. Angger benang bisa detarik kuwe mratandhakna dheweke esih urip, lan sewalike.

Kurang lewih seminggu Sri Wasiati nglakokna tapa pendhem, nalika benang ora bisa detarik. Lemah panjur dekeduk, keluwarga lan kepapat adipati kaget amarga putri ayu wis ora duwe nyawa. Kepapat adhipati padha ngajog,  nanging wis ora bisa ngowahi kedadean. Alasan Sri Wasiati nglakokna tapa pendhem kuwe sebab angger salah siji adipati dadi garwane, mesthi kondisi desane bakal ora aman. Kuwe wujud pengorbanan Sri Wasiati kanggo masyarakat. Sawise kedadean kuwe kulwarga Putri Ayu Limbasari ninggalna padhepokan banjur nuju maring Srandhil tekan akhir hayat.

Posting Komentar untuk "Gladhen legenda (2)"